“Ngaji, Ora Mbejaji Dadi Aji”
(Sholeh
& Akrom Kaping 18)
oleh: Sahal Japara
Akrom:
“Ngaji posonane wes podho rampung yo Leh, wingi malem jum’at kae khataman ngaos
nggene Simbah Sahal, ndek esuk cah-cah PNQ (Ponpes Nurul Quran) yo wes podho
pamitan Abuya Minan, mengko sore podo khataman ngaos nggene Abuya Minan. Nggene
Abah Zaki yo suk malem senin wes podho pamitan.”
Sholeh:
“Iyo Krom.”
Akrom:
“Lho kok lemes ngono to Leh?”
Sholeh:
“Yo aku di satu sisi seneng
banget ngajine wes khatam, tapi di sisi yang lain aku susah Krom.”
Akrom:
“Lha emange susah kenopo to
leh?”
Sholeh:
“Kuwe ngerti maksude khatam?”
Akrom:
“Khatam dak yo wes rampung to?”
Sholeh:
“Iyo secara dhohir ngono. Tapi
selama awak dewe iseh urip dak ijeh durung rampung-rampung to? Dadi hakikate yo
rampunge awak dewe ngaji ki nek wes mati. Bagiku, khatam disamping artine iki
rampung, khatam iku yo nduwe makno liyo. Opo kuwe ngerti?”
Akrom:
“Mbuh yo, lha opo?”
Sholeh:
“Khatam iso iku dimaknai “cap”, koyo dawuhe Gusti Allah:
Kang artine: "Gusti Allah wis ngecap
(nyegel/nutup) ing atase atine wong-wong kafir lan ing atase pangrungune
wong-wong kafir."
Awak ndewe seng bangga nek wes khatam ngaji iki
opo wes macem dicap “wes iso ngaji”? Ngaji iku ono loro Krom, ngaji teori karo
ngaji laku. Nek sekedar khatam ngaji kitab entuk sanad trus iso moco lan muradi
kitabe, iku jenenge ngaji teori. Seng angel iku ngaji laku Krom! ngaji laku iku
disamping faham teori yo iso nglakoni. Njabane karo njerone podho! Umpomo muni
haram, yo cik ono wong cik ora tetep wae harom. Lha sementara koyo awak ndewe
ngene iki nek trimo ken moco maknone wae ngono yo enteng2an ah. Seng angel iku
nganggo makno seng sak jeroning kitab dienggo nggoleki makno sak jeroning urip
Krom! Mulane aku susah, wes khatam ngaji, nangeng kelakuanku ora mbejaji.”
Akrom:
“Aku tek malah miris si Leh.”
Sholeh:
“Tak ceritani Krom. Mbah Kyai Hamid Pasuruan Wallahu Yarham iku nek ape
mucalke kitab mesti ngelampahi ndisek opo seng sak jeroning kitab. dadi nek
dereng iso ngelampahi, yo dereng siyos neruske mucale ngantos saget ngelampahi.[2]
Dadi ngelmune bener-bener wujud eng lakune.”
Akrom:
“Ngono yo Leh? Dadi aku salah
ya nek seneng wong wes khatam ngajine?”
Sholeh: “Hehe yo ora to Krom! Wong tahadduts
bin-ni'mah kok. Alhamdulillah awak dewe diparingi khatam cik nek ngaji amen
ngantuk wae, yo wes mugo-mugo iso ngelakoni ben husnul khitam.”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar