“Tasawuf Sosial
& Fiqih Sosial”
(Sholeh &
Akrom Kaping 25)
oleh: Sahal Japara
Akrom: “Aku
durung ngerti Leh, kenopo pondoke beliau Mbah Abdullah Salam PMH Pusat seng
sakiki diasuh Abah kaleh pondoke beliau Mbah Sahal PMH Putra kok kebijakane
benten tentang masalah kos makan santri. Seng PMH Pusat sedanten santri kedah
kos maem ten ndalem lan mboten diparengaken kost maem ten njawi, sementara PMH
Putra sedanten santri malah dianjurkan kost maem ten njawi ten nggene tiyang
kampung.[1]”
Sholeh: “Aku
ndisik yo tak pikir ngono iku Leh. Kenopo kok ngono? Tapi wis ah, tak
husnudzdzonni wae yen kabeh Kyai iku tindak lampahe mesthi ono dasar hukume.
Lho kok dilalah yo aku diparingi ngerti karo Gusti, eh ternyata pancen
beliau-beliau iku gadah dasar lan landasan piyambak-piyambak.”
Akrom: “Trus
opo iku Leh? Aku terangke ah ben gak penasaran.”
Sholeh: “Nek
Simbah Abdullah Salam nuwun sewu niki pandangan beliau condong ke tasawuf,
sementara Simbah Sahal niki nuwun sewu pandangan beliau lebih condong neng gene
perspektif fiqih. Dadi podho-podho nyikapi kost maem santri tapi benten
pendapate yo mergo benten dasare Krom.”
Akrom: “Yo
dijelaske to Leh!”
Sholeh: “Dadi
ngene, kebijakan beliau Mbah Dullah majibke santri supoyo podho maem ten ndalem
iki ben ora podho ngrusohi tonggo. Sithik akeh nek bocah-bocah podho kost njobo
kan mesthi ngrusohi tonggo, mboh nunggak mbayare mbuh malah gak mbayar kan
malah payah to? Dados pendapate beliau niki langkung condong ten tasawuf, saget
ugi diwastani tasawuf sosial Krom. Disamping ngono, Mbah Dullah niku saking
banget tawadlu’e niku diniati ngabdi maring poro santri seng sami luru ngelmu,
keranten sinten mawon seng turut andil mensukseskan wong-wong seng podho luru
ngelmu bakal digampangake dalane maring suwargo, kaya dawuhe Kanjeng Nabi:
مَنْ سَلَكَ طَرِيْقًا يَلْتَمِسُ فِيْهِ عِلْمًا سَهَّلَ اللهُ لَهُ طَرِيْقًا
إِلَى الْجَنَّةِ[2]
Kang artine: "Sapa wonge kang ngambah sijineng dalan kang ana
hubungane karo ngelmu, mangka Gusti Allah bakal nggampangke tumeraping wong
mahu sijineng dalan tumeka maring surga."
Akrom: “Lha nek landasane pendapate Mbah Sahal pripun Leh?”
Sholeh: “Ya ngoten, beliau langkung condong ten fiqih, saget ugi
diwastani fiqih sosial. Beliau ngersakke supoyo pesantren seng wonten niku
bukan cuma mberdayakke masyarakat dalam hal keagamaan thok, tapi juga
mberdayakke masyarakat dari sisi ekonomi kesehatan lan liya-liyane. Pesantren
kudu dadi pioneer seng biso nggowo masyarakat neng gone kualitas urip
seng luwih apik. Dadi nek tasawuf iku konsen nek batin-e sementara fiqih iku
konsen nek dhohir-e. Podho-podho mberdayakke neng seng siji jalure tasawuf,
seng siji jalure fiqih Krom.”
Akrom: “Oh ngono to Leh? Trus apike awak ndewe nderek pendapate sinten?”
Sholeh: “Yo nderek pendapate kyaine dewe-dewe to.”
Akrom: “Berarti nek aku mondok PMH Pusat gak pareng nderek pendapate
Mbah Sahal yo?”
Sholeh: “Secara etika yo gak pareng, begitupun sebaliknya. Aku nek
ngibaratke poro kyai seng dados pewarise poro nabi iku koyodene
sungai-sungai seng ngeterke buih-buih supoyo tumeko maring samudero kanggo
ngeterke maring samudero seng tanpo wates. Selama awak dewe seng koyodene
buih-buih iki gelem ngeli anut-nunut karo sungai-sungai iku meskipun bedho
alirane, insyaAllah awak dewe bakal ketemu ing samudero, Sopoto samudero iku
Krom?”
Akrom: “Lha sopo
Leh?”
Sholeh: “Kang aran
samudero yoiku wongkang ngumpulke sifat-sifat kasampurnan Jaami'ush Shifaat
al-Kamaaliyyah yaiku Sayyidina Muhammad SAW. kanggo numekakke awak dewe
maring samudero sing tanpo wates. Awakmu ngerti sopo iku Krom?”
Akrom: “Sopo Leh?”
Sholeh: “Samudero
seng tanpo wates iku Gusti Allah Kang Maha Suci Kang Ora Ono Watese, Gusti
Allah "Ash-Shomad" Kang Maha Dadi Nggon Sumendene Kabeh Perkoro.”
[1] Kebijakan ingkang
kagem Pondok Pesantren Mathali’ul Huda Pusat nalikane seratan punika dipun
serat (2014) taseh berlaku. Kebijakan ingkang kagem Pondok Pesantren Maslakul
Huda punika berlaku kirang langkung ngantos Tahun 2012. Wekdal seratan punika
dipun serat (2014), kebijakan saking Pondok Pesantren Maslakul Huda sampun
gantos mewajibkan para santri kost maem wonten ndalem.
[2] Syarafuddin an-Nawawi,
al-Arba’in an-Nawawiyyah.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar