“Sopo Takabbur, Akale Mabur”
(Sholeh & Akrom Kaping 38)
oleh: Sahal Japara
Akrom: “Leh, aku kok iseh durung faham.”
Sholeh: “Durung faham opo Krom?”
Akrom: “Setan kan digawe songko geni to?”
Sholeh: “Iyo, trus?”
Akrom: “Lha mbesuk kepiye carane Gusti Allah nyikso setan
ning neraka, sak mongko neraka kuwi ya geni?”
Plaaaaakkkkkk...
Akrom: “Aduhhh... pipiku kok ujug-ujug mbok ceplek
ngopo?”
Sholeh: “Hehe.. loro opo ora? ”
Akrom: “Yo jelas loro to. Maksudmu piye? Kok sajakane
malah golek-golek ukoro?”
Sholeh: “Hehe tenang sek taaa.. Tenang... Jebul kulit
ketemu kulit iso nglarakke to ya? Opomaneh geni ketemu geni.. hehe ya sepurane
Krom, iku mau mung tuladha ben awakmu ora mamang yen setan sing durhoko iku
mbesuk bakale disikso ning neroko. Setan sing podho genine wae banget larane,
opomaneh awak dewe sing rupa kulit iki yen dilebokke neraka ndung rasane kaya opo?”
Akrom: “Iyo yo Leh... lagi mbok kaplok sing podho kulite
wae rasane kemeng cekit-cekit..”
Sholeh: “Mulane iku, awak dewe iki sak isa-isane ojo
nganti melu-melu dadi setan.”
Akrom: “Maksude dadi setan Leh?”
Sholeh: “Iyo Krom. Setan iku kan digawe songko geni.
Kahanane geni iku senengane manas-manasi, ngobong-ngobongi, nek ketemu perkara
liyane ora bisa sareh tur sumeleh, bisane mung ngrusak kerana sifate kang
gumedhe. Bedha karo kahanane lemah kang lembah manah bisa sareh lan sumeleh
nalika kasiram banyu, uga gampang diolah minangka dadi sumbere kahuripan.
Mulane iku awak dewe iki ora oleh nduwe sifat takabbur utawa gumedhe kang dadi
sifate geni.”
Akrom: “Lha iki sing angel Leh.. Takabbur.. Ngrasa gedhe
dewe iki sing angel diilangi. Munggane aku ora mbok kandani iku mau, yo
langsung tak kaplok pipimu. Sak bakdane mbok kandani aku terus mikir, oh iya
ya, setan iku gawene ngridu lan adu-adu. Perkara sithik wae bisa ndadekke
pedhote kekancan lan paseduluran. Lamun wis pedhot, yo banget angele nyambunge.
Mau asale aku yo ora terimo. Koyo ono sing ngompor-ngompori supaya aku mbales
kaplokanmu Leh. Bareng mbok kandani, aku terus rodo adem. Tak pikir-pikir,
sumbere tukaran yo iki: takabbur, ngrasa padha gedhene lan ora ono sing
ngalah!”
Sholeh: “Pancen bener kandamu Krom. Sopo wae ora peduli
Kyai ora peduli presiden, kok takabbur yo akale bakal mabur.”
Akrom: “Maksude akale mabur Leh?”
Sholeh: “Yo maksude sopo wae kang gumedhe, bakal ilang
akale. Setan iku kurang apane leh Krom? Ahli ngibadah lan ahli makrifat, ora
ono sing bisa nandingi. Bareng setan diutus Gusti Allah supaya sujud maring
Nabi Adam, setan mbangkang lan ngrasa gumedhe. Ngrasa gumedhe ikilah kang dadi
penyebab ilange akale setan. Bayangno jajal Krom. Pas didangu Gusti Allah
kenapa kok gak gelem sujud maring Nabi Adam, jawabane setan opo?”
Akrom: “Jawabane? Aku luwih apik timbang Adam. Aku
diciptakke sangka geni, sedeng Adam dititahke sangka lemah.”
Sholeh: “Jajal pikiren Krom. Geni ambek lemah mulyo
endi?”
Akrom: “Yo geni..”
Sholeh: “Lha kok iso?”
Akrom: “Lha nek gak ono geni kan ora bisa masak hehe...”
Sholeh: “Dapurmu iku...”
Akrom: “Iyo yo Leh. Padahal lemah iku sumber tukule
kahuripan, kok isa-isane setan sing cerdas ahli makrifat iku kok muni geni
luwih apik sangka lemah yo Leh?”
Sholeh: “Lhaiya, sopo takabbur, akale kabur... Nah, lamun
setan iki geni, mangka wong mukmin iku minangka baja. Baja iku sansoyo diobong,
ora melu kobong malah sansoyo kukoh lan tambah kuate.”
Akrom: “Wah, nek ngono awak dewe iki pancen kudu
bermental baja, berfikir baja, lan berhati baja ben ora gampang digoda setan.”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar