“Tahadu
Tahabbu”
(Sholeh
& Akrom Kaping 19)
oleh: Sahal Japara
Akrom:
“Leh, aku dijaluki tulung ken
ngajar iki piye leh?”
Sholeh:
“Yo apik to!”
Akrom:
“Apik si apik, tapi aku durung
iso ndak.”
Sholeh:
“Kenopo kok durung iso?”
Akrom:
“Yo disamping aku durung patek
iso, aku ora nduwe wektu luang kanggo ngajar e.”
Sholeh:
“Lha ngopo kok ora nduwe wektu
luang?”
Akrom:
“Yo wektuku wes banget padete
Leh.”
Sholeh:
“Iku lho deloken wit sawo ngarep ndalemme Mbah Abdullah Salam, nde’e ora tau
mandeg nyerot banyu songko tanah, yo mben tahun ora tahu leren le nguwoh.”
Akrom:
“Maksude piye Leh?”
Sholeh:
“Wit iku makhluk sing ora nduwe akal yo ora iso mlaku nanging iso mbagi wektu
kanggo awake dewe lan kanggo liyane, lha awak ndewe seng nduwe akal tur iso
mlaku mosok kalah karo wit? Nek awakmu nisbate oyot pijer mligi nyerot banyu
terus kanggo awamu sementara ora mbok salurke munggah nek batang yo kuwe ora
bakal nguwoh Krom! Lha sak
jeroning uwoh iku mau, ono
wiji seng iso tukul neng jero
bumi seng njogo jenise wit mau supoyo biso lestari, lah ora punah Krom. Mulane, opo sing mbok nduweni kok dibutuhke wong liyo
yo diwehke. Jare wong-wong Arab:
تَهَادُوْا تَحَابُّوْا
Kang
artine: "Padha anduma sira kabeh, mangka padha tresna sira kabeh."
“Berbagilah
dan berbahagialah!” Sopo gelem aweh, insyaAllah bakal sumeh,
amergo aweh bakale uwoh.”
Akrom:
“Berarti aku kudu ngluwangke wektuku kanggo mulang Leh?”
Sholeh:
“Yo nek kuwe pengen nduwe
jariyah, nisbate wiji seng terus lumaku manak pirang-pirang nek nduwur bumi cik
wite wis ora ono wujude. Ngelmu seng manfaat dak klebu jariyah to?”
Akrom:
“Iyo tapi aku durung patek iso
e Leh.”
Sholeh:
“Eh eh, awakmu eling kaidah fiqih al-muta'addi afdholu min al-qashir[1]
ora? kepentingane wong akeh iku luwih utomo katimbang kepentingane awak ndewe.
Eling opo ora?”
Akrom:
“Iyo Leh, iseh eling aku.”
Sholeh:
“Lha wong seng ngutamakke al-muta'addi kepentingane wong akeh iku bakale
dituntun Gusti merkoleh urip kang jejeg lan gampang. nek coro ngelmu nahwu, fi'il
muta'addi iku iso nashobke maf'ul lan nashob biasane ditandani kanti
fathah. Awak dewe nek gelem ngelakoni (fi'il) perkoro kang berhubungan
karo kepentingane wong akeh (muta'addi) insyaAllah bakal pinaringan
gesang jejeg (nashob) istiqomah kanti kabukaking manah (fathah).”
Akrom:
“Oh ngono yo Leh?”
Sholeh:
“Iyo Krom! Tahadu tahabbu. Sopo aweh,
bakal uwoh. Opomaneh seng mbok awehke iku ngelmumu, jariyahmu Krom!”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar