“BBM” (Beban Berat Masyarakat)
(Sholeh
& Akrom Kaping 15)
oleh: Sahal Japara
Akrom:
“Leh, aku kaget mau pas ngisikke bensin motormu, tuku ngecer rumangsaku regane
ijeh 5 ewu e malah wes 7 ewu, lha wis kadung muni 2 liter, malah duitku mung 10
ewu. yo ngebon ndisek leh!”
Sholeh:
“Iyo yo Krom, wong-wong lagi
krungu kabare mundak, durung mesthi mundake piro wes diundaki ndisik. malah
dienggo perayaan, umpak-umpakan. kabeh rego ndung do terus mundak e.”
Akrom:
“Aku susah ngeneki Leh.
biyasane nek BBM mundak, mbayar kost mangan melu mundak, mbayar syahriyah
mundak, mbayar khoirot mundak kerono sembarang ndengah podo mundak. padahal
bayarane bapak gak mundak-mundak, kan aku ewuh nek njaluk sangu mundak.”
Sholeh:
“Iyo Krom, seng sabar ya! Lha
piye meneh? awak dewe iki wong cilik, iso ora iso, ora iso ora kudu nrimo ing
pandum. petani podo ditaleni, wong dodol podo kodol, nelayan podo dadi pelayan,
buruh podo ngeluh, awak dewe santri seng penting iso cedhak marang kyai ngono
wes ayem Krom. nek wes ayem, kabeh masalah podo kerem Krom.”
Akrom:
“Aku yo mesakke bapak kadang-kadang nek pas ngopeni sawah, rino wengi moro
sawah, pupuke ngeneki tambah larang, regane beras paling mundak yo gak sepiro.
wes gak cucuk pokoke antarane tenogo, wektu ambi hasile. nek gak diniati ikhlas
tenanan yo ora ono artine. kadang tak ken nglereni le nyewo sawah wong untunge
mboten wonten, tapi jare bapak aku ora kuatir ora iso mangan Krom mergo le
nandur wes tak niati kanggo makani makhluke Gusti Allah, dene dipangan wereng,
tikus, yo awak dewe kudune syukur Krom mergo seng ditandur bapakmu iso manfaati
kanggo makhluke Gusti Allah. aku gak mentolo ndelok bapak neng omah Leh, rasane
kudu melu nyonggo ben bapak gak kaboten.”
Sholeh:
“Wes Krom, ojo mikir iku ndisik! Tugase awak dewe sakiki ora luru pengupo jiwo,
tapi luru ngelmu. Pumpung awak dewe iseh gelem mondok iseh ono seng mbiayayani,
kudune njogo semangat njogo حرص sampe kapanpun. mergo wong tuwo iku ora
tau arep-arep balesan opo-opo kecuali anake iso dadi wong seng manfaati marang
liyane, supoyo iso manfaati kan yo mondoke luru ngelmune kudu tenanan Krom, wes
tah seng mantep bakal antep, kaya sing pernah didawuhke Mbah Yahya al-Imrthi:
Kang artine: "Kerana bocah enom iku bakal
keangkat amerga kemantepane :: Lan saben-saben wong kang ora mantep ora bakal
manfaat."
Akrom:
“Iyo Leh, tak rasak-rasake wong cilik panci soyo mendelik. aku gumun karo
pemerintah, mbok yo digawekke kebijakan liyo supoyo rego BBM iki ajeg, mergo
BBM iki perkoro seng menjalar المتعدّي, kapan nde'e mundak liyane yo melu nanjak.
Jan-jane ngono iku dak ngopeni perkoro seng menjalar ndidisk a seng diutamakke?
Wong ngendikane Mbah Jalaluddin Suyuthi:
Kang
artine: "Perkara kang dawa (njalar) iku luwih utama tinimbang perkara
kang cekak."
“Tur yo keputusane pemimpin iku kan kudu
dibalikake maring kemaslahatan to Leh?”
Kang artine: "Keputusane pemimpin ing atase
rakyate iku kudu disendenke maring kemaslahatan."
Sholeh:
“Aku ndung kelingan winginane pas pelajaran Balaghoh Simbah Yasir nyontokke بديع جناس,
kalimah loro kang serupo lafadze nanging bedho artine. Ning nggone kono ono sijineng
syi'iran:
إِذَا
مَلِكٌ لًمْ يَكُنْ ذَا هِبَةٍ :: فَدَعْهُ فَدَوْلَتُهُ ذَاهِبَةٌ[4]
Kang artine: “nalikane
ono rojo kok ora tahu menehi opo-opo ora tahu mbangun opo-opo ora tahu
melakukan perubahan opo-opo, wes njarke wae, ora usah didukung meneh, sediluk
ngkas keratone bakal sirno.”
“Tapi
aku percoyo Krom. Bumi ngendi wae, ora mung ngrasakke mendung, gludug
lan udan, amerga bumi uga ngrasakke sinare srengenge kang anget lan bisa
nggugah kahuripan. Lan siji, ojo pisan-pisan muni srengenge ora mlethek,
gara-gara ketutupan mendung. Sing sabar. Sediluk ngkas insyaAllah padhang
maneh.”
Akrom:
“Iyo Leh, tapi aku ijeh
kepikiran bapak terus e.”
Sholeh:
“Krom, ora usah susah, ora usah mikirke rezeki seng wes dijatah. percoyo wae
nek wong-wong seng gelem berjuang nek jalane Gusti bakal dijamin lan dituntun
uripe nganti mati, kaya kang didawuhke Gusti:
وَالَّذِيْنَ
جَاهَدُوْا فِيْنَا لَنَهْدِيَنَّهُمْ سُبُلَنَا وَإِنَّ اللهَ لَمَعَ الْمُحْسِنِيْنَ[5]
Kang artine: "Wong-wong kang padha temenanan
ing ndalem (ngambah dalan) kita, yekti bakal kita tuntun temenanan ana ing
dalan-dalan kita, lan saktemene Gusti Allah iku tetep ing ndalem sertane
wong-wong kang padha agawe bagus."
“Sing penting
angger wong tuwane awak dewe iki didungakke trus angger
bar sholat. Trus karo
moco يا حيّ يا قيّوم angger bar shalat subuh peng sewu ben pinaringan gesang
istiqomah lan bisa mandiri. Ngendikane
Simbah Gus Mus[6]
kaleh Simbah Kyai Hannan[7]
iki dungo ben awake dewe diparingi sugeh ati, sukur sugeh sekabehane.”
Akrom:
“Suwun yo Leh, katutke aku nek
awakmu ndungo.”
Sholeh: “Yo dungo dinungo ben ora dongah-dongoh.”
[1] Yahya al-‘Imrithi, Matn
al-‘Imrithi.
[2] Jalaluddin as-Suyuthi,
al-Asybah wa an-Nadhair.
[3] Ibid.
[4] Abdurrahman
al-Akhdlori, Syarh Jauhar al-Maknun.
[5] QS al-‘Ankabut: ayat
69
[6] Dipun dhawuhaken
Simbah KH Musthofa Bisyri wekdal ngisi pengaosan wonten Radio Mata Air.
[7] Dipun dhawuhaken
Simbah KH Abdul Hannan wekdal khataman ngaos ihya’ ulum ad-din
Tidak ada komentar:
Posting Komentar