“Jum’at, Sebtu, Ahad”
(Sholeh & Akrom Kaping 33)
oleh: Sahal Japara
Akrom: “Angger arep natalan kok senengane podho rame
debat dewe yo Leh yo?”
Sholeh: “Sopo sing debat?”
Akrom: “Yo wong-wong iku ah, podho debat babakan opoto
oleh ngucapke selamat natal maring wong Kristen.”
Sholeh: “Yo wis nek ngono ora usah melu-melu ngucapke, yo
ora usah melu-melu debat. Wis meneng wae Krom.”
Akrom: “Jan-jane natal iku dak peringatan lahire Nabi Isa
to Leh?”
Sholeh: “Ono sing kondo ngono, tapi jarene yo wis
dislewahke. Yo kanggo amane pancen meneng wae, ora usah melu-melu ngucapke tur
ora usah melu-melu debat opomaneh ngafir-ngafirke.”
الْخُرُوْجُ مِنَ الْخِلَافِ
مُسْتَحَبٌّ[1]
Metu
saking persulayan iku kesunatan.
“Seumpomo kok awak dewe pengen hurmat kelahirane Nabi Isa,
yo kan iso diungkapke ning njero ati. Seumpomo ucapan natal kanggo wong Kristen
iku marai tukaran antarane wong Islam dewe, mending ora usah. Tapi nek ucapan
mau malah iso nambah rukun antarane Islam karo wong Kristen tur ora nimbulke
perpecahan antarane wong Islam yo ora opo-opo, supoyo NKRI iki aman, tentrem,
ayem. Habib Luthfi pernah ndawuhke yen awak dewe
kangelan luru dalil sing
ngolehke awak dewe ngurmati umat agomo liyo, mongko cukup wae bilih umat agomo
liyo iku menungso seng kudune awak dewe hurmati lan tresnani iki seng dienggo
dalil.[2] Islam iku rahmatan lil alamin, welas asih
tumeraping wong ngalam kabeh. Islam iku nggowo keselametan lan biso nyelametake
maring liyan. Iki lho seng kudu awak dewe cekeli. Awakmu ngerti krom, jum’at
sebtu ahad iku dino opo?”
Akrom: “Maksude dino opo?”
Sholeh: “Hehe jum’at sebtu ahad iki dino seng disuciake
deneng agamane dewe-dewe. Jum’at dino sucine wong Islam, Sebtu wong Yahudi, lan
Ahad wong Nashrani. Awakmu ngerti artine jum’at Krom?”
Akrom: “Jum’at? Songko lafadz jama’a yo? Kumpul Leh!”
Sholeh: “Siipz.. Islam iku agomo seng ajarane ngumpulke
lan nyampurnakke ajaran-ajaran agomo kang lahir sak durunge, mulane pinaringan
dino suci jum’at. Jum’at iki artine kumpul, kumpul tandane rukun, mulane Islam
iki agomo seng nggowo keselametan lan kerukunan.”
Akrom: “Lha nek sebtu Leh?”
Sholeh: “Nek sebtu ngendikane Gusti iki didamel kanggo
wong-wong seng senengane suloyo, mbedo lan ngrekodoyo supoyo wong-wong podo
prenco-prenco, kaya apa sing didawuhke Gusti:
Anging
pesthine dino sabtu iku didadeake kanggo wong-wong kang podho suloyo.
“Mulane
dino sebtu iki diparingke kanggo wong-wong Yahudi seng senengane mbedo, lan
agawe bedo tumeraping wong liyo sahinggo wong podho padu lan suloyo nuli
pecah-belah lan prenco-prenco.”
Akrom:
“Lha nek dino ahad kepiye Leh?”
Sholeh:
“Awakmu ngerti artine ahad opo?”
Akrom:
“Siji Leh!”
Sholeh:
“Iyo Krom. Siji! Gusti Allah iku siji! Ahad! Mulane ahad iki diparingke kanggo
wong-wong Nashrani seng keblinger anggene nyuwijiake Gusti. Ahad iki cedhak
hubungane karo jum’at, mergo ahad artine siji, lan jum’at artine kumpul, sak
mongko kumpul iku mesthi dadi siji. Sedeng dino
sebtu iku
misahke antarane jum’at lan ahad Krom. Mulane
Gusti Allah dawuh:
لَتَجِدَنَّ أَشَدَّ النَّاسِ عَدَاوَةً لِلَّذِيْنَ
أَمَنُوْا الْيَهُوْدَ وَالَّذِيْنَ أَشْرَكُوْا وَلَتَجِدَنَّ أَقْرَبَهُمْ مَوَدَّةً
لِلَّذِيْنَ أَمَنُوْا الَّذِيْنَ قَالُوْا إِنَّا نَصَارَى[4]
Yekti
bakal nemu sopo siro ing wongkang banget bendune maring wong-wong mukmin yoiku
wong-wong yahudi lan wong-wong kang podho nyekuthoake maring Gusti Allah. Lan
bakal nemu sopo siro ing wongkang banget cedhak tresnane maring wong-wong
mukmin yoiku wong-wong kang podho ngucap: saktemene kito iku wong-wong
nashrani.
Akrom:
“MasyaAllaah jebul ngono yo Leh? Pancen kabeh perkoro iku ono hikmahe yo Leh?”
Sholeh:
“Yo percoyo wae nek Gusti iku nitahke kabeh seng ono ora mung kanggo dolanan,
kerono kabeh iki pelajaran lan pituturan kanggo awak dewe.”
Akrom:
“Iyo Leh. Islam, selamet lan nyelametake, pasrah lan masrahake, sedeng jum’at
iku kumpul lan ngumpulake.
Allahumma sholli ‘ala sayyidina Muhammad.”
Sholeh: “Allahumma sholi ‘alayh..”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar