“Kudu
Ngalah, Ben Nggenah”
(Sholeh
& Akrom Kaping 17)
oleh: Sahal Japara
Akrom:
“Leh, aku bingung iki!”
Sholeh:
“Bingung ngopo to Krom?
Goro-goro ape posonan gak nduwe duit tah hehe? (nyruput kopi).”
Akrom:
“Ora, aku bingung iki, antara
kepinginanku ambi wong tuwaku gak sejalan.”
Sholeh:
“Maksude?”
Akrom:
“Bapak pengen aku ndang gage
neruske mondok nek sarang, sementara aku ijeh kepengen mondok kajen, bapak
ngotot gak gelem ngalah, alasane adikku akeh. Padahal aku ijeh kepengen ngaji
nek Kajen kaleh Kyai-Kyai Kajen. Aku khawatir nek aku pindah, aku gak iso
nemukke Kyai-Kyai seng kados Kyai-Kyai Kajen Leh. Lha setiap kali aku ngomongke
alasanku kepiye wae modele, bapak ora tau iso nompo. Alasane dikon ndang gage
iku Bapak khawatir gak kuat mbiyayani aku nek aku gak ndang gage mondok sarang,
ben ndang iso moco kitab! Aku kudu piye iki Leh?”
Sholeh:
“Asline loro-karone podho apike, kabeh wong tuwo mesthi karep seng pualing apik
kanggo anake, sementara anak iki yo mesti nduwe kepengenan-kepengenan nduwe
anggepan seng pualing apik kanggo awake dewe. Nah sering kali loro karone ki
gak iso menyatu-padu, kudune ancen ngalah salah sijine Krom.”
Akrom:
“Berarti aku kudu ngalah karo
Bapak Leh?”
Sholeh:
“Aku ora muni kudu awakmu seng
ngalah wong tak kiro yo podho apike. Seng penting salah sijine kudu ono seng ngalah,
anak seng ngalah kerono birrul walidain, utowo wong tuwo seng ngalah
kerono sayang anak. Nek gak ono seng ngalah, mesti pecah! Mengko mesti koyo dalan
Juwono-Rembang, macete gak ketulungan! Kabeh kepengen maju gak ono seng gelem
ngalah sementara dalane yo pas-pasan. Aku khawatir Krom, nek awakmu gak gelem
ngalah, Bapakmu yo gak gelem ngalah, akhire malah ra nggenah! Kerono Bapakmu
gak iso dadi wong tuwo seng nyegoro seng bener-bener iso memberikan ruang
berenang seng bebas kanggo anak, sementara awakmu yo gak iso dadi anak seng
ngabekti marang wong tuwo seng iso mbungahke wong tuwo.”
Akrom:
“Lha trus aku kudu piye Leh?”
Sholeh:
“Yo nek Bapakmu iseh tetep ngotot meskipun mbok omongi model kepiye, yo saranku
kepengenane Bapakmu dituruti wae, kan ngaji jaremu iso nek ngendi wae, tapi nek
ngabekti wong tuwo? Kerono wong tuwamu cuma loro, yo wes iso ora iso, ora iso
ora pumpung ijeh urip digawe bungah wae Krom. Mbesuk nek wes sedo, awak dewe
gelo, wah iyo yo ndisek pas Bapak-Ibuk iseh sugeng kok ora tahu tak gawe
bungah. Seumpomo wes sido mondok sarang, kan kuwe iseh iso dolan-dolan kajen to
Krom nek wayah liburan, mengko nek ngepasi ngajine Kyai-Kyai kajen kan iso melu
ngaji to. Sarang iku sarange ngelmu, sementara kajen iku ajine ngelmu!”
Akrom:
“Berarti aku kudu nurut Bapak
iki Leh?”
Sholeh:
“Yo kudune manut nek bapakmu
gak iso ngalah Krom! Tapi nek ono celah, yo jajal Bapakmu diajak musyawarah,
sopo ngerti dalane iso terarah, Bapakmu entuk, Kuwe yo entuk! Seumpomo pancen
kuwe kudu nurut, kuwe yo iseh iso nuruti kepengenanmu nyambi nuhuni kersane
Bapakmu Krom. Yo mau carane, mondoke nek sarang tapi nek pas liburan utowo
posonan moro kajen, kan iseh iso. Yo saranku dadiyo serngenge seng ora tahu gelem ngrebut wengi songko
rembulan, seng goro-goro pantulan sinare, rembulan iso nyinari wengi sehinggo
ora kakepung peteng seng temenan. Kuwe ngerti? Rembulan iku ora tahu ngerti nek
serngenge ngobong awake kanggo mbungahke rembulan, ben rembulan cemlorot
berbinar-sinar ora karuan.”
Akrom:
“Ohh ngono yo Leh? Yo tak
jajale musyawarah ndisek, nek menowo Bapak iso ngerteni aku. Matur nuwun ya
Leh!”
Sholeh:
“Karo angger bar sholat, bapak
ibumu dikirimi fatichah.”
Akrom:
“Siap Komandan!!!”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar