“Ojo Mentas Sakdurunge Mentes”
(Sholeh & Akrom Kaping 50)
oleh: Sahal Japara
Akrom: “Mengko nek lulus arep neruske ning ngendi Leh?”
Sholeh: “Yo mengko ah dipikir mburi.”
Akrom: “Ora nduwe ancang-ancang tah?”
Sholeh: “Yo nduwe tapi iseh tak tutup rapet-rapet neng
njero lemari tak kunci. Mengko nek wis wayahe mbukak lagi didudah Lha awakmu neruske ning ngendi Krom?”
Akrom: “Aku pengene sih tetep neruske tapi nek ndelok
wong tuwaku aku ora mentolo yo wis aku milih mulih wae ning omah.”
Sholeh: “Ning omah lah opo?”
Akrom: “Yo ngiwang-ngiwangi wong tuwo ah, adik-adiku akeh
kok Leh.”
Sholeh: “Oooo ngono yo apik iku. Tapi yo kudu tetep karo
ngaji senajan wis ora mondok. Wong ngaji iki ora ono lebare kok. Ibarate
koyodene isine endog sing terus lumaku dumadi sempurna. Nek mati lagi lebar. Nek
netes lagi metu songko kulite, temuju maring urip kang hakiki.”
Akrom: “Berarti senajan aku wis nyambut gawe ning omah
kudu tetep ngaji ya Leh?”
Sholeh: “Iyo to, kudu tetep ngaji ning endi wae kapan
wae. Nek awak dewe mandeg ngaji, yo iso-iso endog sing terus lumaku dumadi
temuju sempurno mau kopyor alias ora dadi kerono wis adem ora tau diengkremi.
Semono ugo ngelmu sing dikaji, nek ora tahu disinauni dimuthola’ahi maneh yo
bakale kopyor. Mulane ojo mentas sakdurunge mentes. Ateges ojo mandeg ngaji
sakdurunge mati.”
Akrom: “Lha nek terus aku nikah, opo sak bakdane nikah
kudu tetep ngaji?”
Sholeh: “Nikah iku dudu alangan kanggo mandeg ngaji Krom.
Anane wong iseh gelem ngaji iku ngalamat yen deweke iseh rumongso ino.
Pangendikane Habib Luthfi: “Kuwe nggolek ngelmu ning ngendi wae ora opo-opo,
sing penting cedak karo ahli thoriqoh, kerono wong sing gelem mlebu thoriqoh
iku ngrumangsani yen awake rusoh.”[1]
“Jajal
awakmu amati, kyai-kyaine awak dewe senajan sampun dados tiyang-tiyang ingkang
sae, niku iseh tetep wae sinau, iseh tetep pados guru luru ngelmu. Ikilah sing
kudu awak dewe tiru Krom. Supoyo opo? Supoyo nalikane Malaikat Izrail ngentas
awak dewe iki ing ndalem keadaan wis mentes, ateges mentase utowo matine awak
dewe diparingi husnul khotimah. Kerono apik eleke perkoro iku didelok
songko pungkasane:
الْأُمُوْرُ بِخَوَاتِيْمِهَا
"Perkara iku gumantung maring
pungkasan-pungkasane."
“Nek pungkasane netes
kanthi sampurno, dadine urip sak bakdane netes yo bakale mulyo. Nek
wayahe netes kok bosok, kopyor, ambune badheg ora enak yo mesthine dibuwak ning
sampah neroko. Wis dibuwak ning sampah neroko, ora diparingi nikmate urip kang
hakiki, na’udzu billah min dzalik.”
Akrom: “Nek ngono mbesuk nek wis muleh aku tak luru guru
ngaji ning omah.”
Sholeh: “Guru ora sembarang guru Krom. Kados pesene KH
Agus Ali Sidoarjo: “Nek kepengen merkoleh kabegjan ndunyo akhirat: 1. Goleko
guru kang waskito 2. Goleko konco kang iso ngelingke maring Pengeran 3. Uripo
ning nggone panggonan kang iso mbantu taat maring Pengeran.”[2]
Akrom:
“Iyo Leh, tak cekele dhawuhe Gus Ali iki. Guru kang waskito, bolo kang taqwo,
lan lingkungan kang biso mbantu ngibadah maring Gusti Allah Kang Moho Kuoso.
Wis dungakke wae senajan aku wis ora mondok aku iseh tetep iso ngaji, kumpul
karo poro kyai Leh.”
Sholeh:
“Dungo dinundo Krom. Sing penting sakiki kudu sregep sinau ben pungkasane awak
dewe ono ing Kajen iki dipungkasi kelawan kesaenan, keapikan, keberkahan lan
kabegjan… ‘ala niyyatil qabul wa tamaami kulli suul wa ma’muul alfatichah…”
Akrom:
“Amin… Amin… Amin… Ya robbal ‘alamin…”
[2] Dhawuh punika dipun ngendikaaken KH Agus Ali Sidoarjo wekdal tahlil
wafatipun Simbah Nyai Hajjah Aisyah Abdullah Salam Tahun 2012.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar