(Sholeh
& Akrom Kaping 40)
oleh: Sahal Japara
Sholeh: “Karepem piye leh Krom, sejam pelajarane Yi Sudar
mbok tinggal turu?”
Akrom: “Lha ngantuk e Leh, ndek bengi aku bar ngurusi HSM
(Himpunan Siswa Mathali’ul Falah). Iki kan ape suronan, dadi yo ropat-rapat
nganti wengi. Lagian opo sing diterangke Yi Sudar kan yo ming njelaske
pelajaran wingi to, sejarahe Bani Umayyah?”
Sholeh: “Yo ojo ngremehke guru ngono. Senajan mung
mbaleni, piwulange guru iku ojo pisan-pisan mbok gegampang senajan awakmu wis
paham. Anane ngelmu bisa kumantil sak jeroning ati iki ya goro-goro
dibolan-baleni kok, kayadene wong ngecat omah ben supaya dadine apik kan ora
ming sepisan anggene ngobahke kuas to? Dak dibolan-baleni to?”
Akrom: “Iyo yo Leh. Lha aku nguantuk e.”
Sholeh: “Ngendikane Abah Nafe’: “Sakiki sing mbedakke
antarane santri karo ora iku ming siji, tata krama!”[2] Yai Sudar senajan badane gerah wae tetep tindak kok awak
dewe bareng diulang malah turu. Iki dak ora nduwe tatakrama to jenenge? Nek
turune lungguh jejeg ngono iseh mending, lha mbok tinggal ndelosor dak jengene
nyepele guru a?”
Akrom: “Wis ah wis, barang ngene wae kok sek mbok
ceramahi koyongono leh?”
Sholeh: “Lho masalahae iki ora perkoro sepele Krom. Anane
tak kandani iku amerga awakmu iseh tak anggep bolo. Awakmu iseh eling zaman
Tsanawi kae diwucal Ta’limul Muta’allim?
“Setengah sangking mulyakno ngelmu yaiku mulyakno guru.”
“Anane ngelmu bisa barokah yo goro-goro takdzim marang
guru Krom. Dienggo opo ngelmu dhuwur nek ora nduwe tatakrama karo guru? Awakmu
ngerti pego Krom? Pego iku munggah dhuwur ning ora ana ajine! Percuma sekolah matholek
nek ora nduwe tatakrama karo guru! Lha trus bedane karo sekolahan liyo
ndung opo nek muride matholek wis ora nduwe tatakrama?”
Akrom:
“Yo yo Leh. Sepurane sing akeh. InsyaAllah nek pas pelajarane Yi Sudar, aku
janji ora ape turu maneh.”
Sholeh:
“Yo njaluk ngapurane ojo karo aku to. Matur karo Yi Sudar.”
Akrom:
“Matur? Nek dewe aku ora wani Leh. Kancani awakmu ya?”
Sholeh:
“Aku gelem ngancani asal awakmu bisa nyekel janjimu.”
Akrom:
“Ya ya… Aku janji ora arep turu maneh pas pelajaran Sejarah sing diwucal Yi
Sudar. Nek arep pelajaran tak wudhu ndisek ben ora ngantuk.”
Sholeh: “Yo. Ojo dadi pego sing munggah dhuwur nanging
ora mbejaji tur ora ngajeni.”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar