Selasa, 03 November 2015

Sholeh & Akrom; Ngangsu Banyu Kahuripan Ing Pesantren


“Ojo Mentas Sakdurunge Mentes”
(Sholeh & Akrom Kaping 50)
oleh: Sahal Japara

Akrom: “Mengko nek lulus arep neruske ning ngendi Leh?”
Sholeh: “Yo mengko ah dipikir mburi.”
Akrom: “Ora nduwe ancang-ancang tah?”
Sholeh: “Yo nduwe tapi iseh tak tutup rapet-rapet neng njero lemari tak kunci. Mengko nek wis wayahe mbukak lagi didudah Lha awakmu neruske ning ngendi Krom?”
Akrom: “Aku pengene sih tetep neruske tapi nek ndelok wong tuwaku aku ora mentolo yo wis aku milih mulih wae ning omah.”
Sholeh: “Ning omah lah opo?”
Akrom: “Yo ngiwang-ngiwangi wong tuwo ah, adik-adiku akeh kok Leh.”
Sholeh: “Oooo ngono yo apik iku. Tapi yo kudu tetep karo ngaji senajan wis ora mondok. Wong ngaji iki ora ono lebare kok. Ibarate koyodene isine endog sing terus lumaku dumadi sempurna. Nek mati lagi lebar. Nek netes lagi metu songko kulite, temuju maring urip kang hakiki.”
Akrom: “Berarti senajan aku wis nyambut gawe ning omah kudu tetep ngaji ya Leh?”
Sholeh: “Iyo to, kudu tetep ngaji ning endi wae kapan wae. Nek awak dewe mandeg ngaji, yo iso-iso endog sing terus lumaku dumadi temuju sempurno mau kopyor alias ora dadi kerono wis adem ora tau diengkremi. Semono ugo ngelmu sing dikaji, nek ora tahu disinauni dimuthola’ahi maneh yo bakale kopyor. Mulane ojo mentas sakdurunge mentes. Ateges ojo mandeg ngaji sakdurunge mati.”
Akrom: “Lha nek terus aku nikah, opo sak bakdane nikah kudu tetep ngaji?”
Sholeh: “Nikah iku dudu alangan kanggo mandeg ngaji Krom. Anane wong iseh gelem ngaji iku ngalamat yen deweke iseh rumongso ino. Pangendikane Habib Luthfi: “Kuwe nggolek ngelmu ning ngendi wae ora opo-opo, sing penting cedak karo ahli thoriqoh, kerono wong sing gelem mlebu thoriqoh iku ngrumangsani yen awake rusoh.”[1]
        “Jajal awakmu amati, kyai-kyaine awak dewe senajan sampun dados tiyang-tiyang ingkang sae, niku iseh tetep wae sinau, iseh tetep pados guru luru ngelmu. Ikilah sing kudu awak dewe tiru Krom. Supoyo opo? Supoyo nalikane Malaikat Izrail ngentas awak dewe iki ing ndalem keadaan wis mentes, ateges mentase utowo matine awak dewe diparingi husnul khotimah. Kerono apik eleke perkoro iku didelok songko pungkasane:
الْأُمُوْرُ بِخَوَاتِيْمِهَا
"Perkara iku gumantung maring pungkasan-pungkasane."
“Nek pungkasane netes kanthi sampurno, dadine urip sak bakdane netes yo bakale mulyo. Nek wayahe netes kok bosok, kopyor, ambune badheg ora enak yo mesthine dibuwak ning sampah neroko. Wis dibuwak ning sampah neroko, ora diparingi nikmate urip kang hakiki, na’udzu billah min dzalik.
Akrom: “Nek ngono mbesuk nek wis muleh aku tak luru guru ngaji ning omah.”
Sholeh: “Guru ora sembarang guru Krom. Kados pesene KH Agus Ali Sidoarjo: “Nek kepengen merkoleh kabegjan ndunyo akhirat: 1. Goleko guru kang waskito 2. Goleko konco kang iso ngelingke maring Pengeran 3. Uripo ning nggone panggonan kang iso mbantu taat maring Pengeran.”[2]
Akrom: “Iyo Leh, tak cekele dhawuhe Gus Ali iki. Guru kang waskito, bolo kang taqwo, lan lingkungan kang biso mbantu ngibadah maring Gusti Allah Kang Moho Kuoso. Wis dungakke wae senajan aku wis ora mondok aku iseh tetep iso ngaji, kumpul karo poro kyai Leh.”
Sholeh: “Dungo dinundo Krom. Sing penting sakiki kudu sregep sinau ben pungkasane awak dewe ono ing Kajen iki dipungkasi kelawan kesaenan, keapikan, keberkahan lan kabegjan… ‘ala niyyatil qabul wa tamaami kulli suul wa ma’muul alfatichah…
Akrom: “Amin… Amin… Amin… Ya robbal ‘alamin…”


[1] Dhawuh punika dipun ceriyosaken deneng KH Ahmad Nadhif Abdul Mujib.
[2] Dhawuh punika dipun ngendikaaken KH Agus Ali Sidoarjo wekdal tahlil wafatipun Simbah Nyai Hajjah Aisyah Abdullah Salam Tahun 2012.

Sholeh & Akrom; Ngangsu Banyu Kahuripan Ing Pesantren



“Santri Kudu Nduwe Prinsip”
(Sholeh & Akrom Kaping 49)
oleh: Sahal Japara

Sholeh: “Sakiki mlepuk leh, nek muleh ora gelem nganggo kopyahan?”
Akrom: “Ora ngono Leh. Aku sungkan nek muleh sarungan kopyahan. Senengane dilorohi tonggo-tonggo: pak ustadz... pak ustadz... ngono.”
Sholeh: “Sungkan diarani santri ta?”
Akrom: “Yo durung siap wae nek sakiki. Mbesuk nek wis netep ning omah tak sarungan kopyahan.”
Sholeh: “Oh ngono, yo dijajal sithik-sithik to. Nek mulai sakiki wis sarungan kopyahan kan mbesuk nek muleh wis ora ono sing nglorohi. Ngendikane Simbah Sahal iki santri kudu nduwe prinsip Krom. Ora gampang katut ngalor-ngidul koyo unthuk. Kudu maju terus nanging isih cekelan dhawuhe wong-wong salaf.[1] Kudu ngikuti perkembangan zaman, ananging identitase kudu dijogo. Nisbate santri, yo kudu tetep kopyahan. Opomaneh kopyah ireng iku dak simbol nasionalisme a Krom? Simbol yen awak dewe iki bangga karo Indonesia. Deloken Pak Soekarno, fotone arang banget sing ora kopyahan. Pak Soekarno iku sing nggagas identitas Indonesia Krom. Mulane kudu dadi panutan. Dhawuhe sing terkenal: “Inggris kita linggis, Amerika kita setrika.” Iki nuduhke yen beliau ora kerso tunduk dadi budake wong-wong londo.”
Akrom: “Sing penting nek pas ning pondok sarungan kopyahan dak wis a Leh?”
Sholeh: “Yo ning pondok yo ning njobo kudu kopyahan to Leh. Salah siji maknane kemerdekaan kanggo cah-cah santri yo iki, bebas nganggo sarung bebas nganggo kopyah tanpo roso isin tur pakewuh karo liyane. Opo artine awak dewe merdeka nek iseh terkungkung budayane wong liyo Krom?”
Akrom: “Tapi nek le ku sarungan kopyahan kepekso dak podo wae opo artine merdeka kanggo aku Leh? Merdeka dak bebas nentukke opo wae tanpo dipengaruhi wong liyo to?”
Sholeh: “Iyo, lha jaremu awakmu ki santri?”
Akrom: “Iyo, tapi santri gaul hehe... masalah mode kan aku gak mau ketinggalan jaman gitu loch.”
Sholeh: “Yo wis ah aku ora arep mekso. Sing penting aku wis ngelingke.”
Akrom: “Yo ojo ndung trus mutung ngono raaa?”
Sholeh: “Hehe ora mutung ah, aku cuman kepengen nuduhke yen santri iki kudu nduwe prinsip. Awakmu ngerti Mahatma Gandhi Krom?”
Akrom: “Eeee wong India sing agamane Hindu iku a?” 
Sholeh: “Iyo, senajan agamane Hindu ananging seneng nek masyarakate rukun, aman, tentrem senajan bedo-bedo agamane. Pacakane Gandhi awakmu ngerti? Lungo ngendi-ngendi ming nganggo kain rong lembar sing diarani “khadi”, persis koyo wong-wong ihrom. Awakmu ngerti kenopo Gandhi meski diundang acara-acara resmi sing sekelas internasional malah isih milih nganggo koyo ngono iku?”
Akrom: “Yo menowo kepengen promosi ning gene wong-wong hehe.”
Sholeh: “Ora masalah promosi tah ora, tapi iki masalah prinsip Krom. Dadi Gandhi iki awale yo nganggo celono nganggo jas wong kuliahe ning Eropa. Tapi sakbakdane beliau pirso yen senajan wis nganggo celono jas sing tiru-tiru wong-wong barat iku iseh wae dianggep koyo budak, beliau mutuske nganggo khadi iku mau. Beliau ora kepengen tunduk karo wong-wong barat. Beliau kepengen nuduhke yen biso merdeka tenanan.”
        “Ora usah adoh-adoh lah, kyai-kyaine awak dewe iki dak yo poro piantun sing kukuh olehe nyepeng prinsipe to? Deloken Matholek Krom. Kawit ndisik zaman Indonesia durung merdeka ora tahu tunduk maring penjajah, sakbakdane merdeka yo ora tunduk maring pemerintah. Amergo opo? Matholek iki nduwe prinsip: nyiapke generasi sing tafaqquh fid-din sholih akrom. Lha nek trus anut penjajah utowo pemerintah, mengko prinsip sing dicekeli suwe-suwe dak luntur.”
Akrom: “Yo wis mbesuk nek muleh tak kopyahan aku, nek sarungan iseh sungkan Leh hehe.”


[1] Punika inggih wasiyatipun Simbah KH MA Sahal Mahfudh kagem para siswa Perguruan Islam Mathali’ul Falah ingkang dipun sampeaken Abah KH Ahmad Nafi’ Abdillah wekdal acara peringatan 100 hari wafat KH MA Sahal Mahfudh ingkang dipun selenggaraaken KMF Pati wonten halaman Perguruan Islam Mathali’ul Falah.

Sholeh & Akrom; Ngangsu Banyu Kahuripan Ing Pesantren



“Netepi Gurumu, Ora Gurune Kancamu”
(Sholeh & Akrom Kaping 48)
oleh: Sahal Japara

Akrom: “Lho sakiki tak amat-amati kok wis ora tahu poso to Leh?”
Sholeh: “Hehe iyo hare Krom.”
Akrom: “Lha emang kenopo kok wis ora? Padahal rumangsaku sakdurung-sakdurunge awakmu koyo-koyo saben ndino  mempeng poso kok.”
Sholeh: “Hehe..”
Akrom: “Lho kok malah ngguya-ngguyu?”
Sholeh: “Iya wong lucu je.”
Akrom: “Lha kenopo emange?”
Sholeh: “Ya kan batinku pengen lakon-lakon poso ndawud. Nek jare kang-kang sing wis podho lakon-lakon iki, nek arep ndawud kudu poso ndalail[1] setahun ndisik.[2] Trus aku sowan Abah, arep nyuwun pangestu.[3]
Akrom: “Nyuwun pangestu arep nyuwun ijazah saking Mbah Basyir?”    
Sholeh: “Iyaaa.”
Akrom: “Trus ora pareng to?”
Sholeh: “Iyo Krom hehe.”
        Aku kan matur: “Abah, nyuwun izin kaleh pangestu badhe nyuwun ijazah siyam ten nggene Mbah Basyir.”
        Abah: “Poso? Wong kuwe ora poso wae ngantukkan kok malah arep poso? Ora usah poso, poso mbendino dak mekruh a?”
Akrom: “Lhaiya awakmu yo lucu, wong gadah kyai kok malah golek ijazah kyai sanes?”
Sholeh: “Lha aku yo podho wae lagi sadar pas wingi diterangke Abah ngaos Ahad[4]:
فَيَنْبَغِيْ لِكُلِّ مُرِيْدٍ أَنْ يَعْمَلَ بِمُقْتَضَى وَارِدِهِ[5]
“Mangka sayogyo tumeraping saben-saben murid supaya ngamal kelawan patrapane perkara kang lumaku ingndalem awake.”
        “Aku lagi sadar nek adabe wong sing luru ngelmu iku kudu netepi opo kang didhawuhke gurune, ora kang didhawuhke gurune kancane. Kudu ngelakoni ngamal kang diutus gurune, ora ngamal kang diutus gurune kancane. Dadi kerono aku mondok Kajen, yo kudu taat kyaiku. Nek kyai ora pareng poso, yo aku ora oleh mekso. Kerono kyaiku yo gadah landasan dewe. Daripada posone ngganggu sinaune mending ora usah, kerono perkoro sunnah ateges poso ora biso ngalahke perkoro wajib yaiku luru ngelmu.[6] Bedho maneh nek aku mondokku ning jekulo nggene Mbah Basyir, aku yo kudu taat nyendikaake dhawuhe Kyaiku, diutus poso yo aku kudu poso senajan kepekso.”
Akrom: “Aku ndung kelingan pas awak dewe ngaji Bulughul Marom kaleh Mbah Sahal Leh.”
Sholeh: “Kelingan opo Krom?”
Akrom: “Pas iku kan ono hadits:
لَا صَامَ مَنْ صَامَ الْأَبَدَ[7]
“Ora poso wongkang poso nahun”
        “Pas nerangke hadits iki, beliau dhawuh: “Mulane iku wis ora usah poso nahun, ora ono labete.”[8]
Sholeh: “Iyo yo Krom. Pancen awak dewe iki kudu netepi dhawuhe guru lan kyaine awak dewe, ora kok malah netepi dhawuhe gurune wong liyo.”
Akrom: Iya kan dalane dewe-dewe Leh, rombongane dewe-dewe. Awak dewe wis kecatet rombongan Kajen, yo pancen kudu nguri-nguri opo sing didhawuh-ajarke para kyai-kyai Kajen.”


[1] Inggih punika siyam nahun kejawi dinten-dinten ingkang dipun haramke siyam. Ingkang dipun waos biasanipun kitab dalail al-khairat (dalail shalawat), utawi al-Quran (dalalil quran).
[2] Punika inggih tradisi ingkang sampun kelaku kagem sinten kemawon ingkang badhe nyuwun ijazah siyam wonten ngarsa Simbah KH Basyir Jekulo Kudus, bilih sinten kemawon ingkang ngersakke siyam ndawud kedah siyam ndalail rumiyin setahun.
[3] Kedadian punika wekdal penulis taseh kelas 2 Aliyah wonten Perguruan Islam Mathali’ul Falah Tahun 2006.
[4] Wekdal serat punika dipun serat ngaos ahadan ingkang dipun waos Abah KH Ahmad Nafi’ Abdillah inggih punika Kasyifat as-Saja kaliyan Syarh al-Hikam.
[5] Muhammad bin Ibrahim, Syarh al-Hikam, hlm 11.
[6] لايترك الواجب إلا لواجب, pirsani: Jalaluddin as-Suyuthi, al-Asybah wa an-Nadhair.
[7] Ibnu Hajar al-‘Asqallani, Bulugh al-Maram.
[8] Dhawuh punika dipun dhawuhaken Simbah KH MA Sahal Mahfudh wekdal ngaos Bulughul Maram wonten ndalemipun beliau kagem mustakhrijin Tahun 2007.