“Podho Ngobongo, Mongko Gosongo”
(Sholeh
& Akrom Kaping 42)
oleh: Sahal Japara
Akrom: “Leh, aku kok rodok kuatir yo...”
Sholeh: “Rodok kuatir piye to Krom?”
Akrom: “Sakiki kan lagi usum-usume panas-panasan antarane
pendukunge Jokowi karo pendukunge Prabowo. Kabeh podho ngungkap celane liyan
ora karuan.[1] Podho nyebar kampanye gosong.”
Sholeh: “Hehe kok kampanye gosong? Ora kampanye hitam?”
Akrom: “Lhaiya wong kampanyene podho ngobong atine wong
banjur podho gosong.”
Sholeh: “Lha trus sing mbok kuatirke iki opo?”
Akrom: “Yo aku miris wae. Calone presiden kan mung loro.
Kuatirku nek ono pihak ketiga seng ngadudomba, seng pengen mecah-belah NKRI.
Nek bolone Jokowi diserang kampanye gosong, kan mesthi ndarani bolone Prabowo
seng ngobong. Semono ugo bolone Prabowo, nek diserang kampanye gosong kan yo
ndarani bolone Jokowi seng ngobong. Podho ngobongo, mongko gosongo!”
Sholeh: “Iyo yo Krom. Marai awak dewe iki jare WS Rendra
koyodene suket garing, kepletikan geni sethithik wae langsung kobong. Nek suket
ijo ngono iseh mending, rodo sabar ora kobongan cik dipancing-pancing.”
Sholeh: “Rumah Kaca? Sing lakone Raden Mas Minke iku ya?”
Akrom: “Iyo... iku kan buku terakhire tetralogi buru-ne
Pramoedya. 3 buku awal bener Minke dadi tokoh utama, dadi subyek. Tapi sing
terakhir Minke justru dadi obyek. Buku terakhir iku kan antiklimaks to Leh?”
Sholeh: “Eh iyo ding, aku eling Krom... Sing dadi lakon
lan subyek malah Jendral Pangemanann iku to? Sing ditugasi piye carane supoyo
Minke sing aktifis iku ora kakean polah mbalelo lan mberontak maring
pemerintahane Londo. Koyo-koyo Minke dikurung sakjeroning omah koco sing biso
diawasi kapan wae. Kapan arep polah biso dislentik supoyo anteng. Akhire
mesakke yo Krom. Tokoh sing akeh jasane malah ilang jengene.”
Akrom: “Iyo, iku nandakke beliau ora pengen pencitraan
mundak ngelongi ganjaran hehe..”
Sholeh: “Lha trus opo hubungane karo jagongane awak dewe
mau?”
Akrom: “Yo sing tak kuatirke, iku anane pihak ketiga seng
koyodene Jendral Pengemanann mau, ngileni antarane bolone Jokowi lan bolone
Prabowo supoyo podho padu lan cidro. Lha nek wes podho gosongo, pihak ketiga
iki ujug-ujug teko sok nyelametke padahal kepengen nguasani, murbowasiso,
adigang, adigung lan adiguno. Trus nek coro awakmu, awak dewe iki kudu piye?”
Sholeh: “Yo nek coroku, sakiki iku zamane meneng, neng
pondok anteng, ora kakean gremeng, ngaji kumpul kyai ben atine seneng. Ora melu
njegur dolanan geni. Suket garing gampang kobong. Tapi nek suket ijo seng teles
banyu wudhu, lan kambung gondone wong-wong sholeh iki insyaAllah angel kobonge
cik genine gedhe. Nek ono berita sing aneh-aneh, yo kudune pancen ndeloke
ngalor-ngidul ngetan-ngulon ben biso njogo lan waspodo endi sing bener endi
sing mblinger. Sing penting kesatuan lan persatuan NKRI iki supoyo awak dewe
jogo kanti sukmo lan rogo, lan siji maneh, dungo! kerono ndungakke negoro
supoyo aman iki ganjarane pool gedhe, wong Nabi Ibrahim pertama kali mlebu
Mekkah iki ndungone yo ben supoyo Mekkah aman lan nyaman kagem tedak turune
Nabi Ibrahim.”
Akrom: “Iyo yo Leh. Aku ndung kelingan ngendikane Mbah
Yasir: “nek nabuh kendang iku ngiwo-nengen ben swarane apik.”[3]
Sholeh: “Siiip Krom. Ben ono sing ngedem-ngedem wayah
ono sing ngobong-ngobong.”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar