“Santri Kudu Nduwe Prinsip”
(Sholeh & Akrom Kaping 49)
oleh: Sahal Japara
Sholeh: “Sakiki mlepuk leh, nek muleh ora gelem nganggo
kopyahan?”
Akrom: “Ora ngono Leh. Aku sungkan nek muleh sarungan
kopyahan. Senengane dilorohi tonggo-tonggo: pak ustadz... pak ustadz...
ngono.”
Sholeh: “Sungkan diarani santri ta?”
Akrom: “Yo durung siap wae nek sakiki. Mbesuk nek wis
netep ning omah tak sarungan kopyahan.”
Sholeh: “Oh ngono, yo dijajal sithik-sithik to. Nek mulai
sakiki wis sarungan kopyahan kan mbesuk nek muleh wis ora ono sing nglorohi.
Ngendikane Simbah Sahal iki santri kudu nduwe prinsip Krom. Ora gampang katut
ngalor-ngidul koyo unthuk. Kudu maju terus nanging isih cekelan dhawuhe
wong-wong salaf.[1] Kudu ngikuti perkembangan zaman, ananging identitase
kudu dijogo. Nisbate santri, yo kudu tetep kopyahan. Opomaneh kopyah ireng iku
dak simbol nasionalisme a Krom? Simbol yen awak dewe iki bangga karo Indonesia.
Deloken Pak Soekarno, fotone arang banget sing ora kopyahan. Pak Soekarno iku
sing nggagas identitas Indonesia Krom. Mulane kudu dadi panutan. Dhawuhe sing
terkenal: “Inggris kita linggis, Amerika kita setrika.” Iki nuduhke yen
beliau ora kerso tunduk dadi budake wong-wong londo.”
Akrom: “Sing penting nek pas ning pondok sarungan
kopyahan dak wis a Leh?”
Sholeh: “Yo ning pondok yo ning njobo kudu kopyahan to
Leh. Salah siji maknane kemerdekaan kanggo cah-cah santri yo iki, bebas nganggo
sarung bebas nganggo kopyah tanpo roso isin tur pakewuh karo liyane. Opo artine
awak dewe merdeka nek iseh terkungkung budayane wong liyo Krom?”
Akrom: “Tapi nek le ku sarungan kopyahan kepekso dak podo
wae opo artine merdeka kanggo aku Leh? Merdeka dak bebas nentukke opo wae tanpo
dipengaruhi wong liyo to?”
Sholeh: “Iyo, lha jaremu awakmu ki santri?”
Akrom: “Iyo, tapi santri gaul hehe... masalah mode kan
aku gak mau ketinggalan jaman gitu loch.”
Sholeh: “Yo wis ah aku ora arep mekso. Sing penting aku
wis ngelingke.”
Akrom: “Yo ojo ndung trus mutung ngono raaa?”
Sholeh: “Hehe ora mutung ah, aku cuman kepengen nuduhke
yen santri iki kudu nduwe prinsip. Awakmu ngerti Mahatma Gandhi Krom?”
Akrom: “Eeee wong India sing agamane Hindu iku a?”
Sholeh: “Iyo, senajan agamane Hindu ananging seneng nek
masyarakate rukun, aman, tentrem senajan bedo-bedo agamane. Pacakane Gandhi
awakmu ngerti? Lungo ngendi-ngendi ming nganggo kain rong lembar sing diarani “khadi”,
persis koyo wong-wong ihrom. Awakmu ngerti kenopo Gandhi meski diundang
acara-acara resmi sing sekelas internasional malah isih milih nganggo koyo
ngono iku?”
Akrom: “Yo menowo kepengen promosi ning gene wong-wong
hehe.”
Sholeh: “Ora masalah promosi tah ora, tapi iki masalah
prinsip Krom. Dadi Gandhi iki awale yo nganggo celono nganggo jas wong kuliahe
ning Eropa. Tapi sakbakdane beliau pirso yen senajan wis nganggo celono jas sing
tiru-tiru wong-wong barat iku iseh wae dianggep koyo budak, beliau mutuske
nganggo khadi iku mau. Beliau ora kepengen tunduk karo wong-wong barat.
Beliau kepengen nuduhke yen biso merdeka tenanan.”
“Ora usah
adoh-adoh lah, kyai-kyaine awak dewe iki dak yo poro piantun sing kukuh olehe
nyepeng prinsipe to? Deloken Matholek Krom. Kawit ndisik zaman Indonesia durung
merdeka ora tahu tunduk maring penjajah, sakbakdane merdeka yo ora tunduk
maring pemerintah. Amergo opo? Matholek iki nduwe prinsip: nyiapke generasi
sing tafaqquh fid-din sholih akrom. Lha nek trus anut penjajah utowo
pemerintah, mengko prinsip sing dicekeli suwe-suwe dak luntur.”
Akrom: “Yo wis mbesuk nek muleh tak kopyahan aku, nek
sarungan iseh sungkan Leh hehe.”
[1] Punika
inggih wasiyatipun Simbah KH MA Sahal Mahfudh kagem para siswa Perguruan Islam
Mathali’ul Falah ingkang dipun sampeaken Abah KH Ahmad Nafi’ Abdillah wekdal
acara peringatan 100 hari wafat KH MA Sahal Mahfudh ingkang dipun
selenggaraaken KMF Pati wonten halaman Perguruan Islam Mathali’ul Falah.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar