“Kulino, Ngilangno Werno-Werno”
(Sholeh & Akrom Kaping 12)
oleh: Sahal Japara
Akrom: “Lha marai Kuwe yo gak gelem
adzan og Leh.”
Sholeh: “Kuwe dak ngerti dewe a
Krom? aku nek adzan iku koyo ngadzani mayit jarene wong-wong, lurus datar tanpa
nada. Aku yo ewoh to, daripada wong do komplain, do nggeguyu adzan kan mending aku gak adzan. Mongko padahal adzan
jan-jane kan seng apik gak dilagok-lagokke, malah jare mekruh nek lagune nemen,
tur yo ora wajib njawabe.”
Akrom: “Lho jaremu:
Kang artine: "Ninggalke ngamal
kerono menungso iku syirik."
Nek koyongono kok ijeh mbok lakoni?"
Sholeh: “Ngene Lho Krom. Kan
daripada aku seng adzan lek terus wong do nggeguyu adzan, ono sing rodhok piye
barang kan mending aku gak adzan ndisek wong liyane sing luwih iso sing luwih
apik yo akeh.
Kang artine: “Nolak mafsadah didisikake
ngariake narik mashlahah.”
Kanjeng Nabi yo pernah dawuh:
Kang artine: “Nalikane sijineng perkara dipasrahke maring
wongkang ora ahline, mangka
entenana sediluk ngkas kiamat (ajur).”
“Jan-jane yo awakmu iku seng
adzan neng musholla on-time nggenteni Kang Ridho. Awakmu kan vokal
rebana, suarane kepenak, yo iso adzan koyo adzan Mekkah barang.”
Akrom: “Masalahe ngene Leh, aku nek adzan iku
biyasane ora iso nek ora kerono wong. Mesthi sithik akeh ono krenteg, ah aku
tak adzan ah ben didungokke cewek-cewek, ben terkenal, ben do ngerti nek aku
iki lho Akrom juara adzan, suaraku apik kelik-kelik! Yo aku bingung jan-jane si
Leh, nek adzan-e kerono menungso klebu riya', nek ninggal adzan kerono menungso
klebu syirik. Terus aku kudu piye iki?”
Sholeh: “Yo wes ayo do diniati ngramekke
musholla, ngundang wong ngibadah, aku adzan Isya' kuwe seng adzan Shubuh mergo
biyasane seng telat terus wayah iku. Wes gak usah ngurusi omonge kabeh wong
mundak gak kober dadi wong.”
Akrom: “Siap Komandan!”
Sholeh: “Masalah riya’,
syirik, ‘ujub, sum’ah insyaAllah kabeh iso ilang dewe-dewe
angger awak dewe iso ngelakoni kanti istiqomah. Mergo kulino iku iso
ngilangno werno-werno, iki lho maksude dawuh:
الْإِسْتِقَامَةُ خَيْرٌ مِنْ أَلْفِ كَرَامَةٍ
Kang artine: "Istiqomah iku luwih apik
sangka sewu keramat."
“Kulino nek apik,
penyakit-penyakit seng ono neng ati do ilang dewe-dewe. Kenopo? Wong seng iso
kulino, konsisten, istiqomah, iku gak peduli ape diarani apek ape diarani elek
nde'e tetep wae ajeg ngelakoni. Akhire
goro-goro kulino, tanpo dinyono-nyono entuk kanugerahan kang werno-werno.
Kulino elek yo podho wae ngono, iso ngilangi perkoro-perkoro apik seng ono neng
ati, koyo roso isin dsb, Wong kulino korupsi opo nduwe isin? Wes yo mulai
sakiki pumpung ijeh enom yo do ngulinakke ngelakoni apik Krom. Mulai songko
awake dewe ndisik, gak usah ngurusi wong liyo nek awake durung bener Krom.”
Akrom: “Siap Komandan, aku seng Isya’ wae ya hehehe Subuh tangiku biasane kari e...”
Sholeh: “Yo wes, malah enak nek adzan Subuh wonge ijeh podho turu, kan ora ono seng ngarani adzan mayyit hehehe...”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar