“Barokahe Semut”
(Sholeh & Akrom Kaping 39)
oleh: Sahal Japara
Sholeh: “Lho? Dungaren nyahmene wis tangi Krom? Biasane
iseh ngorok kok hehe.”
Akrom: “Hehe yo ben tau tangi wengi mbarang ah Leh. Iki
mau barokahe semut.”
Sholeh: “Opo? Barokahe semut?”
Akrom: “Iyo Leh. Goro-goro mripatku dicokot semut, aku
ora iso turu maneh je. Tak golak-goleki pengen tak gintes ora ono e. Semut kok
kurang ajar, ngganggu wong turu. Tak merem-meremke maneh ora iso-iso turu.
Rasane cekit-cekit kemeng nek mripat. Lha timbang aku tewah-teweh dak mending
tak nggo wudhu terus shalat a Leh?”
Sholeh: “Hehe ngono yo joss..”
Akrom: “Pas aku emosi nggolak-nggoleki semut sing nyokot
ora ketemu-ketemu, aku ndung kelingan ceritane Mbah Abdullah Salam Leh.”
Sholeh: “Kepiye ceritane Krom?”
Akrom: “Sijineng wektu, ono santrine Mbah Dullah
resik-resik kamare beliau. Lha pas nyingkap amben, kang santri kuaget, jebul
uakeh banget tinggine. Banjur kang mau matur karo Simbah nyuwun izin diresiki,
tapi malah Simbah mboten kerso. Ngendikane beliau: “Ojo! Iku (tinggi) sing
nggugah aku nek bengi kok!”[1]
Sholeh: “MaasyaaAllah ngono ya Krom.”
Akrom: “Pancen Simbah Abdullah Salam iku MaasyaAllah Leh.
Garwane Simbah Aisyah Abdullah Salam yo podho wae. Pernah sawijineng wektu,
ning ndalem uakeh kucing cilik podho nembelek sak nggon-nggon. Bocah-bocah
ndalem sing nderekke Mbah Aisyah iki gregeten. Lha piye? Bar diresiki nembelek,
bar diresiki nembelek, ngono trus sing ora nggonduk ki ya sopo? Banjur ono sing
matur marang Simbah Aisyah. Mbak Ndalem: “Mbah, kucinge niki kulo bucale
nggih?” Mbah Aisyah: “Timbang
kucinge, alok kuwe wae sing tak buak. Wong iku sing nulungi aku mbesuk ning
akhirat kok.”[2] Beliau-beliau iku MasyaAllah welase karo sopo wae
termasuk kewan.”
Sholeh: “Yo nek ngono awakmu tiru to. Tak dungakke semute
istiqomah nyokot mripatmu ben awakmu iso istiqomah shalat wengi hehe...”
Akrom: “Waaahh.. Nek istiqomah dicokot semut mripatku dak
tambah mbendol guedi Leh???”
Sholeh: “Hehehe...”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar