“Payungan Lah Ora Kudanan”
(Sholeh
& Akrom Kaping 16)
oleh: Sahal Japara
Akrom:
“Waaah Musholla apike ngene kok
kentenge bocor, payahhh!!! Ngene iki ndung leteh kabeh ndan!!!”
Sholeh:
“Iyo Krom, la mbangune durung
rampung je. Ngene iki seng biyasane marai shof jamaahe bolong-bolong wong
cah-cah do wedi teles. Yo mengko nek wes sepi dipel bareng Krom.”
Akrom:
“Siap Komandan!!!”
Sholeh:
“Pancen kabeh kenteng, kabeh
atap, kabeh seng nok nduwur kok gak beres, ngisore gak beres kabeh.”
Akrom:
“Maksude Leh?”
Sholeh:
“Kentenge gak beres, lantene
leteh kabeh. Pemimpine gak beres, rakyate susah kabeh. Wong tuwane gak beres,
anake semrawut kabeh. Dadi mbolak-mbalik nek nduwurane ruwet mengisore yo melu
ruwet.”
Akrom:
“Oh ngono to.”
Sholeh:
“Iyo Krom, meneh zaman sakiki
wes gak iso dibedhek kapan rendeng kapan ketigone, perkoro wong-wonge yo wes
gak jelas gak iso ditebak apik eleke, isuke taat bengine maksiyat. Na'udzu
billah min dzalik, wes mugo-mugo awak ndewe ogak ngono Krom.”
Akrom:
“Amin, trus awak ndewe iki kudu
piye Leh?”
Sholeh:
“Zaman sakiki nek diibaratke karo bocore Musholla iku, wes awak ndewe ki
bener-bener urip neng zaman seng wes gak ono kentenge gak ono atape perkoro
nduwurane ki ono nanging koyo ora ono, وُجُوْدُهُ كَعَدَمِهِ.
Dadi nek pas udan, ben ora kudanan, yo awak ndewe kudu nduwe payung Krom.
Awakmu ngerti payunge opo?”
Akrom:
“Opo Leh?”
Sholeh:
“Cecekelan karo al-Quran lan hadits, kapan awak ndewe iso nyekeli al-Quran
(kitab) lan hadits (sunnah) awak ndewe ora bakal kudanan koyo wong-wong seng
wes do gobyoh kabeh. Agomo dak ageman a Krom? piye rasane nganggo ageman seng
goro-goro kudanan teles gebes ra mekakat?”
Akrom:
“Yo gak penak kabeh ah Leh,
marai masuk angin.”
Sholeh:
“Laiya makane awak ndewe kudu nyekeli payung iku mau supoyo ora kudanan agemane
garing tekan tujuan, yo supoyo gak kudanan (wudo) lan iseh nganggo ageman.”
Akrom:
“Oh ngono yo?”
Sholeh:
“Iyo Krom, wes ayo ngepel
mushola bareng-bareng pumpung gak ono wong. Kesuk nek iso kentenge didandani bareng-bareng
yo ben gak bocor wong sedeluk engkas Romadhon. Ben jamaah taraweh mbek abah ki
barisane panteng apik lurus gak ono bolonge.”
Akrom: “Siap laksanakan komandan... Tapi yo kudu ono
penyemangate raaa hehe...”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar