“Aksara
Pegon”
(Sholeh
& Akrom Kaping 37)
oleh: Sahal Japara
Akrom: “Leh... Leh...”
Sholeh: “Hmmm...”
Akrom: “Sampek iki lho aku bingung Leh...”
Sholeh: “Lha ngopo kok bingung?”
Akrom: “Iki lho, aksara pegon... Lafadze arab ning
maknane jowo. Bentuke arab ning
sejatine jowo. Sampek iki aku iseh penasaran wae kok. Maksude iki piye kok iso
ono kedadiyan koyo ngene? Opomaneh iki wis turun-temurun kawit zaman mbiyen,
lan wis dadi tradisi ana ing pesantren.”
Sholeh: “Iku nek coro Nashr Hamid Abu Zaid diarani مُنْتَجٌ ثَقَفِيٌّ, produk
budhaya Krom. Aksara pegon iki sejarahe miturut para sesepuh lahir minangka
dadi lantaran kanggo nyebarke agama Islam ana ing tanah Njowo. Kawit zaman
walisanga wis ana aksara pegon iki Krom. Dadi wayah Indonesia dijajah wong
londo, lamun ana suwijineng kitab utawa buku kang mbahas babakan agama kok
tinulis nganggo aksara jawa yo mesthi dirampas wong londo.[1]”
Akrom:
“Lha ngopo kok dirampas Leh?”
Sholeh:
“Wong londo iku banget ngertine lamun wong njowo kok kuat agamane, yekti bakal
mbahayani tumraping kekuasaane. Mulane iku, supaya wong njowo iki ora ngerti
babakan agama, sumber-sumbering agama padha dipegot. Mbuh piye carane supaya
wong njowo iki aduh sangka kitab sucine, banjur selawase lawas bodho tur
gampang dibodhoni. Wong londo ki ngerti yen para musuhe sing angel dikalahke
akeh-akehe amarga padha kuat agamane. Sapa bae kang kuat agamane, mesthi ora
gelem tunduk kejaba ing ngersane Gusti.”
Akrom:
“Lha trus apa hubungane karo aksara pegon Leh?”
Sholeh:
“Dadi aksara pegon kang bentuke arab ananging sejatine maknane jowo iki dienggo
ngakali wong londo Krom. Zaman mbiyen lamun ana kitab-kitab mbahas babakan
agama kok tinulis nganggo aksara arab iki dijarke wong londo ateges ora
dirampas, kerana sing bisa maca lan mahami mung sethithik banget. Mung wong-wong
tertentu kang bisa mahami, kang rata-rata wis pernah ngangsu kaweruh senajan
sithik ana ing tanah suci. Mulane iku, wong londo padha aweh gelar haji kanggo
wong-wong kang wus padha haji lan ngangsu kaweruh ana ing tanah suci iki
tujuane supaya bisa diawas-awasi lan diwates-watesi.”
Akrom:
“Eee jebul ngono ya Leh? Lha trus kok bisa diarani pegon iku?”
Sholeh:
“Pegon iku asale sangka basa jawa “pego” artine mencla-mencle. Iki nek coroku
yo minangka strategi kanggo ngakali wong londo sing gawene ngakali wong njowo.
Naah, kanggo ngadepi wong sing ilate loro, yo kudu dilawan nganggo ilat loro.
Taktik ngene iki diarani musyakalah.[2] Dadi
nglawan wong seng ucapane mencla-mencle, yo kelawan perkara kang mencla-mencle.
Njabane arab, njerono njowo ora opo-opo. Sing penting tujuan kanggo nyebarke
kaweruh babakan agama tekan maring wong liyan. Dak ngono to Krom?”
Akrom: “Iyo yo Leh… Rumangsaku kawit mbiyen,
pesantren bener-bener ana, ngraga sukma lan mbalung ana ing dedeking nusantara
nganti sakiki.”
Sholeh: “Iyo Krom. Aksara
iku mung bungkus, sing penting kahanane, maksude lan intine. Bentuke arab ning
maknane njowo iki nandake yen senajan agamane ngimpor wong arab, sukma lan
budhayane tetep wong njawa. Sopo maneh sing ngrumat ben wong njowo ora ilang
njowone nek ora awak dewe Krom?”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar