“Netepi
Gurumu, Ora Gurune Kancamu”
(Sholeh
& Akrom Kaping 48)
oleh: Sahal Japara
Akrom:
“Lho sakiki tak amat-amati kok wis ora tahu poso to Leh?”
Sholeh:
“Hehe iyo hare Krom.”
Akrom:
“Lha emang kenopo kok wis ora? Padahal rumangsaku sakdurung-sakdurunge awakmu koyo-koyo
saben ndino mempeng poso kok.”
Sholeh:
“Hehe..”
Akrom:
“Lho kok malah ngguya-ngguyu?”
Sholeh:
“Iya wong lucu je.”
Akrom:
“Lha kenopo emange?”
Sholeh:
“Ya kan batinku pengen lakon-lakon poso ndawud. Nek jare kang-kang sing wis
podho lakon-lakon iki, nek arep ndawud kudu poso ndalail[1]
setahun ndisik.[2] Trus
aku sowan Abah, arep nyuwun pangestu.[3]”
Akrom:
“Nyuwun pangestu arep nyuwun ijazah saking Mbah Basyir?”
Sholeh:
“Iyaaa.”
Akrom:
“Trus ora pareng to?”
Sholeh:
“Iyo Krom hehe.”
Aku kan matur: “Abah, nyuwun izin
kaleh pangestu badhe nyuwun ijazah siyam ten nggene Mbah Basyir.”
Abah: “Poso? Wong kuwe ora poso wae
ngantukkan kok malah arep poso? Ora usah poso, poso mbendino dak mekruh a?”
Akrom:
“Lhaiya awakmu yo lucu, wong gadah kyai kok malah golek ijazah kyai sanes?”
فَيَنْبَغِيْ لِكُلِّ مُرِيْدٍ أَنْ يَعْمَلَ بِمُقْتَضَى
وَارِدِهِ[5]
“Mangka sayogyo tumeraping saben-saben murid supaya ngamal
kelawan patrapane perkara kang lumaku ingndalem awake.”
“Aku lagi sadar nek adabe wong sing luru
ngelmu iku kudu netepi opo kang didhawuhke gurune, ora kang didhawuhke gurune
kancane. Kudu ngelakoni ngamal kang diutus gurune, ora ngamal kang diutus gurune
kancane. Dadi kerono aku mondok Kajen, yo kudu taat kyaiku. Nek kyai ora pareng
poso, yo aku ora oleh mekso. Kerono kyaiku yo gadah landasan dewe. Daripada
posone ngganggu sinaune mending ora usah, kerono perkoro sunnah ateges poso ora
biso ngalahke perkoro wajib yaiku luru ngelmu.[6] Bedho
maneh nek aku mondokku ning jekulo nggene Mbah Basyir, aku yo kudu taat
nyendikaake dhawuhe Kyaiku, diutus poso yo aku kudu poso senajan kepekso.”
Akrom:
“Aku ndung kelingan pas awak dewe ngaji Bulughul Marom kaleh Mbah Sahal
Leh.”
Sholeh:
“Kelingan opo Krom?”
Akrom:
“Pas iku kan ono hadits:
لَا صَامَ مَنْ صَامَ الْأَبَدَ[7]
“Ora poso wongkang poso nahun”
“Pas nerangke hadits iki, beliau dhawuh:
“Mulane iku wis ora usah poso nahun, ora ono labete.”[8]
Sholeh:
“Iyo yo Krom. Pancen awak dewe iki kudu netepi dhawuhe guru lan kyaine awak
dewe, ora kok malah netepi dhawuhe gurune wong liyo.”
Akrom:
Iya kan dalane dewe-dewe Leh, rombongane dewe-dewe. Awak dewe wis kecatet
rombongan Kajen, yo pancen kudu nguri-nguri opo sing didhawuh-ajarke para
kyai-kyai Kajen.”
[1] Inggih punika siyam
nahun kejawi dinten-dinten ingkang dipun haramke siyam. Ingkang dipun waos
biasanipun kitab dalail al-khairat (dalail shalawat), utawi al-Quran
(dalalil quran).
[2] Punika inggih tradisi
ingkang sampun kelaku kagem sinten kemawon ingkang badhe nyuwun ijazah siyam
wonten ngarsa Simbah KH Basyir Jekulo Kudus, bilih sinten kemawon ingkang
ngersakke siyam ndawud kedah siyam ndalail rumiyin setahun.
[3] Kedadian punika wekdal
penulis taseh kelas 2 Aliyah wonten Perguruan Islam Mathali’ul Falah Tahun
2006.
[4] Wekdal serat punika
dipun serat ngaos ahadan ingkang dipun waos Abah KH Ahmad Nafi’ Abdillah inggih
punika Kasyifat as-Saja kaliyan Syarh al-Hikam.
[5] Muhammad bin Ibrahim, Syarh
al-Hikam, hlm 11.
[7] Ibnu Hajar
al-‘Asqallani, Bulugh al-Maram.
[8] Dhawuh punika dipun
dhawuhaken Simbah KH MA Sahal Mahfudh wekdal ngaos Bulughul Maram wonten
ndalemipun beliau kagem mustakhrijin Tahun 2007.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar