“Pemimpin
Kang Diimpi”
(Sholeh
& Akrom Kaping 46)
oleh: Sahal Japara
Akrom: “Aku arep takon Leh. Coromu, pemimpin sing
dibutuhke wong-wong sakiki iki sing kepiye?”
Sholeh: “Yo sing sesuai karo ayat:
لَقَدْ جَاءَكُمْ رَسُوْلٌ مِنْ
أَنْفُسِكُمْ عَزِيْزٌ عَلَيْهِ مَا عَنِتُّمْ حَرِيْصٌ عَلَيْكُمْ بِالْمُؤْمِنِيْنَ
رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ[1]
"Yekti temen-temen wus teka ing sira kabeh utusan kang
saking awak dewe ira kabeh kang kukuh maring apa kang ira kabeh rasakke, kang
wigati maring ira kabeh, uga santun lan welas maring wong-wong kang padha
iman."
Akrom:
“Lho.. Lho.. Lho.. iku dak ayat sing biasane diwoco pas berjanjen Leh?”
Sholeh:
“Iyo pancen.”
Akrom:
“Lha trus kepiye maksude?”
Sholeh:
“Iku mau dak nerangke sifat-sifate Kanjeng Rasul a Krom? Bagiku, Kanjeng Rasul
iku tetep dadi tuladha sampek mbesuk dina kiamat. Semono uga kanggone
pemimpin.”
Akrom:
“Iyo Leh. Sing ideal ndung sing kepiye?”
Sholeh:
“Sing ideal, siji kudu من أنفسكم,
pemimpin iku kudu lahir saking kaume dewe. Amerga sing ngerteni basane kaum,
budhayane kaum, ngerteni masalahe uga apa sing dibutuhke kaum.”
Akrom:
“Dadi pemimpin iku kudu lahir sangka kaume dewe Leh?”
Sholeh:
“Iyo Krom. Dadi lucu nek seumpomo Indonesia iki kok dipimpin wong Amerika. Trus
kaping pindo, kudu عزيز عليه ما عنتّم,
sing kuat nanggung apa sing dikarepke kaume, ateges bisa numindaake apa kang
dadi kebutuhane kaume. عزيز iki uga bisa dimaknani wongkang tegas,
ateges ora mencla-mencle, esuk muni tempe sore muni kedele, bisa adil maring kaume
uga bisa ngedekke hukum kang ora mbedhak-mbedhake.”
Akrom:
“Berarti aku dak ora masuk kriteria wong aku ora tegas hehe nek ana balaku
nglanggar yo pakewuh nek arep nindak.”
Sholeh:
“Hehe yo aku podho wae nek ngono. Trus kaping telu, kudu حريص عليكم. Awakmu ngerti maknane حريص Krom?”
Akrom:
“Nek biasane krungu pas Kyai-Kyai maknani si maknane nggrangsang. Tapi tak
pikir-pikir kok ora cocok. Mosok pemimpin kok nggrangsang? Hehe”
Sholeh:
“Hehe iyo maksude nggrangsang iki cak-cek cak-cek langsung tanggap nek ana
masalah kang ana hubungane karo kaume. Dadi pemimpin iku kudu anduweni sifat حرص iki Krom, kudu anduweni rasa empati maring kaume. Bener-bener
bisa ngrasakke mlarate kaume sahingga olehe khidmah maring kaume iki
cekatan, cak-cek cak-cek ngono lho Krom. Ora tau diende-ende.”
Akrom:
“Waaah aku iki yo ora masuk kriteria maneh wong aku iki klemar-klemer tur lelet
nek nyambut gawe hehe”
Sholeh:
“Yo sopo ngerti mbesuk nek dadi pemimpin ora Krom hehe”
Akrom:
“Trus kriteria sing sak bakdane iku opo Leh menowo aku iso masuk ora ketang
siji.”
Sholeh:
“Kriteria kang kaping papat yaiku بالمؤمنين رؤوف رحيم, kelawan kaume anduweni sifat penyantun
lan penyayang.”
Akrom:
“Wah nek iki yo aku rodo nyerempet-nyerempet sithik, senajan kadang kala yo
ngamuk barang, tapi kan ngamuke kerana sayang hehe.”
Sholeh:
“Hehe yo nek ape koyo Kanjeng Rasul ya mustahil. Amerga wong ki ora ana sing
sempurna kaya sifate Kanjeng Rasul. Tapi nek Gusti Allah mbarokahi sijineng
pemimpin, insyaAllah kekurangane pemimpin mau bakal dipun lengkapi deneng Gusti
Allah.”
Akrom:
“Kayata?”
Sholeh:
“Kayata? Sayyidina Abu Bakar. Sayyidina Abu Bakar iku piyantune banget welase
maring wong liya, saakenan Krom. Banget رحيم-e sampek ora mentolonan. Ananging nalikane
dados pemimpin, Gusti Allah maringi Sayyidina Abu Bakar sifat عزيز, kuat, tegas lan bisa adil sahingga bisa
nyampurnaake sifatipun Sayyidina Abu Bakar. Semono uga Sayyidina Umar iku
piyantun asline عزيز, tegas lan kuat. Saking tegase, beliau
dipun wastani الفاروق, kang bisa mbedakke antarane perkara kang haq
lan perkara kang bathil. Ananging nalikane dados pemimpin, Gusti
Allah maringi Sayyidina Umar sifat رحيم, welas maring kaume sahingga bisa
nyampurnaake sifatipun Sayyidina Umar. Ngene iki lho Krom, pemimpin nek
diberkahi yo bakal disampurnakke Gusti Allah.”
Akrom:
“MasyaAllah tenan ya Leh. Pancen nek diberkahi yo tambah apik sekabehane. Tapi
nek ora diridhani yo sak walike yo Leh?”
Sholeh:
“Awakmu ngerti pemimpin iku nek coro Bahasa Arab diarani opo Krom?”
Akrom:
“Pemimpin dak إمام a Bahasa Arabe?”
Sholeh:
“Iyo Krom. Lafadz إمام iki yo nyimpen makna kriteria ideal
kanggone pemimpin.”
Akrom:
“Lha kok iso Leh?”
Sholeh:
“إمام iku kasusun sangka patang huruf Krom. إ,
م, ا,
م. Nek coro aku patang huruf iki nyimpen
sarat-sarat supaya wong bisa dadi pemimpin.
“Sepisan, dikawiti إ
hamzah tegak lurus kang nduweni harakat kasrah. Iki maksude, pemimpin
iku kudu anduweni kepribadian kang apik, anduweni prinsip kang tegas kaya tegak
luruse hamzah mau. Ora gampang dipengaruhi wong liya, uga kuat kerana deweke
bisa dadi nggon sumendene kaume. Pemimpin kang anduweni prinsip, kepribadian
uga anduweni kekuatan lan kemampuan mimpin iki harokate kasrah, kang
manggon ana ing ngisor. Dadi senajan deweke bisa, deweke ora jumawa, amerga
iseh anduweni sifat tawadlu’ lan andap asor.”
“Kaping pindho, pemimpin iku kudu anduweni sifat
kaya huruf م kang nduweni harakat fathah. Huruf م
iku sifate mbundeli, ateges bisa mersatukke lan gawe rukun kaume. Disamping
bisa mersatukke kaume, pemimpin kudu bisa anduweni harakat fathah, kang
artine: “terbuka”, ateges bisa musyawarah lan nampa apa kang diusulke kaume.”
“Kaping telu, Lamun bisa persifatan kaya dene huruf
loro iki mau, deweke bakal keangkat munggah kayadene huruf kang kaping telu
yaiku alif ا. Ananging pemimpin mau kudu bisa niru
sifate ا kang istiqomah tegak lurus munggah. Bisane
deweke keangkat munggah ateges dadi pemimpine kaum, amerga bisa konsisten lan
istiqomah njaga sifat huruf loro kang wis kepengker.”
“Kaping papat, sakbakdane deweke keangkat munggah,
ora kena tenguk-tenguk nek nduwur. Kudu medun maneh, kudu mbundeli kaume maneh
kaya huruf م terakhir. Maksude م
kang terakhir iki, pemimpin mau kudu bisa mersatukke kaume kanggo tumindak
becik, supaya negara bisa makmur lan maju. م
terakhir iki bedo karo م sing pertama. م
terakhir iki garise tegak lurus mengisor artine, pemimpin mau bisa nggerakke
kabeh kaume kanggo makmurake kaume amerga garise medun mengisor. Nek wis bisa
kaya ngono, deweke entuk harakat dhommah, kang artine kumpul, ateges
kabeh kang dadi kekarepane kaume bisa kaleksanan kumpul dadi siji.”
Akrom: “Wah wah wah… iki to sing diarani pemimpin kang
ideal, kang bisa nggowo kebecikan kanggo kaume…”
jempol.... salut !
BalasHapus