“Kudune
Sumeleh, Ora Keno Weleh”
(Sholeh
& Akrom Kaping
20)
oleh: Sahal Japara
Sholeh:
“Lho? ora sinau tah Krom? Iki dak jam wajib belajar a?”
Akrom:
“Mbuh Leh, rasane kudu muleh wae aku.”
Sholeh:
“Lho, lha wingi lagi bar muleh kok ape muleh maneh, koyo cah anyar wae hehe.
Ono opo tah Krom?”
Akrom:
“Suwene munggah kelas, semangatku malah mudun ndak Leh. Roso-roso sekolah, kudu
muleh ngomah.”
Sholeh:
“Kuwe iku lho aneh! Lumrahe wong munggah kelas anyar dak yo semangate melu
anyar to?”
Akrom:
“Anuu... Pelajarane uangil-uangil e Leh! Rumangsaku sak kelas seng pualing
bodho dewe, pualing gak isonan, pualing gak fahaman iku aku dewe! Ora koyo
liyane Leh!”
Sholeh:
“Yo seng sabar to Krom, nek jare wong Inggris: “Life is never flat.” Urip
iku gak tahu datar, dadi yo kudu sabar! Opomaneh wong luru ngelmu, luru perkoro
seng pancen angel ditemu. Luru ngelmu iku koyodene nggarap sawah. Awak dewe iki
minongko wineh, sementara guru iku minongko pak tani. Sifate wineh iku kan
sumeleh, diapa-apake pak tani tetep ora weleh. Luru ngelmu yo kudu ngono,
sumeleh ora keno weleh dumateng Guru, amergo seng ngerti kahanane awak dewe iku
yo guru. Piye supoyo subur, piye supoyo makmur, iku seng ngerti yo guru Krom.
Makane awak dewe kudu sumeleh dumateng guru, amergo sopo manut bakal katut
Krom!. Nggarap sawah iku yo ora ming sedino rong ndino Krom, mulane kudu sabar.
Kapan ora kanti, yo ora bakal dadi Krom!”
Akrom:
“Nek murid iku ibarat wineh, aku iki wineh seng aneh Leh! Wineh seng babar blas
ora tukul sementara kiwo tengene wis podo njumbul, opo wineh seng koyo ngono
iku iseh ono kanggone?.”
Sholeh:
“Husss... Ojo ngomong ngono! Guru iku luweh ngerti kepiye supoyo muride dadi.
Syarate pancen kudu sabar, tawadhu’ lan sumeleh! Nabi Musa mboten pikantuk
ngelmune Nabi Khidir[1], kuwe
ngerti kenopo?”
Akrom:
“Mboten sabar Leh.”
Sholeh:
“Lhaiyo ngerti ngono kok! Kuwe ngerti kenopo Sayyidina Ali dados “Baabul ‘Ilmi”,
lawange ngelmu?”
Akrom:
“Lha pancen mantune Kanjeng Nabi je, lek kawit cilik dirumat Kanjeng Nabi!”
Sholeh: “Sayyidina Ali dados Baabul ‘Ilmi mergo banget
sumelehe banget tawadhu’e dumetang guru sampek lilo dadi budake wong seng
mulang beliau meski cuman sak huruf Krom! Kudu sumelehe Krom! Kuwe dak ngerti a
nek عِلْمُ iku harokat
pertamane kasroh seng sumeleh ono ing ngisor huruf? Iku tandane syarat pertama
seng wajib dipenuhi murid yen kepengen hasil iku kudune sumeleh ora keno weleh,
kudu taat ora keno sambat, kudu sabar nganti lebar Krom!”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar