“Isro’
Mi’roj”
(Sholeh
& Akrom Kaping
11)
oleh: Sahal Japara
Akrom:
“Lho Leh, iki malam isro’ mi’roj ya?”
Sholeh:
“Iyo Krom.”
Akrom:
“Layak kok ruamene pool. Neng ngendi-ngendi ono pengajian. Awakmu gak nekani
tah Leh?”
Sholeh:
“Aku pengen Isro’ Mi’roj dewe.”
Akrom:
“Lho? Maksude? Biasane kuwe nek ono pengajian-pengajian iku ndang gagenan kok!”
Sholeh:
“Iyo, wingi kae Abah ngendikan. Jan-jane awak dewe iki mbendino yo iso
memperingati Isro’ Mi’roj angger gelem tangi bengi terus shalat. Lha sakiki
geleme tangi nek ono Barcelona main kok.[1] Yo
aku kuatir wae nek kewengen pengajian gak iso tangi bengi mengko bengi, opomaneh
iki malam seng istimewa.”
Akrom:
“Lha trus aku piye iki Leh? Gak usah mangkat pengajian berarti?”
Sholeh:
“Ehhh, kok ngono? Yo angger teko mangkat to. Ojo anut-anut aku. Aku pengen
bener-bener memperingati Isro’ Mi’roj ora ming sekedar melu pengajian Krom.
Tapi iki lho awakku, ben Isro’ Mi’roj neresep-tumancep neng njero atiku, ben
iso isro’, perjalanan wengi tangi nekani shalat madep Gusti, ben iso mi’roj,
munggah kabeh wacanku kabeh dungaku tutug tekan Gusti.”
“Mergo ngendikane Kanjeng Nabi nek dalu mesti iki Gusti
ngundang-ngundang, endi kawulaku seng tangi bengi eling maring aku ben tak
sembadani, endi kawulaku seng ndungo ben tak ijabahi, endi kawulaku seng njaluk
ngapuro ben tak sepurani.[2]
Pancen nek dillogika iku yo bener e, nek wong seng gelem shalat wengi terus
ndungo mesthi diijabahi, soale liyane podho turu, akhire kan kethok dewe cah
iku seng melek dewe, dzikir dewe, ndungo dewe. Kadang-kadang tak pikar-pikir
pancen bener ngendikane Abah iku mau.”
Akrom:
“Yo wes lah. Tapi gak popo kuwe tak tinggal dewean nek kamar?”
Sholeh:
“Yo, Gak popo. Aku lagi gak sek pengen rame-rame, yo lagi kepengen temenanan
Krom. Soale biasane nek aku nekani pengajian mesti nek bar entuk jajan, banjur
entek jajane terus ngantuk hehe. Pengajian-pengajian umum iku seng teko uwakeh,
jajane uwakeh, seng ngantuk yo uwakeh. Pancen barang soyo arang soyo larang,
soyo kemlarah soyo murah.”
Akrom:
“Maksude?”
Sholeh:
“Iyo, pengajian umum ngono iku pesertane uwakeh, tapi durung karuan podho
ngrungukke temenanan kabeh. Jadi gedhe jumlahe durung mesthi gedhe kualitase.
Awal-awal neng Mekkah umat Islam sithik, tapi kualitase top markotop kabeh. Gak
ono seng munafik. Bareng Kanjeng Rasul hijrah reng Madinah, umat Islam
berkembang pesat, pemeluke tuambah akeh, seng munafik yo tambah akeh.[3]
Akeh-akehe sakiki podho gemebyar memperingati Isro’ Mi’roj tapi bar pengajian
bar. Seng gak tau shalat yo tetep gak tau shalat, seng istiqomah ngombe yo ijeh
tetep ngombe. Jare ditakoni nek pas ape mangkat pengajian, ape reng ndi Lek?
Iki lho ape nekani pengajian, Kyaine lucu lho rugi gak mangkat! Dadi
kadang-kadang aku susah, soale even-even ngono iku wes kilangan ruh-e goro-goro
perkoro liyo seng gak sek ono faedahe.”
Akrom:
“Waaah, nyindir aku iki?”
Sholeh:
“Yo ora ah. Aku ming ngomongke awakku dewe. Jaremu sekdurunge ndelok wong liyo
deloken awakmu ndisik, hehe yo wes kono ndang
mangkat, mengko nek wes bar pengajian aku nek keturon gugahen ya, karo gawakke
berkate nek ijeh turah hehe.”
Akrom: “Haha ora melu ngaji kok njaluk berkat, huuu…!!
Ndang turu kono!! Dasar borok, angger tibo ngorok!.”
[1] Punika dhawuhipun Abah
KH Ahmad Nafi’ Abdillah wonten acara peringatan Isro’ Mi’roj ingkang dipun
selenggaraaken deneng Keluarga Mathali’ul Falah (KMF) Jepara Tahun 2011 wonten
Masjid Agung Baitul Makmur Jepara.
[2] Haditse inggih punika:
عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ أَنَّ رَسُولَ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ
قَالَ: "يَنْزِلُ رَبُّنَا تَبَارَكَ وَتَعَالَى كُلَّ لَيْلَةٍ إِلَى السَّمَاءِ
الدُّنْيَا حِينَ يَبْقَى ثُلُثُ اللَّيْلِ الْآخِرُ فَيَقُولُ مَنْ يَدْعُونِي فَأَسْتَجِيبَ
لَهُ مَنْ يَسْأَلُنِي فَأُعْطِيَهُ مَنْ يَسْتَغْفِرُنِي فَأَغْفِرَ لَهُ." متفق
عليه
[3] Quraisy Syihab, Sirah
Nabawiyyah.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar