“Mulang,
Rezeki Ora Usah Mamang”
(Sholeh
& Akrom Kaping 45)
oleh: Sahal Japara
Akrom:
“Aku ngenes kok Krom nek ndelok guru-guru madrasah diniyyah, yo guru-guru TPQ
barang. Mulang ngaji sabendino nanging bayarane ora sepiro.”
Sholeh:
“Yo justru ngono kuwi kang diarani pahlawan tanpa tanda jasa, sepi ing pamrih
rame ing gawe.”
Akrom:
“Tapi aku yo gumun kok Leh. Padahal bayarane mung sethithik, nanging biso
dienggo nguripi keluargane, biso dienggo nyekolahke anake, lan akeh banget sing
kuat mondokke yo nguliahke anak-anake lho Leh. Nek coro diitung-itung ora
ketemu nalar.”
Sholeh:
“Sing jenenge rezeki barokah yo iku Krom, sithik nanging biso nyukupi lan
nyumrambahi. Simbah Abdussalam pernah ngendikan maring santri-santrine: “Kowe
mulango! Nek kok nganti ora iso mangan, pathokku okak-okak!”[1]
Akrom:
“Berarti wong sing gelem mulang iku rezekine dijamin Gusti Allah ya Leh?”
Sholeh:
“Kabeh makhluk asline wis dijamin Krom. Nanging wong sing gelem mulang, iki
rezekine insyaAllah mbarokahi. Dadi senajan bagiane sithik, dilalahe keluargane
podho sehat, anake podho taat, ndung uripe ora kakean sambat. Sugih sing hakiki
yo iki, sugih ati. Ora sugih bondo, nanging gawene ngresulo.”
Akrom:
“Wah nek ngono mbesuk awak dewe nek wis muleh tetep kudu mulang yo Leh?”
Sholeh:
“Wajib mulang Krom, yo wajib nyambut gawe, supoyo podho entuke. Opomaneh meneh
mulang cah cilik-cilik nganti biso nyekseni bilih ora ono kang haq disembah
kejobo Gusti Allah lan nyekseni bilih Kanjeng Nabi Muhammad iku utusane Gusti
Allah.”
Akrom:
“Nek mulang cah cilik-cilik ganjarane gedhe tah Leh?”
Sholeh:
“Awak dewe kok gelem ngopeni bocah-bocah cilik nganti biso koyo ngono mau,
Gusti Allah njamin surgo tanpo hisab Krom. Koyo dhawuhe Kanjeng Rasul:
مَنْ رَبَّى صَغِيْرًا حَتَّى يَقُوْلُ لَا إِلَهَ
إِلاَّ اللهُ لَمْ يُحَاسِبْهُ اللهُ
Sopo
wonge gelem ngopeni bocah cilik nganti biso ngucap “Laa ilaha illallaah”,
mongko Gusti Allah ora bakal ngisab wong mau.
“Mulane iku Krom, Mbah
Abdussalam ngantos sepuh ngantos dados kyai ageng taseh purun ngopeni
bocah-bocah cilik. Simbah Hasyim Asy’ari wae ngantos nangis nalikane sowan ten
ndaleme Mbah Abdussalam, keranten manggehi Mbah Abdussalam taseh kerso ngrumati
mulang ngaji bocah cilik-cilik.”
Akrom:
“Sampek kados ngono tawadhu’e yo Leh?”
Sholeh:
“Iyo Krom. Poro Kyai iku koyodene kali. Kali sansoyo gedhe, sansoyo biso
nguripi iwak kang macem-macem jenise, iwak-iwak kang cilik ugo iwak-iwak kang
gedhe. Wong-wong gedhe diayomi, wong-wong cilik diopeni.”
Akrom: “Wah kudu ditiru iki ceritane Mbah Abdussalam
Leh. Wis mugo-mugo awak dewe biso nebureni.”
[1] Ceriyos punika dipun
ceriyosaken deneng KH Ahmad Mu’adz Thohir wekdal wonten haulipun Simbah KH
Abdussalam wonten kompleks makam Simbah KH Ahmad Mutamakkin.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar