“Sansoyo Arang,
Sansoyo Larang”
(Sholeh & Akrom Kaping 27)
oleh: Sahal Japara
Akrom: “Zaman sakiki matholek ora pati payu yo Leh?”
Sholeh: “Lho kok iso? Sopo kondo?”
Akrom: “Lha sakiki sekolahan seng diluru wong-wong tuwo seng ape nyekolahke
anak kan seng iso marai nyambut gawe nggo luru duit koyodene Sekolah Menengah
Kejuruan (SMK) seng wes menjurus neng gone siji keterampilan khusus koyoto
tekhnik informatika, multimedia, farmasi lan sak pinunggale. Lha matholek?”
Sholeh: “Matholek podho wae menjurus lho, rumangsaem!”
Akrom: “Jurusan opo emange?”
Sholeh: “Jurusan akhirat hehe menjurus ndandani akhlak Krom. Mulane beliau
Syaikhunal Kabir Romo Kyai Sahal saben tahun mesthi pesen maring poro calon
mutakhorrijin Mathal’ul Falah supoyo njogo akhlaqul karimah neng endi
wae kapan wae.[1]”
Akrom: “Akhlaqul karimah?”
Sholeh: “Iyo, akhlaqul karimah Krom! Simbah Kyai Sahal ora tau pesen
aneh-aneh, pesene mung siji iku thok!”
Akrom: “Siji tapi pol aboot iku Leh!”
Sholeh: “Yo mesthi, wong akhlak iki ngelmu laku, ora mung kari ngomong
ngopyok untu. Justru kerono ikilah, Matholek
ora iso ora payu. Kerono zaman sakiki akhlak wes longkooo, wes arang Krom. Wong
wes podho kentekan akhlak. Seng akeh podho mentingke dunyo. Barang sansoyo
arang dak regane sansoyo larang to? Semono ugo barang sansoyo kemlarah yo
regane sansoyo murah. Awakmu eling wasiyate Nabi Ibrahim maring
putro-putrone Krom?
يَا بَنِيَّ إِنَّ اللهَ اصْطَفَى لَكُمُ الدِّيْنَ فَلَا تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ
مُسْلِمُوْنَ[2]
Kang artine: "Hai
anak-anakku, saktemene Gusti Allah iku wus milihke agama kanggo sira kabeh.
Mangka aja padha mati tenan kejaba sira kabeh padha tunduk maring Gusti Allah
(Islam)."
Wong-wong kuno nek zaman mbiyen nek arep sedo podho nakoni anak putune:
“opo seng mbok sembah nek aku mati le?”
مَا تَعْبُدُوْنَ مِنْ بَعْدِيْ؟
Lha nek wong-wong
sakiki nek arep mati seng ditakonke maring anak bojo lan putune kan: “opo seng
mbok pangan nek aku mati nduk?”
مَا تَأْكُلُوْنَ مِنْ بَعْدِيْ؟
Akrom: “Hehe bedho
tipis lafadze tapi bedho adoh maknane yo Leh?”
Sholeh: “Yo mesthi!
Wong-wong ndisik seng diwariske akhlak, lha wong-wong sakiki? Wong seng nduweni
akhlak iku ora tau kentekan dunyo Krom. Lha nek wong seng kedunyan? Wes ora
entuk akhlake, nek dunyane entek yo bakal kilangan dunyone, mongko dunyo iku
mesthi bakal entek. Akhlak ikilah seng nentukke maju orane peradaban sebuah
bangsa Krom. Nganti Sejarawan Amerika Arnold Toynbee
pernah muni ngene: “kebanyakan, peradaban sebuah bangsa hancur bukan karena
sebab yang datang dari luar seperti diserang musuh dsb., melainkan dikarenakan
sebab yang muncul dari dalam seperti hancurnya moral dan karakter bangsa itu
sendiri!”[3]
Akrom: “Lhaiyo iku
tah seng muni wong Amerika seng cetho welo-welo gak seneng mbek Islam, mosok
awak dewe seng ngaku-ngaku Islam malah nguber dunyo ninggalke akhlak.”
Sholeh: “Mulane iku
neng gene Quran diumpamakke yen wong seng nduweni agomo kok ora ngelakoni
ajaran agomone iku koyodene keledai seng nggowo kitab-kitab uakeh nek gegere.
Maksude opo kuwe ngerti Krom?”
Akrom: “Keledai
nggowo kitab nek gegere? Opo iku maksude Leh?”
Sholeh: “Nde’e
digawani kitab seng isine petunjuk dalan kanggo lakune tapi ora iso moco wong diungkuri,
lek malah nde’e mloya-mlayu ngalor-ngidul ora karuan parake. Padahal nek nde’e
ngerti isine tah ora usah mloya-mlayu ngentekke tenogo ngentekke wektu, wong
nek njerone kitab mau ono kabeh kuncine urip neng ndunyo nganti akhirat, ono
kabeh peta menuju omah kang boko kanthi selamet lan begjo. Lha kepiye iso
ngerti wong kitabe didokok gegere, didadekke braholo didadekke reco neng
lemarine, ora tau dibukak diwoco isine?”
Akrom: “Wah,
kesindir ngene iki aku Leh.”
Sholeh: “Iyo mulane
ojo pisan-pisan muni akhlak iku ora ono regane!”
Akrom: “Lho aku ora
muni je!”
Sholeh: “Yo maksudku
melu-melu muni. Hehe kerono Kanjeng Rosul SAW iku dak diutus kanggo
nyempurnakke akhlak to? Sementara akhlak iku sarat pokok maju mundure peradaban
sebuah bangsa, koyo syaire sastrawan songko Mesir Syauqi Dhoyyif:
Kang artine: “angingpesthine
utawi piro-piro kaum iku piro-piro akhlak, mongko lamun ilang opo akhlak mongko
podho melu ilang sopo kaum.”
Akrom: “Subhanallah
pancen Kanjeng Rasul ki diutus kanggo majukke peradabane menungso yo Leh!”
Sholeh: “Siiipz…
Shollu ‘alan Nabi Muhammad!”
Akrom: “Allahumma
sholli ‘alayh…”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar