“Mengku
Rusuh, Mengku Diwasuh”
(Sholeh Akrom Kaping 35)
oleh: Sahal Japara
Akrom: “Huffftt...”
Sholeh: “Ono opo to Krom kok sajake nggrundel ngono?”
Akrom: “Iki lho Leh... jobin pondok lagi bar tak resiki
wes rusohe koyo ngene iki piye jal? Ora kudu emosi tah piye ngene iki?
Bola-bali cah-cah pondok wes dikandani nek ape mlebu pondok sandal/sepatune
ditus ndisik ben ora ngrusohi jobin, eee malah ora digatekke. Wes ngrusohi ora
gelem ngresiki.”
Sholeh: “Hehe yo seng sabar to Krom. Wong lagi musim udan
kok.”
Akrom: “Iyo sabar si sabar. Anggenku ngandani wes ora
kitung. Siji dikandani banjur mari, malah seng sijine maneh nulayani. Kesel aku
Leh ngrasakke cah-cah pondok.”
Sholeh: “Urip wong akeh yo pancen ngono iku Krom. Iki tah
lagi nek pondok seng isine cah pondokan kabeh, mbesuk nek mbalik masyarakat
seng isine wong werno-werno ndung terus piye? Opo awak dewe trus nyerah ngono
moh ngopeni moh ngurusi?”
Akrom: “Yo ora ngono si Leh. Astaghfirullaaah... pancen
sabar iki angel yo Leh yo?”
Sholeh: “Hehe yo kawit mbiyen nak iku. Mulane awak dewe
iki diutus Gusti ken sami nasehati ing ndalem kesabaran.
تَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا
بِالصَّبْرِ[1]
"Padha wasiyata kelawan kebeneran, uga padha wasiyata
kelawan kesabaran."
Akrom: “Iyo yo Leh. Pancen bener kandamu.”
Sholeh: “Nek dipikir-pikir yo Krom, ndunyo iki didamel
cepet rusoh, didamel cepet rusak, justru iki Gusti maringi kesempatan awak dewe
supoyo merkoleh ganjaran kang gedhe.”
Akrom:
“Lha kok iso?”
Sholeh:
“Hehe jawabane yo simple wae. Seumpomo anggenmu ngresiki jobin iku
ndadekke jobine resik selawase kan ndung ganjaran ngresiki jobin kanggo liyane
dak yo wes entek to? Wong ganjarane wes mbok pek awakmu kabeh, sementara seng
liyane seng kepengen merkoleh ganjaran ngresiki jobin wes ora kumanan. Mulane
ndunyo iki didamel cepet rusoh, ben tetep ing ndalem saben mongso ono seng
gelem ngresiki. Didamel cepet rusak, ben tetep ing ndalem saben mongso ono seng
gelem ngopeni.”
“Menungso iki dititahke pancen lalinan yo luputan. Gampang
tumindak becik, yo gampang tumindak olo. Lha nek tumindak becik terus ora tau
ngelakoni kesalahan babar pisan trus opo gunane tobat? Hikmahe yo iki menungso
didamel luputan lan lalinan supoyo nde’e tansah bali maring pengeran. Nah,
carane bali yo kudu gelem ngibadah, kerono ngibadah lan shalat iku minongko
ngedusi awak dewe lan ngresiki songko kotoran-kotoran lan kesalahan-kesalahan
seng saben dino awak dewe lakoni. Lha nek ora ono kotoran utowo kesalahan,
banjur seng diresiki opo jal? Iki pas karo opo seng pernah diomongke Pak Chaerul
Tanjung si anak singkong: “Setiap ada krisis, pasti ada peluang.”[2] Semono
ugo jobin utowo kabeh perkoro ndunyo iku saben rusoh mesti ono peluang kanggo
merkoleh ganjaran. Dak ngono to?”
Akrom:
“Iyo yo Leh. Jebul ngono yo hikmahe?”
Sholeh:
“Iyo to Krom. Kabeh didamel berpasang-pasang yo hikmahe ngene iki. Pas karo
dawuhe Gusti seng ono ing ndalem Surat al-Mulk bilih Gusti ndamel pati lan
urip, apik lan elek, seneng lan susah iki kabeh ono kanggo nguji menungso supoyo
dingerteni endi seng becik endi seng olo.
تَبَارَكَ الَّذِيْ بِيَدِهِ الْمُلْكُ وَهُوَ عَلَى
كُلِّ شَيْئٍ قَدِيْرٌ :: الَّذِيْ خَلَقَ الْمَوْتَ وَالْحَيَاةَ لِيَبْلُوَكُمْ أَيُّكُمْ
أَحْسَنُ عَمَلًا وَهُوَ الْعَزِيْزُ الْغَفُوْرُ[3]
Moho
barokah Sopo Dzat Kang anduweni kerathon, hale utawi Dzat mau ingatase
saben-saben perkoro iku Moho Kuoso. Kang nitahke mati lan urip supoyo nyobo
siro kabeh endi sing paling bagus ngamale. Dzat mau iku Kang Moho Mulyo ugo
Kang Moho Pengapuro.
Akrom:
“Ohh… hehe aku ndung kelingan film india kabhie kushi kabhie gham kadang
bungah yo kadang susah.”
Sholeh:
“Hehe laiyo mulane iku, wes ayo mulai sakiki awak dewe wes ora usah nyelo wong liyo
senajan cetho welo-welo tumindak olo. Kerono olo-ne wong iku mau iso numekakke maring
tobat lan bali ngarso dalem Allah kerono rumongso asor lan ino. Semono ugo awak
dewe wes ora usah ngegung-ngegungke ngamale dewe senajan kahanane pancen gedhe,
yo wes biasa wae, kerono ngamal seng gedhe iku mau iso numekaake awak dewe maring
sifat gumedhe. Ngendikane beliau Syekh Ibnu Athoillah:
“Maksiyat
kang mariske roso ino lan asor iku luwih apik tinimbang tho’at kang mariske
roso agung lan gumedhe.”
Akrom:
“Astaghfirullaaah… pancen awak dewe kudu ngoreksi lan niti-niti awak dewe trus
yo Leh… pancen angel tenan… ngantos Kanjeng Rosul wae ngendikanke: buanget
buagus temenanan sopo wonge seng ribut ngopeni celone dewe tinimbang ribut
ngopeni celone wong liyo.”[5]
Sholeh:
“Iyo Krom, wes mulai sakiki nek awakmu arep ngresiki jobin aku kandani yo ben
kecipratan ganjaran hehe.”
Akrom: “Hehe moh ah, mulai sakiki aku pengen latihan
sabar, arep tak empek dewe ganjarane.”
[1] QS al-‘Ashr: ayat 3.
[2] Chaerul Tanjung, Chaerul
Tanjung Si Anak Singkong.
[3] QS al-Mulk: ayat 1-2.
[4] Ibnu ‘Athaillah
as-Sakandary, al-Hikam.
[5] Punika haditsipun:
طوبى لمن شغله عيبه عن عيوب الناس
“Bejo kemayangan temenan
kanggo sapa wae kang kethungkul cacate dewe ninggal cacate wong liya.”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar