“Panggonan Metune Kabegjan”
(Sholeh & Akrom Kaping 1)
Sholeh: “Krom, awakmu kok bisa dijenengke Akrom iki
kenapa? Kok tiru-tiru visi-misine Matholek?”
Akrom: “Lha visi-misine Matholek iku opo e Leh? Kok mbok
anggep tiru-tiru?”
Sholeh: “Dak iku a sing ditulis ana ing kubah, tafaqquh
fid diin menuju insan sholeh akrom.”
Akrom: “Lhah? Kok ana jenengmu barang iku Leh?”
Sholeh: “Hehe lha pancen dilalah tepak e Krom, ya ana
awakmu barang.”
Akrom: “He’e hare Leh. Padahal jare Bapak, aku iku
dijenengke Akrom amerga Bapak nduwe kanca jenenge Akrom wonge pinter, mbarek ya
santun. Lha Bapakku pengen supaya aku dadi koyo koncone Bapak sing jenenge
Akrom mau Leh.”
Sholeh: “Oh jebul ngono to Krom asal-usule jenengem!”
Akrom: “Iyo Leh. Lha artine opo nek Akrom sing didadekke
visi-misine Matholek kuwi Leh?”
Sholeh: “Akrom iku artine wong sing paling mulyo. Awakmu
ngerti sopo iku wong sing paling mulyo?”
Akrom: “Hehe sopo maneh nek ora Akrom Leh?”
Sholeh: “Hehe tapi sayange dudu Akrom awakmu! Iki
Akrom-e Matholek Krom. Wong sing paling
mulyo iku sing paling iso taqwa,
kaya kang didawuhke Gusti Allah:
إِنَّ أَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللهِ
أَتْقَىكُمْ[1]
Kang
artine: “Saktemene paling mulya-mulyane sira kabeh ing ndalem ngarsane Gusti
Allah yaiku wongkang paling taqwa saking sira kabeh.”
Taqwa iki manggone ana ing sak jeroning dada. Sing ngobahke wong supaya tumindak becik, tur njaga wong sangka tumindak ala. Kuncine kabeh kabegjan ya taqwo iki. Kaya sawijining dawuh:
تَقْوَى الْإِلَهِ مَدَارُ كُلِّ سَعَادَةٍ[2]
Kang
artine: “Taqwa maring Gusti Allah iku nggon mubenge sekabehane keselametan.”
Dadi wong sing taqwa
iki mulya njaba njerone Krom, yo ndunyane yo akhirate. Cik ana wong cik
ora, cik nduwe duit cik ora, cik bungah cik susah nde’e tetep taqwa. Akeh-akeh
kan ora, koyo aku barang ngene iki, taqwane setengah-setengah.”
Akrom:
“Jebul jeru yo Leh artine jenengku?”
Sholeh:
“Ya pol jeru, wong iki sing ngerti temenanan namung Gusti Allah blaka. Gusti
Allah iku Dzat Kang Maha pirsa. Lha sing paling dipirsani saking kawula yaiku
opo sing kesimpen sakjeroning dada Krom!”
Akrom:
“Lha nek jenengem Sholeh, sing tiru-tiru visi-misine Matholek iku maksude
kepiye?”
Sholeh:
“Hehe nek Sholeh-e Matholek, dudu Sholeh aku Krom amerga durung hehe, yaiku
wong sing bisa ngamal sholeh, sing gawene nindakke kesaenan neng ngendi
wae lan kapan wae, sing bisa ngelakoni perkoro kang akeh gunane kanggo liyane.
Wong sholeh sing koyo ngeneiki lah sing dadi kholifatullah ono ing bumi, kerono Pangendikane Gusti Allah bilih bumi iki
diwariske kanggo wong-wong sing pantes lan bisa ngopeni.[3]
وَلَقَدْ كَتَبْنَا فِي الزَّبُوْرِ مِنْ بَعْدِ الذِكْرِ
أَنَّ الْأَرْضَ يَرِثُهَا عِبَادِيَ الصَّالِحُوْنَ[4]
Kang
artine: “Yekti temen-temen wus netepke sinten kita ing dalem Zabur
sakbakdane ditulis ing dalem Dzikir (Lauh Mahfudz) saktemene bumi iku diwariske
tumeraping kawula-kawula ingkang padha shaleh kabeh.”
Dadi
coro gampange, sholeh iki isonan Krom hehe.”
Akrom:
“Nek digandeng Sholeh-Akrom, berarti artine wong sing isonan sing migunani
marang liyane tur apik akhlake ngono yo Leh?”
Sholeh:
“Hehe ngono yo keno Krom. Yo intine, karepe Matholek iku awak dewe sinau neng
kene iki ben dadi wong sing sholihun
likulli zaman wa makan, yaiku
wong sing cocok lan bisa berjuang kapan wae
lan ingdalem ngendi wae. Sarate supoyo awak dewe iki bisa cocok kapan wae lan ingdalem ngendi wae, ya
kudu aja mandeg-mandeg anggone luru ngelmu, kerana ngelmu iki ibarate koyodene
banyu. Dadi soyo akeh banyune yo soyo akeh iwake lan
soyo isa nguripi liyane.
Mulane STAIMAFA iku slogane “Robbi zidny ‘ilman”, iki supaya Sholeh-e
Matholek iki bener-bener dadi wong sing dikanggokke masyarakate. Nek wes isa
kaya ngeneiki mau kan akhire gathuk lan mathuk karo semboyane Nahdlatul Ulama’
to?
Kang artine: “Nguri-nguri perkara disik kang isih
apik, lan ngalap perkara anyar kang luwih apik”.
“Dene Akrom-e Matholek iki ruh seng nggerakke Sholeh-e
Matholek mau Krom. Dadi bisane Sholeh sing isonan mau supaya tetep oleh ridhane
Gusti yo kudu nyekeli Akrom iki.
Kudu tetep nganggo taqwa Akhire dadi menungso sing utuh sing diarani insan
kamil, Sholeh njabane Akrom njerone.”
Akrom:
“Yowes muga-muga awak dewe isa kaya ngono yo Leh. Jare jeneng kan dungo.”
Sholeh:
“Ora trimo dunga Krom, luweh sangka dunga.
Kerana “jeneng” utawa “nama” iku isa ndadekke wong dadi نمى seng artine mundak-mundak lan melejit, utawa iso ndadekke wong
dadi نام seng artine turu.[6] Jeneng bisa ndadekke wong dadi jumeneng lan merkoleh
kabegjan amerga njaga lakune supaya padha karo jenenge, uga bisa ndadekke wong
dadi meneng lan merkoleh cilaka amerga rumangsa gedhe karo jengene Krom.”
“Kabeh wong tuwa njenengke
anake kanthi suwijineng jeneng ki mesthi nduwe pengarep-arep supaya anake dadi
lan cocok karo jenenge, koyotho: ‘Muhammad’ ben nde’e pinuji lan isa niru
akhlake Kanjeng Rasul Muhammad SAW, ‘Luthfi’ ben nde’e lembut lan isa niru
tindak lampahe Habib Luthfi, ‘Sahal’ ben digampangke lan isa nderekke Mbah
Sahal, ‘Muthmainnah’ ben ora gampang galau, ‘Aisyah’ ben isa kaya Sayyidah Aisyah,
‘Sholeh’ lan ‘Akrom’ iki uga ben dadi anak seng sholeh lan mulyo. Saking
banget gedhene pengarep-arepe wong tuwa tumeraping anake ki para wong tuwa biyasane
padha nyuwun asma marang para Kyai ben apa seng dadi arane ki cocok karo awake.”
“Akeh banget lho koncoku Krom, seng jenenge diparingi poro
Kyai seng bener-bener wira’i iku pas lan cocok banget karo karaktere,
koyotho: ‘Tajul Arifin’ artine mahkotane wong-wong kang podho arif, lho dilalah
bocahe ki puinter cerdas pisan. Ana maneh ‘Mulin Ni’am’ artine bendarane
piro-piro kenikmatan, lho dilalahe kerana barokahe Kyai bocahe yo gampang
rejekine lan sak pinunggale.[7]”
“Lha nek jeneng sing diparingi Kyai sing bener-bener wira’i
wae mandi lan cocok karo bocahe, apamaneh
jeneng-jeneng seng diparingi Gusti? apamaneh jeneng-jeneng surat seng kasebat
ono sak jeroning al-Quran? Mulane awak ndewe iki kudu ngerti jenenge awak dewe
supoyo biso madep mantep lan antep. Ora keno muni: “halah Jeneng
iku ora ana artine!”
Kerono lamun awak ndewe kepengen dibukakke kabeh keapikan ya maca surat
al-fatichah kang artine pambuka, lamun pengen diwarahi supaya ikhlas ya maca surat
al-ikhlas kang artine kaikhlasan, lamun
pengen
diparingi perlindungan ya
maca al-mu’awwidzatain kang
artine surat loro kang nglindungi, lamun pengen
ora ketiban penyakit (alam) ya maca alam
nasyrah–alam taro, lamun
pengen diparingi derajat sing tinggi ya
maca al-mulk kang artine keraton, lamun pengen supaya kekarepane awak ndewe keturutan ya maca
al-waqi’ah kang artine perkara kang tumiba/terjadi. Dadi
kabeh iki ana
maksud lan artine, termasuk jenenge awak dewe.”
Akrom:
“Masuuuuk akal Leh. Lah nek kepengen kabeh banjur kudu piye?”
Sholeh:
“Hehe yo wes iku Quran diwaca
kabeh, mbendina
dikhatamke. Kerana kabeh
iku ana sak jeroning Quran. Siji
maneh, awakmu ngerti ora artine ‘Mathali’ul Falah’ jenenge madrasahe dewe sing dijenengke
Mbah Mahfudz Salam Abahe Mbah Sahal
Mahfudz?[8]”
Akrom:
“Mbuh yo Leh? Opo e?”
Sholeh:
“Mathali’ul Falah iku artine panggonan-panggonan metune kabegjan Krom! Menungsa digawe iki
dikon ngibadah, kaya dawuhe Gusti:
Kang
artine: “Ora nggawe Ingsun ing jin lan menungsa kejaba supaya padha nyembah
ing Ingsun.”
Wong
dikon ngibadah supaya deweke
bisa taqwa, kaya pangendikane Gusti:
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اعْبُدُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ
خَلَقَكُمْ وَالَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَ[10]
Kang
artine: “Hai para menungsa, nyembaha kabeh ing Pengeranmu kang wus nitahake
sira kabeh lan wong-wong kang sak durunge sira kabeh supaya padha taqwa sira
kabeh.”
Wong
dikon taqwa supaya deweke
bisa merkoleh kabegjan, kaya firmane Gusti:
Kang artine: “Padha taqwaha sira kabeh ing Allah
supaya padha begja sira kabeh.”
Dadi kesimpulane menungsa iki digawe supaya deweke bisa begja
lan sukses.”
Akrom: “Oh jebul artine jeru yo Leh. Begja
tenan awak dewe isa sekolah ana ing Mathali’ul Falah!”
Sholeh: “Begja kemayangan Krom! Mathali’ul Falah, panggonan metune kabegjan!”
[3] Pangendikanipun
Simbah KH Ahmad Yasir wonten Mata Kuliah NDSA (Nilai Dasar Shalih Akrom) Tahun
2012.
[5] Punika
salah setunggalipun prinsip ingkang dipun damel cecekelan Nahdlatul Ulama’
(NU). Pirsani: Ahmad Muhibbin Zuhri, Pemikiran KH M Hasyim Asy’ari Tentang
Ahlussunnah.
[8] Pangendikanipun Abah KH Ahmad Nafi’ Abdillah wonten acara peringatan 100
hari wafatipun Simbah KH MA Sahal Mahfudh ingkang dipun selenggaraaken deneng
KMF Pati wonten halaman Perguruan Islam Mathali’ul Falah. Abah KH Ahmad Nafi’
Abdillah dhawuh bilih Simbah KH Mahfudz Salam pikantuk asma Mathali’ul Falah
punika sakbakdanipun tindak wonten tanah suci.
[9] QS adz-Dzariyat: ayat 56.
[10] QS al-Baqarah: ayat 21.
[11] QS Ali ‘Imran: ayat
200.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar