“Ngitung-Ngitung Ben Ora Buntung”
(Sholeh & Akrom Kaping 21)
oleh: Sahal Japara
Sholeh: “Jare ape mandeg rokok Krom? Kok iseh rokok wae?”
Akrom: “Piye yo Leh? Aku durung iso e. Jan-jane yo wes
ngerti nek aku ngrokok mesti watukku tambah nemen. Tapi mbuh, abut rasane
ninggalke.”
Sholeh: “Hehe iku dak njabane ora podho karo njerone Krom.”
Akrom: “Maksude?”
Sholeh: “Hiyo iku jenenge njabane ora podho karo
njerone. Pernah ono bakul kurmo didukani Kanjeng Rasul goro-goro adol kurmo
didokok karung, seng njobo garing seng njero teles.[1]
Kerono ngonoiku iso ngrubah timbangan Krom. Kuwe kan wes ngerti nek iku madhorote akeh, tapi ngopo kok iseh mbok lakoni wae?”
Akrom: “Hehe lha piye Leh? Nek wes nduwe niatan mareni, bareng kumpul bolo ndung
bubrah maneh. Wong boloku podho rokok kabeh. Seng ora rokok mung awakmu thok!”
Sholeh: “Hehe aku ndung kelingan wingi bar diwejang Abah.
Nek kuwe pengen tobatmu langgeng, yo kudune muhasabah terus[2], introspeksi mawas diri kanti setiti.
Kang artine: "Langgenge taubat iku kelawan tetepe
nginjet-nginjet (introspeksi)."
“Tak pikar-pikir pancen
bener wejangane Abah iku. Nek awak dewe kepengen mareni temenanan. Pancen
kudune “Muhasabah”
ngitung-ngitung terus seng awak dewe lakoni. Bener opo keblinger?
Madhoroti opo manfaati? Nek wes iso ngitung-ngitung temenanan tak kiro kok awak
dewe iso mareni temenan.”
Akrom:
“Iyo Leh, pancen bener kandamu. Tapi ngomong iku gampang Leh. Nek bar mbok
kandani ngene iki yo tak eling-eling, tapi nek wes kumpul bolo-bolo iki ndung
lali. Mesti muni, ah sepisan wae kok, ah angger mantep kanggo tombo sante wae
ora ono opo-opo hehe.”
Sholeh:
“Ngelakoni opo-opo nek ono bolone iki pancen ora pati kroso, opo maneh
ngelakoni doso. Hehe umpomo dewekan ngono ijeh rodo wedi. Bareng balane akeh
banjur tambah wani. Aku korupsi, awakmu korupsi, yo akeh bolone dewe seng do
korupsi, wes sakiki nek korupsi podo ati-ati ben wong akeh liyane bolo dewe ora
podho ngerti. Hehe dak ngono to Krom?”
Akrom:
“Tapi ngrokok ojo mbok padakno korupsi a Leh hehe.”
Sholeh:
“Halah pakate dienggo conto wae kok. Nek pancen awakmu pengen mareni, yo dadiyo
koyo isim dhomir seng mabni (tetep), kumpul sopo wae tetep mabni. Kumpul
i’rab rafa’, jerr, nashob yo tetep mabni. Mbawur neng ora ketlawur,
kerono isim dhomir iku tetep. Ngerti isim dhomir iku opo?.”
Akrom:
“Isim dhomir dak kata ganti a Leh?”
Sholeh:
“Hehe Iyo Krom coro nahwu. Nek coro tasawuf, dhomir iku artine perkoro
seng kasimpen seng iso ngganteni utowo mewakili wong. Dhomir iku mabni,
kapan dhomir iku apik, liyane melu apik. Kapan dhomir iku elek,
liyane yo melu elek. Opo iku? Ati Krom! Ati iku mabni, ateges sing digawe
dasar bangunane ngamal. Mulane ati-ati.”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar