“Noto
Kawitan, Begjo Pungkasan”
(Sholeh & Akrom Kaping 36)
oleh: Sahal Japara
Akrom: “Aku susah Leh.”
Sholeh: “Susah kenopo leh Krom?”
Akrom: “Lha kepiye kok ora susah? Wong nek mangan wae iso
istiqomah, nek ngaji kok ora iso istiqomah? Sak mongko mangan iku mubah, sedeng
ngaji iku wajib. Mangan wae nek wayah udan tak rewangi udan-udan, kok angger
mangkat ngaji grimis sithik wae kakean alasan. Opomaneh wayah udan-udan
ngeneiki, rumangsaku bantal selimute podho ngawe-awe.”
Sholeh: “Hehe wah-wah ngeneiki yo nyindir aku leh Krom.
Aku yo podho wae ngono je. Ngajine ora sumbut karo mangane.”
Akrom: “Lhaiyo ngono kui ndung terus kepiye yo Leh ben
awak dewe iki iso istiqomah. Yo sak ora-orane antarane hak lan kewajiban iso
seimbang, utowo kewajibane seng luweh diutamakke tinimbang hak-e.”
Sholeh: “Wah kok takon aku, wong aku yo durung iso je
Krom.”
Akrom: “Yo nek menowo awakmu ngerti, ben aku iki sregep
ngaji ngono lho Leh ora gampang aras-arasen.”
Sholeh: “Istiqomah
iku pancen kudune dipekso Krom.
Ibarate koyo wong loro seng kepengen waras, lha ora ono dalan seng iso
numekaake maring waras kejobo ngombe obat seng puaite ora mekakat seng kudune
diombe kanti rutin ora keno pedhot. Lamun pedhot kudu mbaleni songko awal
maneh. Gelem ora gelem kan yo kudu mekso awake to nek ijeh kepengen waras?”
Akrom: “Iyo yo Leh. Pancen kudune mekso. Tapi paite iku
lho aku seng ora betah.”
Sholeh: “Yo paite si iku pancen wes mesthi Krom, tapi nek
awak dewe nduwe kesadaran seng gedhe insyaAllah yo iso ngrubah kebiasaan
aras-arasen iku mau Krom.”
“Imam Ghazali pernah
ngendikan yen wong ingdalem kesadarane iku kabagi dadi patang golongan: 1. Wong
seng ora ngerti nek nde’e ora ngerti utowo ngerti nek ora ngerti nanging ora
gelem ngerti, akhire yo ora iso berubah-berubah babar pisan 2. Wong seng ngerti
nek nde’e ora ngerti, akhire gelem luru ngelmu mbenahi supoyo ngerti 3. Wong
seng ora ngerti nek nde’e iku ngerti, akhire ngelmune muspro ora migunani 4.
Wong seng ngerti nek nde’e ngerti, akhire gelem nularke marang konco-koncone
nganti konco-koncone mau dadi podho ngerti.”[1]
“Seng nduwe kesadaran
koyo golongan nomer 2 lan 4 ikilah seng iso ngrubah perkoro seng asale salah
dadi saleh, seng asale keblinger dadi bener yo goro-goro kesadarane wong-wong
iki. Nek coro Paulo Freire, kesadaran ngeneiki diarani kesadaran kritis, yoiku
kesadaran seng iso ngrubah sijineng perkoro tumeko maring keadaan kang luwih
apik[2] Krom.”
Akrom: “Berarti aku dak klebu golongan nomer siji yo Leh?
Aku ngerti nek awakku iki salah nanging ora gelem mbenahi, kerono kepengenku
mung mubeng-mubeng neng njero ati ora tau gelem ngelakoni lan mbenahi. Nek
ngene terus dak aku ora bakal iso mundak-mundak yo Leh yo?”
Sholeh: “Wah-wah aku yo podo wae ngono kok Krom. Ngeneiki
nek jare Freire iku kesadaran Naif, ngerti neng gak gelem ngelakoni. Istiqomah
ya Allaah. Pancen abote sak pore kok Krom, nek ora abot ora dianggep luwih apik
songko sewu keramat no go! Menowo kok seng iso marai iseh tetep istiqomah iku
goro-goro niate antep lan kesadarane mantep Krom. Le kepengen waras temenanan,
ndung le ngombe obat temenanan, akhire waras, akhire tekan. Opoyo iku maksude ngendikane Syekh Ibnu Athoillah yo
Krom? yen salah siji tondo yen wong iku apik ingdalem pungkasane yaiku bali maring
Gusti ingndalem kawitane.
مِنْ عَلَامَاتِ النَّجَاحِ
فِي النِّهَايَاتِ الرُّجُوْعْ إِلىَ اللهِ فِي الْبِدَايَاتِ[3]
"Setengah saking tanda-tanda kabegjan ing ndalem pira-pira
pungkasan, yaiku bali maring Gusti Allah ing ndalem pira-pira kawitan."
Akrom:
“Lha embuh Leh. Aku ora sek mudeng omonganmu.”
Sholeh:
“Winginane pas ngaji Hikam[4] kae
diterangke Abah yen salah siji tondo apike pungkasan yaiku bali maring Gusti
Allah ingndalem kawitan. Dadi lamun kawitane lan niate kuat, nganti akhir yo
insyaAllah bakal kuat. Kerono kawitan iku koyo dene pondasi nisbate bangunan,
lamun pondasine kuat yo bangunane kuat. Dak ngono to Krom?”
Akrom:
“Waduh, berarti niatku utowo kawitanku dak kurang bener Leh? Wong tekan tengah
ndalan senengane pedhot wae je, iseh kalah karo roso-rosone.”
Sholeh:
“Hehe yo wes ah wes, mulai sakiki ayo niate ditoto maneh ben ora tibo maneh.
Pasrahke kabeh maring Gusti ben dituntun lan ditulungi. Kesadaran lan kepinginan dadi apik iki supoyo terus
dijogo Krom kanggo motivasi lan nyemangati. Kadang-kadang tibo perlu,
kanggo ngati-ngati mlaku Krom. Koyo pasukan perang Badar ngono kae lho, udan angine tambah banter, semangate tambah santer.”
[1] Abu Hamid al-Ghazali, Ihya’
Ulum ad-Din.
[2] Paulo Freire, Pendidikan
Kaum Tertindas.
[3] Ibnu ‘Athaillah
as-Sakandary, al-Hikam.
[4] Wekdal seratan punika
dipun serat, pengaosan Syarh al-Hikam dipun wucalaken Abah KH Ahmad Nafi’
Abdillah saben dinten Ahad injing wonten ndalemipun beliau.
[5] QS al-Mumtahinah: ayat
4
Tidak ada komentar:
Posting Komentar