“Khouf-Roja’”
(Sholeh
& Akrom Kaping
6)
oleh: Sahal Japara
Sholeh:
“Krom, Kuwe ndek bengi ngaji Abah gak? Ape nembel makno, soale aku ngantuk
bangetz e ndek bengi! Lha piye? pembahasane kitabe berat, jajane yo kelas
berat, ndung kitabku klalaran gak ono maknane je?”
Akrom:
“Wah-wah, kok malah ape nembel makno, wong ngaji wae ora kok!”
Sholeh:
“Lho, berarti ndek bengi gak ngaji awakmu? Lha kenopo?”
Akrom:
“Ogak e, wes suwi aku gak ngaji, soale mbuh gene aku nek ngaji kitabe Imam
Ghazali iku rasane uripku abot kabeh, rumangsaku opo seng tak lakoni salah
kabeh.[1] Dadine
serba salah, serba susah! Yo paling durung kelase Leh. Wong aku iki ijeh seneng
dolanan, kok dikon temenanan nyembah Pengeran, dak angil a?”
Sholeh:
“Yo ora ngono a Krom, mosok goro-goro iku gak gelem ngaji? Jaremu:
مَا لَا يُدْرَكُ كُلُّهُ لَا يُتْرَكُ جُلُّهُ
Kang
artine: “Perkara kang ora bias ditemu sekabehane, ora kena ditinggal
akeh-akehe.”
“Perkoro seng gak iso diperkoleh kabeh, kan yo ojo
ditinggalke kabeh! Meski awak ndewe iki durung iso ngelakoni, yo ojo terus gak
ngaji. Tetep ngaji, sopo ngerti mbesuk iso ngelakoni.”
Akrom:
“Tapi aku uwedi banget nek kepanggeh Abah e Leh, rasane nek kepanggeh iki
salahku durokoku do metu kabeh. Wong gupak duso ngene kok awor Abah!”
Sholeh:
“Eeee… nek mikirmu ngono terus, kapan dadi wong apik nek kuwe wedi kumpul wong
apik? Durung-durung wae wes mbuk su’udzdzonni ndisik, ah nek mengko didudohke
salahku kabeh, ah nek mengko aku dibedhek bar ngelakoni iki bar ngelakoni iku.
Jenenge Kyai ki gak tau su’udzdzon Leh! Mulane ojo pisan-pisan kuwe su’udzdzon
mbek Kyaimu. Wes angger ngaji, mergo husnudzdzon-ne wong seng istiqomah le
husnudzdzon iki mandi. Umpomo kuwe dihusnudzdzonni, wah cah iki apik gelem
ngaji, ngono iku yo bakale mandi tenan Krom!”
“Nek ngendikane Imam Ghazali ki awak dewe ora oleh mung
wedi thok, ora oleh khouf thok ben ora susah kabeh uripe. Yo kudune wedi-mu iki
khoufmu iku diimbangi karo arep-arep seng apik, roja’ seng apik ben podo
entuke.[2] Kan
Kanjeng Rasul SAW diutus ora ming nggawe wedi wong نَذِيْرًا
tapi kan yo diutus ken bebungah marang ummate بَشِيْرًا.
Yo ibarate ngene, kuwe dak wedi nek kilangan pacarmu a? nek uripmu mbok gawe
ngrasakke wedi kilangan pacarmu terus yo jelas susah kabeh! Yo kudu diimbangi
karo arep-arep seng apik-apik karo pacarmu, eh mbesuk bakale nikah, bakale
sukses cerita cintane. Kan ngono to?. Nek coro konco-koncoku seng kuliah neng
jurusan pendidikan, iku ono istilah jenenge analisis SWOT ben opo seng mbok
pengeni kelaksanan, analisis kekuatan, kekurangan, peluang, karo ancaman. Lha
khouf iku koyo dene ancaman, roja’ koyo dene peluang. Loro karone dienggo sangu
ben awak ndewe sopo ngerti iso tutug tekan Pengeran Krom.”
Akrom:
“Oooh.. (Mangut2) Yo wes Leh, suk Malem Seloso aku parani ya? tak melu ngaji.
Nek ono kancane kan yo gak sek wedi.”
Sholeh: “Siiiipz, ngene yo Akrom tenan!!!”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar