“Bahtera, Samudera, Mutiara”
(Sholeh & Akrom Kaping 31)
oleh: Sahal Japara
Sholeh: “Lho Krom, awakmu nek jama’ah gak tau numpuk
kartu jama’ah tah?”
Akrom: “Iyo Leh. Gene? Penting dak jama’ah to?”
Sholeh: “Iyo seng paling penting pancen jama’ah, tapi
numpuk kartu kan yo penting to, disamping kanggo absensi jama’ah yo kanggo
menehi tulodho kanggo adik-adikmu cah-cah anyar seng durung pati ngerti
peraturan.”
Akrom: “Hehe nyante wae tah Leh, angger titeni wae aku
kan biasa manggon pojok shof ngarep dewe, nek gak ono berarti aku ora jama’ah.
Lagian aku yo wes mesthi diabsen malaikat. Wes go nyante wae.”
Sholeh: “Yo nek jan-jane secara pribadi si gak popo, tapi
iki peraturan seng hubungane mbek wong akeh, yo awak dewe kudu naati senajan
awak dewe wes kitung santri senior yo tetep kudu manut peraturan lan menehi
contoh kanggo cah anyar-anyar. Nek awak dewe seng kawilang wes gedhe wae ora taat
peraturan ora marai apik, terus kepiye cah-cah anyar seng ijeh cilik-cilik?”
Akrom: “Yo wes angger dicatet hadir dak wes to Leh.”
Sholeh: “Eh eh... kok gampangmen ngono? Iki peraturan
Krom. Nek ono seng ngelanggar siji kok dijarke wae yo lebar, koyodene peraturan
seng ono neng negorone awak dewe, kelaku kanggo wong kere nanging ora mlaku
tumeraping wong nduwe. Trus nek koyongono seng tanggung jawab ndung sopo?”
Akrom: “Yo pemerintah to!”
Sholeh: “Lhaiya ngerti ngono kok. Iki dadi tanggung
jawabku dadi amanahku, dadi aku pengen ngelakokke seng sak apik-apike supoyo
mbesuk nek disidang poro malaikat aku iso njawab kerono tanggung jawab. Nek ono
pemimpin kok ngerti ngisorane utowo rakyate ngelakoni olo utowo nerjang aturan
kok dijarke wae, mongko pemimpin mau bakal kecatet olo ngluwehi duso seng
dilakoni ngisorane amrego nde’e ngerti nanging dijarke wae sak mongko rakyat
lan ngisorane kabeh mau iku dadi tanggung jawabe. Trus jawabku kepiye nek
awakmu ngelanggar tapi tak njarke wae?”
Akrom: “Yo wes angger dijawab nek aku jama’ah to!”
Sholeh: “Iyo, tapi nek trus kelakuanmu iku nimbulke pelanggaran
liyo kan payah to? Dadi aku njaluk tulung lah dibedakke antarane babakan
syariat lan hakikat. Awak dewe dak pernah diucal tasawuf Abah to? Bilih Syekh
Zainuddin al-Malibary pernah ngendikanke siji syi’ir:
Kang
artine: "Mangka syariat iku kayadene kapal, lan thoriqah kayadene laut,
nuli haqiqah kayadene inten mutiara kang larang regane."
“Dadi syari’at iki
minongko bahtera, toriqoh minongko samudera, lan hakikat minongko mutiara. Telung
perkoro mau ki kudu dadi siji ateges senajan awak dewe seumpomo wes tutug maqam
haikikat tur wes merkoleh mutiara, yo kudune ijeh tetep nuhuni syariat lan thriqoh
kang diumpamakke koyodene bahtera lan samudera, kapal lan laut. Kepiye
carane awak dewe biso bali menyang daratan sakbakdane merkoleh mutioro tanpo
nganggo bahtera utowo kapal? Ndak awakmu ape ngelangi dewe Krom?”
Akrom:
“Yo ora to Leh, dak mateni awak dewe.”
Sholeh:
“Iyo makane senajan awak dewe wes iso istiqomah jama’ah kan yo tetep kudu
numpuk kartu jama’ah, tetep nuhuni syari’ate mergo wong seng tasawuf thok ora
nganggo syari’at iki koyodene wong zindiq, semono ugo wong syari’at thok ora
nganggo tasawuf iki koyodene wong fasiq.
مَنْ تَصَوَّفَ وَلَمْ يَتَفَقَّهْ تَزَنْدَقَ، وَمَنْ
تَفَقَّهَ وَلَمْ يَتَصَوَّفْ تَفَسَّقَ
Kang
artine: "Sapa wonge kang nganggo tasawuf ora faham fiqih mangka dadi
zindiq. Lan sapa wonge nganggo fiqih ora faham tasawuf mangka dadi fasiq."
“Ndak awakmu pengen ngelangi dewe sakbakdane merkoleh inten
mutioro tanpo numpak kapal? Hehe ora ono wong seng nduweni akal kok ngelangi
dewe songko tengah-tengahing samudero temuju daratan sakmongko nek sisehe ono
kapal seng wes cumawis lek dienggurke bloko ki ora ono! inten mutioro ki dudu
katog-katogke tujuan Krom, dudu iku tujuane!”
Akrom:
“Lha trus tujuan seng paling katog ki opo Leh?”
Sholeh:
“Tujuan seng paling katog enggeh puniko Gusti Kang ora ono watese Krom.
Kang
artine: “Nyembaho Pengeranmu nganti awakmu ketekan yakin seng temenanan."
Awakmu
ngerti yakin seng temenanan Krom?”
Akrom:
“Opo iku Leh?”
Sholeh:
“Mati Krom! Awak dewe cik lamuno wes merkoleh mutioro, yo kudu njogo bahtero
supoyo lestari lan iseh tetep tumemplek samudero nganti awak dewe ketekan yakin
kang temenanan yoiku pati.”
Akrom:
“Oh ngono to Leh? Yo wes bar iki aku tak numpuk kartu jama’ah terus senajan aku
wes cetho welo-welo melu jama’ah.”
Sholeh: “Okesipz… ngene yo cah gedhe tenan!”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar