“Ngrapalke
Apalan”
(Sholeh
& Akrom Kaping
4)
oleh: Sahal Japara
Sholeh:
“Lho? Durung turu Krom?”
Akrom:
“Iyo Leh, uangele sak pore iki lho, wes dikombong gak oleh metu-metu, digundul pisan,
weleh-weleh tennan!”
Sholeh:
“Hehehe derita lho! Wayah Rejeb wes ape setoran akhir apalan lagi ngapalke. Lha
ndisik awal tahun leha-leha keta-kete angger ono cah ngapalke mbok gasaki, lha
salah-salahmu dewe to! Hehehe.”
Akrom:
“Wah, kudu stress tennan aku iki. Malah mbok guyu! Beban mental kabeh! Aku
wenehi ijazah tah wacan-wacan opo ngono lho Leh ben gampang ngapalke. Gak
mlebu-mlebu iki kawit mau!”
Sholeh:
“Hahaha kuwe iku lho lucu, nduweo ijazah sak trek lambene ngasi kapalen le
ngrapalke nek gak gelem ngapalke yo gak apal-apal Krom! Mobil iku lho mobil nek
kentekkan bensin neng tengah ndalan mbok sholawatiyo peng sejuta yo gak bakalan iso mlaku nek gak
mbok tukakke bensin! Tukakke bensin ah carane hehehe.”
Akrom:
“Waduh, terus piye aku iki? Mosok tak tinggal apalane? Mengko da’ gak munggah
aku?”
Sholeh:
“Nek jare kang Taufiq Zubaidi seng
saiki neng Sudan: Barangsiapa
yang membaca sejarah kehidupan, maka hatinya tidak akan dapat dimasuki
keputusasaan selamanya.[2]
Delokken gypsum pondok nduwur iku, ndisik asale gak krowok, lha goro-goro
banyune bocor meski sitihik terus menerus akhire sakiki krowok. Padahal yo ming
banyu, gypsum kuat ajur masamu! Yo ojo putus asa ngono ah. Iseh ono harapan,
iseh ono wektu. Sing
semangat to ya koyo le semangat ngopi ngono kae lho!”
Akrom:
“Tapi aku ngapalke gak mlebu-mlebu e Leh!”
Sholeh:
“Nek jare Kang Ali Rifki sing
sakiki neng Yaman: Nek
arep ngapalke iku kudune cinta ambek seng mbok apalke ndisik, mengko lak
gampang![3]”
Akrom:
“Oh, ngono yo Leh. Lha tapi wektuku wes kari sithik e. Opo aku tak gak mlebu
sekolah wae ya? Ben lebar.”
Sholeh: “Eee… kuwe pengen ditokke ko pondok tah kok
arep mbolos sekolah? Nek jare Kang Taufik Ismail seng saiki neng Turki: “gunakan
waktumu secara proporsional agar kamu bisa berdedikasi di semua lini.[4]” Sekolahe
kecekel, ngapalkene ya kecandak angger kuwe pinter ngatur
wektu Krom. Karo siji, nek ape ngapalke, kirim hadiah Fatichah kagem Kanjeng
Rasul SAW, para sahabat, para wali, kabeh wong Islam, khususe seng ngarang
kitab iku ben entuk barokahe. Bapak Ibukmu yo dikatutake.”
Akrom:
“Oooh ngono yo Leh.”
Sholeh:
“Iyo, sipppz… pokoke sing
semangat.. nek ngapalke sing panteng, penting pantang
pontang panting. Yo wis ah aku tak turu ndisik ya? Sukses pokoke!.”
Akrom:
“Yo tak jajale… al- fatichah… Nakirotun qobilu al muatstsiroh :: Aw waqi’un
mawqi’a ma qod dzukiro…”
[1] Punika salah
setunggalipun bait Alfiyyah Ibnu Malik.
[2] Status facebook-ipun
Kang Taufiqurrohman Waturoyo ingkang nalika penulis nyerat punika piyambake
taseh kuliah S-1 wonten Sudan.
[3] Status facebook-ipun
Kang Ali Rifqi Abidin ingkang nalika nyerat punika piyambake taseh mondok
wonten Yaman.
[4] Punika pesan Kang
Taufik Ismail ingkang kaserat wonten album kenang-kenangan Mutakhorrijin
Perguruan Islam Mathali’ul Falah Tahun 2007. Nalika penulis nyerat punika
piyambake taseh kuliah S2 wonten Turki.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar