“Kinayah Ngopi”
(Sholeh & Akrom Kaping 3)
oleh: Sahal Japara
Sholeh: “Isuk-isuk wes ngopi leh Krom!”
Akrom: “Iya Leh, ben dadi Wali je hehe.”
Sholeh: “Apa?
Dadi Wali? Maksude?”
Akrom:
“Iya, dadi Wali. Mosok kuwe ora eling wingi pas
pelajaran Balaghoh Mbah Yasir mbahas Inayah, eh Kinayah ding hehe.”
Sholeh:
“Iya, ngerti. Tapi maksude?”
Akrom:
“Hehehe Aku ki paham maksude tapi gak sek mudeng
pengertiane Kinayah. Mbah Yasir kan nyontohke.
Kang artine: “Dawa sarung pedange maksude ki dawa dedeke wonge seng nduwe.”
Lha tak padhakke karo
ngopi, ngene: ngopi marai mripat melek, nek mripate melek kan terus eling
Pengeran, nek eling Pengeran kan dadi Wali tenan to Leh hehe. Dadi ayo do
sregep ngopi ben dadi Wali.”
Sholeh: “Hahaha, Iya nek dadi Wali. Lha nek malah dadi Gali piye jal? Sregep
ngopi marai mripat melek, saben melek mripate mesthi ngetem cewek, suwi-suwi
kan ya dadi gali to? hehehe.
Akrom:
“Ngono yo keno hehehe. Tapi aku tulung duduhke
pengertiane Kinayah ah Leh, ben mbesuk-mbesuk nek ditakoni anak putuku isa njawab.
Aku kan isin nek gak isa njawab, alumni matholek kok gak isa Balaghoh.”
Sholeh: “Kinayah iku nek njero Basa Jawa ya kayadene sanepa,
ngomongke perkara tapi sing dimaksud iki lumrahe lazime perkara mau, dadi ora
makna asline.
Kang
artine: “Lafadz kang ngarepke lazime maknane lafadz mau sertane olehe
ngarepke makna mau.
Nek coro Bahasa Filsafat, lazime perkara mau diarani asumsi
logis.
Akrom:
“Opo? Konsumsi Logis? Entuk ko ngendi iku kok
ana filsafat barang?”
Sholeh:
“Asumsi Logis Krom! Entuk ko fesbuk hehehe
balaku kan ana sing ahli filsafat, dadi nek update status ki senengane babakan
filsafat wae hehe.. yo itung-itung kuliah
gratis. Nek coro manthiq ngelmu logika bab qiyas utawa silogisme, kan
ono muqaddimah sughro muqaddimah kubro, premis minor premis mayor. Lha
Kinayah iki nutur muqaddimah shugro tapi karepe muqddimah kubro, menowo kok
ngono hehe. Pak,
kantong Akrom kering, maksude njaluk kiriman hehehe.”
Akrom: “Ooo ngono to Leh.” (nyruput kopi)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar