“Adang
Sego, Kanggo Ngambah Surgo”
(Sholeh
& Akrom Kaping 44)
oleh: Sahal Japara
Akrom: “Leh, aku saben sore sakiki diutus adang sego Kyai
e. Sakmongko saben sore iki ono ngaji. Lha nek koyongene, aku dak ora iso
ngaji.”
Sholeh: “Waah bejo tenan awakmu diutus adang sego.
Selamet.. Selamet...”
Akrom: “Lha wong ora iso ngaji kok malah mbok selameti
maksudmu kepiye?”
Sholeh: “Ngaji iku ora mung mbukak kitab, ngrungokke lan
maknani Krom. Taat maring opo sing didhawuhke Kyai iki yo ngaji lho masamu.
Opomaneh diutus adang sego, waahh bejo tenan awakmu.”
Akrom: “Lho kok iso bejo piye ta maksudmu?”
Sholeh: “Awakmu diutus adang sego kanggo cah-cah santri.
Lha cah-cah santri iki ora biso ngaji lamun ora mbok adangke sego. Nek podho
ngaji kabeh, trus sing masakke daharan kangge Kyai lan poro santri sopo?”
Akrom: “Lha nek aku ora melu ngaji, kitabku dak kosong
blong Leh? Mbesuk nek wis mbalik ngomah nek dikon moco kitab ora iso ndung
kepiye?”
Sholeh: “Wis ora usah mbok pikir ndisik. Iki dimantepi,
opo sing didhawuhke Kyai tandangi, insyaAllah mbarokahi. Opomaneh iku mbantu
cah-cah santri sing podho ngaji, podho luru ngelmu. Kanjeng Nabi pernah dhawuh,
tak kiro yo awakmu wis apal haditse.
مَنْ سَلَكَ طَرِيْقًا يَلْتَمِسُ
فِيْهِ عِلْمًا سَهَّلَ اللهُ لَهُ طَرِيْقًا إِلَى الْجَنَّةِ[1]
“Sopo wae kang ngambah dalan kang ono hubungane karo luru
ngelmu, Gusti Allah bakal nggampangke keduwe wong mau dalan tumeko maring
surgo.”
“Lamun awakmu gelem adang sego, berarti awakmu nggampangke
cah-cah santri luru ngelmu, amergo bocah-bocah ora usah kangelan masak. Opo
wong sing mbantu cah-cah pondok sing bakal digampangke dalan mlebu surgo iki
ora bejo tenan?”
Akrom:
“Iyo yo Leh. Jebul ngono gedhene ya ganjarane.”
Sholeh:
“Lhaiya makane tak selameti. Mbah Abdullah Abahe Mbah Abdussalam Simbahe Mbah
Abdullah Salam sijineng wekdal pernah nangkleti Sayyid kang rawuh ten ndaleme
badhe ngaos.[2]
Mbah
Abdullah: “Yik, ngaji karo nglereki blarak apik endi Yik?”
Sayyid:
“Lha minggah panjenengan pripun Mbah?”
Mbah
Abdullah: “Nek coroku yo apik nglereki blarak Yik. Wong blarake dienggo ndedek
geni dienggo masak bojoku. Dak apik ngelereki blarak a Yik?”
“Trus Sayyid-e mau nggujeng Krom. Lha pancen nek Simbah
Abdullah mboten pados blarak ndung garwane mboten saget ndedek geni akhire
ndung mboten saget masak. Dak luwih apik nglereki blarak a tinimbang ngaji?
Semono ugo awakmu, luwih apik adang sego tinimbang ngaji. Adang sego, kanggo
ngambah surgo Krom.”
Akrom:
“Yow is nek pancen iki sing dikersakke Kyai, aku nderekke wae Leh. Wong murid
neng ngarepe guru iki koyodene mayyit neng ngarepe wong sing ngedusi. Aku yo sam’an
wa tho’atan wae. Tapi aku njaluk tulung awakmu iso opo ora?”
Sholeh:
“Njaluk tulung opo Krom?”
Akrom:
“Yooo nek pas awakmu nganggur, aku tulung wacakke kitabe. Aku pengen nembel
makno Leh.”
Sholeh:
“Siappp Krom!”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar