“Bosone Rupek, Ndunyone Sumpek”
(Sholeh
& Akrom Kaping 28)
oleh: Sahal Japara
Akrom:
“Aku pualing gak seneng Leh, nek ono wong seng muni al-Quran iku ora ono
keistimewaane!”
Sholeh:
“Awakmu kok iso ngerti iku ko ngendi?”
Akrom:
“Lha wingi Yi Rozien cerios nek kelasku.[1] Kan
bakdo nderek acara work shop kang mbahas al-Quran nek Jerman. Kesimpulane opo
masamu?”
Sholeh:
“Opo Krom?”
Akrom:
“Al-Quran iku ora kitab seng istimewa!”
Sholeh:
“Lha kok iso ngono iku kepiye?”
Akrom:
“Lha mbuh, Yi Rozien wingi yo ngendikan nek gak saget kepiye-kepiye, wong
koyo-koyo beliau ki diundang butuhe mung kanggo ndungokke trus dipekso kon
nyetujuni keputusan, dipekso wes anger kon muni yo ngono wae.”
Sholeh:
“Yo ngonoikulah kelakuane orientalis iku.”
Akrom:
“Orientalis iku opo to Leh?”
Sholeh:
“Orientalis iku wong-wong barat seng nyinauni kebudayaan timur termasuk agomo
Islam seng muncule nek Arab (timur) sak perlu nggoleki kekurangan lan
kelemahane dienggo nyerang lan ngejur Islam. Awak dewe nek karo wong-wong ngene
iki Krom, entek Bahasa Arabe! Ngasik nek Jerman kono, nek Leipzig iku ono
perpustakaan terlengkap seng isine kitab-kitab Arab. Kuwe tau ngerti kitab
Tarikh Adab seng nek perpus iku?”
Akrom:
“Sing kitabe sampule hard-cover iku kan?”
Sholeh:
“Iyo! Iku seng ngarang wong Jerman Krom, Karel Brocklmen diterjemahke Bahasa
Arab dining ulama’ Mesir.”
Akrom:
“Lhoh? Bakune?”
Sholeh:
“Yo saiki tugase awak dewe pancen kudu iso njawab pitakone wong-wong Barat iku,
opo keistimewaane al-Quran? Nek kepingin al-Quran ora dielek-elek. Selama iki
kan awak dewe nganggep Quran iku kitab suci seng sakral, wedi duso nek ape
nafsirke kerono syarate oleh anggene nafsirke seng pancen ketat. Akhire Quran
ndung dadi Kitab Suci seng manggone neng njero lemari, ora tau manggon numancep
neng ati. Quran apik nek lagune apik kelik-kelik. Quran elik nek suworo seng
dienggo moco elik. Opo yo trus ngono? Padahal mukjizate dak yo isine to?”
Akrom:
“Nek coro aku yo Leh, wong aku iki ora pati iso Bahasa Arab yo ora iso nafsirke
Quran. Pas aku moco buku, aku tau nemu yen pakar linguistik Jerman Ludwig
Widgeinstein tau muni ngene: “The limits of language is the
limits of world.”[2] The limits utawi kerupekan, of
language kang tetep ing ndalem boso, is iku utawi the limits of language, the limits iku kerupekan, of world kang tetep
ing ndalem ndunyo, keterbatasan bahasa pertanda keterbatasan dunia Leh.”
Sholeh:
“Hehe sangar men ngono, Bahasa Inggris mbok maknani gandul!”
Akrom:
“Sangar no go! Hehe…”
Sholeh:
“Lha trus karepmu kepiye?”
Akrom:
“Hehe yo nek bagiku kanggo jawab pitakone wong-wong iku mau cukup mbalikke
omongane dewe. Jarene Widgeinstein mau kan rupeking boso iku tondo rupeking
ndunyo.”
Sholeh:
“Trus?”
Akrom:
“Lha Quran iki wis 15 abad diwoco terus ora tau mandeg-mandeg. Dikaji terus ora
tau mandeg-mandeg. Diomongke terus ora tau mandeg-mandeg. Dikritik terus ora ming pisan pindo. Iki nandakke nek Quran iki
bosone ora tau entek ora tau rupek sahinggo ndunyane wong seng gelem moco,
ngoco, lan ndadekke konco yo ora tau rupek. Opo iki ora mukjizat Leh? Sansoyo
nde’e ngarani nek Quran iku ora istimewa, sansoyo mukjizate Quran iki tambah
gedhe wong sansoyo diomongke, sansoyo
akeh maneh seng podho bondong-bondong mlebu agamane dewe.”
Sholeh:
“Masuk akal Krom. Yo ono benere pangendikane Simbah Gus Dur: Tuhan tidak perlu
dibela. Quran iki barang yo ngono,
ora perlu dibelo mergo wis biso mbelo awake dewe. Wong-wong kepet iku isane
mung kari ngoran-ngarani tapi ora tau biso nggawe sak ayat wae seng mbandingi.”
Akrom: “Seng aneh maneh, wong jare gak istimewa kok
didadekke tema kajian nek workshop dak lucu to Leh? Hehe”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar