“Ngelmu,
Angel Tinemu”
(Sholeh
& Akrom Kaping 2)
oleh: Sahal Japara
Akrom:
“Leh, nek coromu, ngelmu
iku asale sangka Basa Arab عِلْمُ
tah sangka Basa Jawa Ngelmu sing
jare wong njowo ki angel ditemu?”
Sholeh:
“Hehe nek coroku cik علم cik ngelmu iki kabeh asale ya sangka ngarsane Gusti Kang Moho Suci!”
Akrom:
“Lha nek iku ya wes
ora usah ditakokke kabeh wong lha ngerti! Maksude asal basane sing kawitan iku metune sangka
ngendi aku kan kepengen ngerti to.”
Sholeh:
“Hehe nek coroku ya? Mbuh bener mbuh salah, percaya lah
ora yo lah. Ngelmu sing angel ditemu iku asale sangka Basa Arab عِلْمُ kang anduweni
makna: ngerteni, ngaweruhi lan makna seng sepadan.[1] Lah iki lho sing kudune awak dewe ngerti nisbate wong luru
ngelmu sing
pancen angel ditemu. عِلْمُ iku kasusun sangka telung huruf. Awakmu ngerti Krom?”
Akrom:
“ع، ل، م Leh!”
Sholeh:
“Nah, ngelmu iku dikawiti huruf ع kang
tulisane mlungker-mlungker menggak-menggok. Iki tandane wong luru ngelmu sing kepengen pikantuk ngelmu sing bener iki pancen dalane menggak-menggok uga mlungker-mlungker, ora kok lurus bebas ora
ono alangan.”
“Lha carane nulis huruf ع
iku yo mbutuhke tahapan-tahapan, pertama nuliske lengkungan sing cilik ndisik
banjur disusul nuliske lengkungan sing
gedhe, iki nandakke yen luru ngelmu iku pancen kudune bertahap ko sithik ko
sithik dikawiti perkara-perkara sing cilik-cilik ndisik sing bobote enteng,
nuli disusul perkoro-perkoro sing
gedhe-gedhe sing
abot-abot.”
“Huruf ع iki kalebu huruf sing itungane makhroje
angel diucapke kerana
manggone ana ing
njero. Mulane wong njowo kerep muni “nga” kerana angel lan jerune makhroje ع.
Iki nandakke yen wong luru ngelmu iki mbutuhke perjuangan sing keras lan jeru, kudu wigati lan setiti. Lha huruf ع
iki kan ora bakal iso kawoco yen ora
diharokati to Krom?”
Akrom:
“Iyo Leh. Kasroh harokate. Trus piye karepe?”
Sholeh:
“Kasroh iku panggone neng ngisor, mulane wong luru ngelmu kudu tawadlu’ lan
andap asor, ben ngelmune mbesuk isa
kawoco ngarsane Gusti Allah Kang Moho Ngudaneni. Harokat iku artine obah.[2] Mulane
wong luru ngelmu seng gelem tawadlu’ andap asor iki disamping ngelmune mbesuk
bakal kawoco deneng Gusti, yo bakal obah tetep urip meski seng nduwe wis mati.
Wong luru ngelmu ki yo kudu kasroh, awakmu ngerti apa artine kasroh Krom?”
Sholeh:
“Siiip Krom. Kudune pecah!”
Akrom:
“Maksude kepiye Leh?”
Sholeh:
“Maksude pecah iku larut hambur-lebur nyatu-padu karo ngelmu seng pengen
ditemu. Deweke
nggrangsang utowo hirsh karo ngelmu. Lan
olehe nggrangsang nggudak-nggudak ngelmu iku ora kerasa amerga awake wes kalebur dadi siji karo ngelmu kayadene uyah utawa gula sing larut neng njero banyu. Seng ketok mung
banyu, seng diluru mung ngelmu Krom!”
Akrom:
“Oh ngono yo Leh?”
Sholeh:
“Iyo to Krom. Teruske apa ora?”
Akrom:
“Yo diteruske to! Iki babakan seng penting je. Aku malah tambah penasaran kok.”
Sholeh:
“Oke sip. Nek ngono ayo disruput kopine ndisik Krom hehe. Iku mau lagi tahapan kang kawitan. Sing kaping pindo sak bakdane tahapan ع,
wong sing luru ngelmu kudu ngliwati
tahapan ل. Huruf ل
iki sinambung karo huruf ع. Tulisane
ل iku
kan
tegak lurus munggah, iki nuduhke yen wong luru ngelmu kang wis bisa ngliwati tahapan ع,
iki kudu lurus jejeg istiqomah anggene luru ngelmu. Nek nde’e wis iso lurus
jejeg istiqomah, nde’e bakalan munggah, bakal diangkat derajate deneng Gusti
Allah. Iki-lah sing bisa
mbedakke antarane wong pinter karo wong bodho. Tapi sarate yo iku mau, pancen
kudu lurus jejeg istiqomah kayadene
jejeg luruse garis huruf ل.”
“Lha nek nde’e wis bisa lurus jejeg, banjur nde’e bakal diparingi
kluwengan-e huruf ل sing kayadene gantolan, sing bisa
nggantol lan nyantol kabeh perkara
kang tumiba sangka nduwur, ateges ngelmu sing tumiba saking langit yaiku ngelmune Gusti Kang Maha Ngudaneni. Iki nyocoki karo apa kang didawuhke
Kanjeng Rasul Muhammad SAW:
Kang artine: “Sapa wonge sing gelem ngamalke ngelmu kang wus dingerteni,
Allah bakal maringi ngelmu kang durung tahu dingerteni.”
“Lha huruf ل iku yen diucapke kan nemukke antarane
pucuking ilat lan cetak utawa langit-langiteng cangkem. Iki nandakke yen wong
sing luru ngelmu iki kudune njaga ilat sing nuduhake ati kerana nde’e wis nampa
pesen sing tumiba saking Gusti. Huruf ل iki diwoco sukun sing anduweni arti: 1.
Anteng 2. Mati. Iki nandakke yen wongkang luru ngelmu kang wis bisa ngliwati
tahapan ل mau, nde’e
bakal pinaringan anteng manahe adem ayem pikirane kerana kepengenan-kepengenan
tumeraping sak liyane ngelmu iki wis mati Krom.”
Akrom:
“MaasyaaAllaah, jebul jeru maknane ya Leh. Itungane ya pancen kudu temenanan
ben isa kaya ngono. Lha terus tahapan sing terakhir, tahapan huruf م
iki maksude piye?”
Sholeh:
“Hehe iseh gelem ngrungokke apa ora? Nek wis ora konsen kan mending ora usah
tak teruske, ora ana gunane. Ngomong ngalor ngidul koyo penyiar radio malah
jebul gak dirungokke hehe.”
Akrom:
“Yo diteruske lah. Wong iki justru seng paling akhir. Perkara sing terakhir
sing metune kari-kari biyasane kan akeh artine a? hehe.”
Sholeh:
“Siiip lah… sak bakdane ngliwati tahapan ع
lan لseng
kudune iseh tetep dijogo, wong seng luru ngelmu kudu ngliwati tahapanم .
huruf م iku tulisane dikawiti bundelan
sing neruske lengkungane ل
mau. Iki nuduhke yen wongkang luru ngelmu sing wes merkoleh ngelmu seng tumiba saking
Gusti, nde’e kudu bisa njaga lan mbundeli supaya ora padha ucul lan lali.
Bundelane م iku ora tau ngejarke ngelmu sing wes terkumpul padha lali lan ucul akhire
padha metu sangka bundelan, kerana bundelane iku ora ana celahe.”
“Sakbakdane nde’e bisa mbundeli kaya bundelane م,
nde’e kudu bisa neruske nulis huruf م
yaiku tegak lurus jejek mengisor. Iki nandakke yen wongkang luru ngelmu sing temenanan sak bakdane bisa ngumpulke lan
mbundeli ngelmu kanthi sampurna lan paripurna, nde’e kudu ngamalke lan nularke
maring wong-wong kang ana sak ngisore nde’e kelawan ngaji, ngabdi, lan ngabekti. Tahapan م
iki tahapan sing makhroje paling njobo, sak bakdane ع
sing paling jero, disusul ل sing ana ing tengah. Ana ing tahapan م
iki, wongkang luru ngelmu kudu isa ngamalke kanti nyata kerana makhroje م
iku ana ing njaba. Sing
asale mung teori blaka kang ono ing tahapan ع
lan ل amerga makhroje ana ing njero, kudu dadi nyata
lan ana bukti tanda ngabekti. Makhraje م
kang nemukke lambe nduwur lan lambe ngisor iki nuduhke yen wong kang luru
ngelmu kang wis tutuk tahapan م iku kudu isa nemukke lambe nduwur (حبل من الله)
lan lambe ngisor (حبل من النّاس).”
“Huruf م iku ora isa kawoco lamun ora diwenehi
harokat, mulane diharakati dhommah Krom. Dhommah iku artine kumpul, nuduhke yen
wong seng bener-bener isa merkoleh hakikate علم
iku kudu isa ngumpulke lan mersatukke ummat supaya padha bisa tansah bali
maring Quran (Kitab) lan Hadits (Sunnah) kanthi jama’ah. Ikilah ngelmu sing bisa njaga ahlussunnah wal-jama’ah Krom. Kerana ikulah, Syekh Zarnuji pernah ndawuhke wonten ta’limul
muta’allim bilih sak bagus-baguse
ngelmu iki ngelmu laku lan sak bagus-baguse ngamal iku njaga laku.
Kang
artine: “Sak utama-utamane ngelmu iku ngelmu laku (haal), lan sak
utama-utamane ngamal iku njaga laku (haal).”
Dadi ikilah kabeh hakikate
ngelmu kang bisa nekakke hikmah utawa kebikjasanaan Krom.”
Akrom:
“Ya Allaaah, jebul-jebul ngelmu iku pancen angel tinemu ya Leh ya? Basa Arab
jebul nyimpen makna akeh.
Munggane aku ora takon awakmu menawa ya aku ora ngerti.”
Sholeh:
“Kabeh iku Allah Krom. Awak dewe ngerti utawa ora iki kabeh kersane Gusti. Senajan sing
diparingke iki ming sithik, ya tetep kudu disyukuri. Carane nyukuri kuwe
ngerti?”
Akrom:
“Piye carane Leh?”
Sholeh: “Yo dingamalke sak isane.”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar