“Ojo
Mandheg Mundak Buthek”
(Sholeh
& Akrom Kaping
10)
oleh: Sahal Japara
Sholeh:
“Krom, aquarium-mu iku lho banyune gentinen. Buthek-e nemen. Ngasi iwak-e dho
mangap-mangap neng nduwur sesegen. Mesakke Krom!”
Akrom:
“Buthek yo ben buthek. Ngopo kok geger? Nek pengen nggenti yo kono gentinen
dewe!”
Sholeh:
“Awakmu iki gene to? Kok dungaren sewot men?”
Akrom:
“Ape sewot dak lah a, wong seng seng sewot aku wae kok kuwe geger ngopo?”
Sholeh:
“Ngene iki lho, nek wong-e wes buthek liya-liyane keno akibate. Iwak mbok
tuku-tuku dewe gak gelem ngrumati, ngono iku dak podho karo nyikso to? Wani
tuku, kudu wani nguripi. Wani luru ngelmu, kudu wani ngopeni. Kitabmu pirang-pirang
jejer-jejer neng rak iku mbok nggo opo, nek kuwe tego ngejarke kewan
kelaran-laran ngene iki?”
Akrom:
“Mbuh… Mbuh… Mbuh Leeeh… Pikiranku lagi semrawut!”
Sholeh:
“Lha semrawut pikirane kok kawit awan mau amen tenger-tenger ndomblong neng
kene wae. Ngono iku mbok ya mlaku-mlaku, ngaji tah reng ndi ben pikiran ora
buthek! Deloken iku akuarium-mu! Wes gak ono water pump-e, ijeh gak mbok genti
banyune wes pirang-pirang minggu, dak mesakke iwakke? Buthek-e nemen goro-goro
opo? Kesuwen le mandeg!”
Akrom:
“Mbuhhhh… apalanku alfiyah wes ilang kabeh, malah suk nek muleh ape disemak
Bapak-ku. Nek gak iso jare gak ape disangoni. Payah Leeeh! Bingung aku, piye
iki?”
Sholeh:
“Lha pancen opo wae nek wes suwi gak diopeni yo ngono iku, do ilang dewe-dewe! Sopo
wae ora pandang bulu, Aku yo wes tau ngono kok. Kuwe eling po gak? Simbah Kyai
Sahal pernah ngendikan: “seseorang mulai bodoh ketika ia berhenti membaca.”
Pancen bener tenan pangendikane Simbah Sahal iku. Wes tak rasakke dewe Krom.
Sansoyo aku moco, sansoyo aku rumongso bodho banget. Nek menungso wes
ngrumangsani bodhone, mesthi nde’e gak gelem mandeg mocone. Kerono menungso
mulai gak iso ngopo-ngopo iki goro-goro ndeke mandeg! Jumud Krom! Akhire opo?
Buthek! Mulane ojo mandeg ben ora buthek!”
Akrom:
“Iyo Leh… trus aku kudu piye iki?”
Sholeh:
“Yo seng penting berusaha diwoco meneh, diapalke meneh, seng penting ojo ngasi
mandeg. Ngapalke perkoro seng wes tau diapalke dak luwih gampang tinimbang
ngapalke pertama kali a? Mulakke, daripada awakmu tuku iwak meneh, mending iwak
seng ono iku diopeni, kari ngganti banyune thok Krom!. Enak to?”
Akrom:
“Ngono yo Leh?”
Sholeh:
“Iyo Krooom… Justru wong seng pualing bodho iku seng rumongo wes cukup ngelmune
akhire mandeg, gak gelem moco, gak gelem sinau, gak gelem belajar meneh…
wong-wong seng ngene iki biasane utek atine buthek koyo aquarium-mu iku,
rumongso paling bener dewe akhire nyalahke liyane… gak iso koyo segoro seng
luas seng iso nampung iwak seng werno-werno, seng iso nompo pendapate wong
liyo, seng iso ngayom-ngopeni masyarakat seng bedo-bedo. Mulane ojo pisan-pisan
mandeg Krom, ben awak dewe iso ngrasakke segoro lan nyegoro. Ndang iku
aquarium-mu diganti banyune, kesuk mlaku-mlaku mbek aku nek Bulumanis, tak tukakke
water pump ben iwakmu seneng ono blukutuk blukutuk-e hehehe.”
Akrom:
“Tenan Leh???”
Sholeh: “Iyoo… Cah Pondok ngapusi gak entuk opo-opo…
Nek pejabat pegawe yo do entuk duit hehehe…”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar