“Ojo Kesusu Boyong”
(Sholeh & Akrom Kaping 41)
oleh: Sahal Japara
Akrom: “Leh... Kang kang sing wis lulus tahun wingi kok
iseh podho ning kene ya?”
Sholeh: “Iyo Krom. Podho ngrampungke ngaji al-Quran sing
durung podho khatam.”
Akrom: “Lho ngono iku nek arep boyong songko kene kudu
khatam ngaji al-Quran ndisik ya?”
Sholeh: “Iyo Krom. Ngendikane guru-guru sepuh: “kuwe
ora iso Balaghoh, ora iso Ushul Fiqh ora opo-opo. Sing penting Quranmu khatam.”[1]
Akrom: “Eeee layakmen kok sing biasane ora tahu ngaji
podho ngetok. Wong ora oleh boyong sakdurunge khatam ngaji. Ngono iku iseh
ngajine suwi, akih-akih, ngentekke jatahe kancane.”
Sholeh: “Hehe mulane ben awak dewe mbesuk nek wes lulus
iso langsung boyong, ayo mulai sakiki kudu sregep ngaji. Ben mbesuk ngajine ora
diuber-uber wektu. Paling enak iku dadi wong Njowo Krom.”
Akrom: “Kok iso Leh?”
Sholeh: “Hehe Lha kok ora? Nek wong Inggris uripe pijer
nggudak-gudak wektu, wong prinsipe “time is money: waktu adalah uang”.
Uripe ora iso dinikmati. Lha kepiye iso nikmati? Wong prinsipe kuwi wektu
minangka duit kang kudu diuber-uber, lamun ora diuber yo cepet ilang. Semono
ugo wong Arab kang uripe diuber-uber wektu, wong prinsipe “al-waqtu
kas-saif: waktu adalah pedang”. Uripe yo podho wae ora iso dinikmati. Lha
kepiye carane biso nikmati wektu nek prinsipe kuwi wektu iku minangka pedang
kang lamun ora ndang-ndang ditandangi yekti bakal kapedang? Paling enak pancen
dadi wong Njowo Krom! Hehe”
Akrom: “Lha nek wong Njowo prinsipe piye Leh?”
Sholeh: “Wong Njowo iku prinsipe “alon-alon waton
kelakon”. Kalem-kalem, sing penting bisa tutug maring opo sing dadi tujuan.
Ngajine kalem-kalem ora popo, sing penting tekan lan khatam. Ora kesusu kerono
nggudak-gudak utowo digudak-gudak wektu. Dadi wektu sing ono sakiki dinikmati,
dilakoni lan disyukuri. Ora mikirke perkoro sing durung teko, mundak wektu sing
ono sakiki ilang lan muspro. Jeruk-jeruk roti-roti, mbesuk-mbesuk sakiki-sakiki
hehe.”
Akrom: “Apikmen parikane Leh hehe. Lha trus aku sing iseh
durung faham iku ngendikane guru-guru ken ngatamke al-Quran senajan ora faham
pelajaran.”
Sholeh: “Ngaji al-Quran iki ora baen-baen lho Krom.”
Akrom: “Lha kok iso Leh?”
Sholeh: “Lhooo.. ngaji al-Quran iki ittishol lan mutawatir
tekan Kanjeng Nabi. Para sahabat maos al-Quran ing ndalem ngarsane Kanjeng
Rosul. Para Tabi’in maos al-Quran ing ndalem ngarsane para sahabat. Para
Tabi’it tabi’in maos al-Quran ing ndalem ngarsane para tabi’in lan sak teruse.
Mulane iku, supaya awak dewe bisa mulangke al-Quran maring wongkang ono sak
ngisore awak dewe syarate yo kudu khatam al-Quran iki, supaya bisa ittishol tekan
Kanjeng Nabi. Dene kitab-kitab pelajaran kan pol-pole ittishol mung
tekan pengarange to Krom?”
Akrom: “Berarti ngaji al-Quran iku ora keno otodidak yo
Leh?”
Sholeh: “Senajan fasiho koyo opo olehe moco al-Quran,
tetep kudu dingajikke maring guru. Yo koyo sing tak kandakke mau, supaya bisa ittishol
maring Kanjeng Rasul. Kanjeng Rasul saking Malaikat Jibril, Malaikat Jibril
saking Gusti Allah. Lha nek ngajine otodidak, ora tau disetorke guru babar
pisan, trus gurune ndung sopo Krom?”
Akrom: “Gurune kaset Leh. Hehe wong nirukke kaset.”
Sholeh: “Hehe nek gurune kaset, yo ittishole tekan
bakul kaset. Opo iso bakul kaset mbesuk dino kiamat dijaluki syafaat? Ngelmu
iki ibarate koyo kapal, lha guru-guru iki minangka kali utawa laut kang
numekakke maring samudera kang tanpa tepi, yaiku Gusti Allah. Kepiye carane
kapal bisa mlaku tutuk samudera, lamun ora ono kali utawa laut? Semono uga,
kepiye carane bisa merkoleh ridhane Gusti Allah nek ngajine mung karo kaset?”
Akrom: “Waaah,
pancen bener kandamu Leh. Lha nek mengko ngajine karo kaset, iso-iso awak dewe
nek mati ora dingajikke malah disetelke kaset mp3.”
Sholeh: “Hehehe. Cocok karo ngendikane para ahli tasawuf:
مَنْ لَا شَيْخَ لَهُ فَشَيْخُهُ
شَيْطَانٌ
"Sapa wonge kang ora nduwe guru, mangka gurune iku
setan."
[1] Dhawuh punika asring
dipun ngendikaaken Simbah KH Ahmad Yasir kagem para siswa kelas 3 aliyah
ingkang badhe lulus saking Perguruan Islam Mathali’ul Falah.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar