“Ngaji
Iku Ngabekti”
(Sholeh
& Akrom Kaping 43)
oleh: Sahal Japara
Sholeh: “Lho mau kok ora ngaji to Krom?”
Akrom: “Iyo Leh, mau tak tinggal ngopi wong lagi suntuk,
rasane rupek kabeh.”
Sholeh: “Eh eh.. kok enak ngono ya? Kyaine awak dewe cik
sayaho koyo opo wae iseh ngaji kok awakmu malah ngono?”
Akrom: “Lha daripada aku ngaji ning ora kepenak kabeh dak
mending ora a?”
Sholeh: “Yo ora keno ngono. Jan-jane
awakmu kudu gelo kilangan perkara akeh.”
Akrom: “Opo Leh? Gelo?”
Sholeh: “Iyo! Kilangan perkara akeh kang banget
ajine! Ngaji iku
kasusun sangka tembung “aji” kang
bisa dimaknani: rego utowo nilai. Perkara kang “aji” iki
tegese perkara kang ono regane uga nilaine. Lha nek “ngaji”
iki minangka lelaku uga usaha supoyo bisa tumeka maring “aji”. Lamun “aji” iki
wis dadi
lan wis lebar, lha nek “ngaji” iki
lumaku maring dumadi lan ora tahu lebar-lebar. Mulane iku, kabeh perkara kang aran ngaji iki yo ora
ono lebare babar pisan Krom.”
Akrom: “Lha kok iso?”
Sholeh: “Lha durung diarani “aji” ngono re. Mulane iku,
senajan kepiye-kepiye tingkahe awak dewe, cik males cik kesel cik suntuk, kudu
tetep ngaji Krom, amergo ngaji iki nyimpen pirang-pirang perkara kang bisa
numekaake supoyo awak dewe bisa dadi aji Krom.”
Akrom: “Ndak iyo a Leh?”
Sholeh: “Lha kok ora? Lamun gelem ngaji, awak ndewe iki
wis nuhuni perintahe Gusti Allah lan Kanjeng Nabi, kerana Gusti Allah lan
Kanjeng Nabi iki ngutus awak dewe supoyo terus luru ngelmu uga ngaji ning ngendi
wae kapan wae. Dak ngono to Krom?”
Akrom: “Iyo Leh. Trus nyimpen opo maneh?”
Sholeh: “Ngabekti maring wong tuwo Krom. Lamun gelem
ngaji, awak dewe iki wis nuhuni pengarep-arepe wong tuwo kang mbiayayi awak
dewe supoyo gelem ngaji. Kabeh wong tuwo mesthi kepengen anake “aji” tur
“ngajeni” maring liyane.”
Akrom: “Wah-wah, trus opo maneh Leh hikmahe?”
Sholeh: “Ngabekti maring guru Krom. Lamun gelem ngaji,
awak dewe iki wis nuhuni perintahe guru kang arep-arep supoyo awak dewe sregep
ngaji, tur bisa mbantu guru supoyo bisa khidmah maring ngelmune Gusti Allah.”
Akrom: “Trus opo maneh Leh? Aku kok tambah penasaran.”
Sholeh: “Ngabekti maring masyarakat, bangsa lan negara
Krom.”
Akrom: “Lha kok iso Leh?”
Sholeh: “Yo iso to! Negara iku dak yo mesthi kepengen
nduwe generasi kang “aji”, bisa “ngajeni”, tur “diajeni” negara liyo to Krom?
Lamun awak dewe gelem ngaji, awak dewe wis nuhuni kepengenane masyarakat,
bangsa lan negara.”
Akrom: “Berarti ngaji iki mengku ngabekti maring: 1.
Gusti Allah 2. Kanjeng Nabi 3. Wong tuwo 4. Masyarakat, bangsa lan negara?
Uakih temen yo Leh?”
Sholeh: “Lhaiya wis ngerti ngono kok iseh arang-arang
ngaji? Kabeh perkara kang aji iku ora bakal bisa hasil kejaba kelawan khidmah
lan ngabekti Krom.”
Akrom: “Khidmah lan ngabekti Leh?”
Sholeh: “Iyo Krom, khidmah lan ngabekti maring
sopo wae, kapan wae, lan ing ndalem ngendi wae. Koyo dawuhe poro ulama tasawuf:
“Kekarepan opo wae kang aji-aji iku ora
bakal bisa hasil kejaba kelawan khidmah."
"Mulane awak dewe iki kudu sregep ngaji kanthi niat khidmah
lan ngabekti maring sopo wae, kapan
wae, lan ing ndalem ngendi wae.”
Akrom: “Wah waaahhh… getun aku, wis pirang-pirang
ndino ora ngaji. Dak kilangan perkara mberuh iku mau.”
[1] Punika dhawuhipun
al-Habib Luthfi bin ‘Ali bin Hasyim bin Yahya wekdal Ramadhan badhe riyadi
tahun 1435/ Juni 2014.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar