“Barokahe
Jama’ah”
(Sholeh
& Akrom Kaping
7)
oleh: Sahal Japara
Sholeh:
“Krom, mangan yuuk. Awakmu seng
njupuk sego ya? Aku tak ngundang bolo-bolo.”
Akrom:
“Oke komandan, siap laksanakan! Wong piro?”
Sholeh:
“Wong pitu ben entuk pitulungan!”
Sholeh:
“Pak Muhammad Subhan, Mas Agus Ismail Habib, Kaji Muhammad Kholil, Gus Muhammad
Musliem Hann[1], ayo
do mangan po ora iki?”
Akrom:
“Ayo do mangan wooyy… aku wes njupuk sego iki lho!"
(Cah-cah
do teko)
Sholeh:
“Dungani riyen a Gus!”
Gus
Lim: “Bismillah, Allahumma baarik lanaa fiimaa rozaqtanaa wa qinaa
'adzaabannaar....”
(Akrom
ape melu ndungo)
Akrom:
“allahumma baarik lanaa....”
Sholeh:
“Lah opo mbok dungani Krom, wong wes didungani Gus Lim kan wis cukup, wong
sunnat kifayah!”
Akrom:
“Iyo ben tambah berkah!”
Sholeh:
“Enake opo-opo nek jama'ah yo ngene iki. Mangan jamaah, Seng ndungo siji wes
nyukupi. Shalat jama'ah seng khusyuk siji wes ketampi. Seng liyane do katut.”
(Joshua,
In'am, Topik, Aziz, Kliwon, Mbah Min, Mbah Saeed, Mbah Kliwon do moro)
“Woy
woy woy melu woy!!”
Sholeh:
“Waduh! Geser sithik geser sithik ey, ayo-ayo!”
(Gus
Atho' rawuh, ambi Gathro)
Akrom:
“Mriki lho Gus, jejer kulo, taseh muat og!”
Pak
Chuk: “Alhamdulillahilladzi ath'amana wasaqana waja'alana minal muslimin...”
Sholeh:
“Ijeh ngeleh Pak?”
Pak
Chuk: “Wes wareg… segane Mbarokahi tenan! Jatahe wong pitu dipangan wong 16 e
do wareg kabeh. Dungane Gus Lim pancen mandi!”
Gus
Lim: “Wah-wah iki barokahe Gus Atho’ kok.”
Gus
Atho': “Barokahe jamaah ah Gus, kedik lah angger jamaah niku sedanten kecukupan,
seng asale do mboten ketampi dungane barokahe jamaah geh dilalah sedantene
keturutan. Pas wingi khataman ihya' niko kan Abahe Njenengan dawuh: nek
pengen opo-opo keturutan cekelen perkoro telu iki, jama'ah, istiqomah & khidmah.[2]”
Gus
Lim: (Nggujeng)
Sholeh:
“Iyo e mbarokahi tennan. rumangsaku mau segane kurang, jebul berkahe jamaah do
entuk pitulungan! padahal yo buthun kabeh iki hehe.”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar