(Sholeh & Akrom Kaping 26)
oleh: Sahal Japara
Akrom: “Ndisik zaman iseh cilik awak dewe kepengen gelis gedhe, bareng wes
gedhe banjur ngalor-ngidul bingung karepe dewe. Lha nek koyongene terus mbesuk
nek tuwo ndung kepiye? Trus nek mati kepiye yo Leh?”
Sholeh: “Pancen mangsane urip iku koyodene rino, isuk tangi, awan nyambut
gawe, sore nyante-nyante kerono sangune wes cukup sinambi ngenteni wengi seng
teko ngampiri. Contone yo koyo mbah-mbah sing nderek kholwatan ngonoiku, wes
kari nyante-nyante ngencengi ngibadahe.”
“Aku nek nyawang wajahe beliau-beliau lho tentrem-ayem Krom. Koyo-koyo
ngendikanke: lah ngopo aku kok gak ayem wong aku nduwe Gusti Kang Moho Sugih
lan Semugih, sing lamun nyedak bakal dicedhaki, lamun eling bakal dicukupi,
lamun njaluk mesthi dituruti, lamun ndungo mesthi disembadani? Ngopo aku kudu
susah wong aku nduwe Juragan sing lamun aku gelem kerjo sediluk wae mesthi
diganjar kelawan ganjaran seng guedhe lan njamin uripku selawase, sing lamun
aku gelem nurut nunut lan anut mesthi bakal dituntun dipadhangi lan didudohke,
sing lamun aku gelem nyekeli omongane aku bakal keramut keramate? Ngopo aku
wedi wong Pengeranku ora tahu ngapusi?”
Akrom: “Iyo yo Leh, wajahe podho mencorong sakmongko nek pas kholwatan iku
tah biasane lampune mati.”
Sholeh: “Petheng iku ben pantheng Krom. Wong kulino padhang iku kan
rumongso kethok rumongso iso, rumongso ndelok rumongso kuwoso. Padahal
gebyaring ndunyo iki kan mung impen-impenen. Lamun lampune mati nuli
petheng-ndedhete nemen, banjur katon kabeh sing kasimpen. Mulane mbah-mbah iku
mau podho kholwat ben biso ngerti lan ngerasakke kelawan batine kabeh perkoro
kang kasimpen kanthi primpen, yoiku Gusti Allah Al-Lathif.”
Akrom: “Jan-jane kholwat ki opo to Leh? Sajake kok uenak ngono biso mbukak
lan nyibak perkoro-perkoro kang kasimpen, aku ndung malah kudu melu ig.”
Sholeh: “Kholwat ki sepi, nepi, tur nyepiake seliyane Gusti.”
Akrom: “Berarti ora oleh kumpul wong tah Leh?”
Sholeh: “Oleh ngumpuli angger atine ora lali, kan ngendikane Mbah Dullah
ojo mencil sakdurunge muncul mundak kepencil. Nek ape melu yo kudu siap dhohir
lan batine amergo iki dudu dolanan, yo ora kanggo jajal-jajalan. Dadi kholwatan
sepuluh dino iku kan coro ngono latihan takholly, nyepiake ati lan
ngresiki kabeh reget kanggo nyambut rawuhing Gusti Kang Moho Suci ono ing ati.
Sak bakdane resik atine, banjur kudu dihias-rias supados Gusti remen, ngene iki
diarani tahally utowo maes-maesi. Nah sak bakdane maes-maesi sekirane
ati iki wes pantes nampi hudhur-rawuhe Gusti, Gusti bakal rawuh ngebaki ati
kerono atine menungso iki minggah Syekh Jalaluddin Rumi iku minongko
singgasanane Gusti, ikilah sing diarani tajally.”
Akrom: “Lha trus jan-jane singgasanane Gusti iki ono neng endi to Leh?”
Sholeh: “Katulis neng kitab karangane Mbah Mutamakkin kang aran ‘arsyul
muwahhidin bilih Gusti Allah dawuh maring Nabi Musa: ‘Ora usah podho
nggoleki Aku, kerono menungso iku nggon munggah-medunKu’[2]. Yo iku mau pancen awak dewe kudu manteske awak lan ati supoyo Gusti kerso
manggon lan kerasan.”
Akrom: “Waduh, iki sing angel Leh. Nek koyo aku ngene ijeh seneng dolanan
kok dijak temenanan yo pool abot.”
Sholeh: “Yo pancen roto-roto standare kudu wes mbojo ndisik, ben le dzikir
ora kelingan dzakar hehe”
Akrom: “Lha nek aku gak payu-payu dak gak iso mlebu-mlebu? Trus?”
Sholeh: “Yo kan malah apik to, iso panteng ngibadah thok ora kober ngopeni
anak bojo hehe.”
Akrom: “Wah kok ngono Leh? Iyo nek iso ngibadah panteng, lha nek kepikiran
iku petentang-petenteng terus ndung piye?”
Sholeh: “Lhaiyo ideale pancen kudu nikah ndisik, kerono nikah iku nikmat
ndunyo seng paling gedhe jarene hehe lha nek wes entuk lan ngrasakke nikmat ndunyo
seng paling gedhe kan trus mikir ape nggolek opo meneh wong wes katok? Nek
kesasar mlebu dalan buntu dak yo kudu mbalik to ben tutug? Mulane ndang nikah
to ben ndang iso melu mlebu hehe.”
[1] Punika salah
setunggalipun istilah wonten kalangan ahli tasawuf. Artosipun: nyepi. Kholwatan
biasanipun dipun lampahi para murid ingkang sami suluk kanthi mondok
wonten syekh mursyid ingkang bombing toriqoh. Wonten ingkang mangsane 10
dinten, 40 dinten, 100 dinten lan sanesipun. Wekdal kholwatan punika, para
murid sami siyam lan ninggal dahar perkawis ingkang wonten nyawane, kados iwak
laut dst.
[2] Kitab karanganipun
Simbah KH Ahmad Mutamakkin punika dipun kaji deneng Zainul Milal Bizawie
wonten: Perlawanan Kultural Agama Rakyat
Tidak ada komentar:
Posting Komentar