“Mbah Mutamakkin Nduwe Gawe”
(Sholeh & Akrom Kaping 23)
oleh: Sahal Japara
Akrom: “Aku ki banget gumune karo simbah Ahmad Mutamakkin
og Leh! Wong uakehe ora kitung podho bondong-bondong moro rene. Sampun sedo
ananging iseh saget nguripi wong seng ijeh podho urip, iseh saget ngajak dzikir
wong sing ijeh podho urip. Mongko seng ijeh podho urip yo durung karuan iso
koyo ngono kuwi.”
Sholeh: “Iku bedhane wali karo ora Krom. Wali iku cik wis
sedo-o yo tetep iseh gesang, bedho koyo awak dewe seng ketoke ijeh urip nanging
ora iso manfaati kanggo liyan, ora bedho koyo bathang urip. Mulane poro wali
iku podo di-hauli diperingati ben podo ngerti sejarah perjuangan beliau-beliau,
akhire sak bakdane ngerti podho niru lan mituhu maring tindak lampahe, tur yo
kanggo matur nuwun kerono jasane beliau-beliau awak ndewe iso sak ora-orane
ngerti agomo, kaya sawijineng dawuh:
لَوْلَا مُرَبِّيْ لَمَا عَرَفْتُ
رَبِّيْ[1]
Kang artine: "Diparil
lamun ora ono guru kang mbimbing iku mawjud, mongko ingsun yekti ora bakal
ngerti temenan ing Pengeran ingsun."
Akrom: “Tapi kenopo yo Leh nek Kanjeng Nabi sing
diperingati kok kelahirane (maulid), sedangkan poro wali seng diperingati kok
kematiane (haul)?”
Sholeh:
“Kanjeng Rosul iku kelahirane koyo dene cahoyo utowo nur seng dienten-enteni
ndunyo seng peteng ndedhet. Kelahirane iku rohmat kanggone wong sak alam
ndunyo, mulane kudu diperingati lan disyukuri. Kaya syi’iran Arab:
Kang
artine: “fajar mlethek kerana lahire, lan wengi petheng amerga lungane”
“Lha, dene menungso biasa iku lahire ora nggowo opo-opo
alias peteng ndedhet, bisane padhang kan yo kudunge anut-nunut marang cahoyo
neng ndi wae nde’e lungo to Krom? Nah, seng mati dalam keadaan entuk
cahoyo-nure Kanjeng Rosul ikilah seng kudu diperingati lan disyukuri, kerono
wong-wong koyo ngene iki lah seng neruske tugase Kanjeng Rasul madhangi ndunyo.
Mulane nek wong biasa iku becik olo-ne peteng padhange didelok songko
pungkasane, dene Kanjeng Rosul kan sejak lahir pancen wes cetho welo-welo
apike.”
Akrom:
“Ohh, ngono yo Leh? Laia wong mensyukuri jasa beliau-beliau kok darani bid’ah
darani syirik, ngono iku dak opo a Leh?”
Akrom:
“Laiyo, wong Pak Karno yo pernah ngendikan, wong-wong gedhe iku seng iso
menghargai jasa para pahlawannya.[4] Nek
wong wes gak iso ngregani jasa pahlawane, wes gak iso matur nuwun karo
menungso, piye carane nde’e iso matur nuwun karo Gusti Allah?”
Sholeh:
“Yo iku lah Krom, bedhane wong seng ngerti temenan karo seng setengah-setengah.
Podho-podho ngertine nanging bedho ajine, podho-podho iso madangi nanging bedho
hasile. Wong seng ngerti temenan iku madangi koyo purnama tengahing wengi seng
peteng ndedet, nur-e adem sejuk tur nresep ning ati. Dene seng ngerti tapi
setengah-setengah utowo ora pati ngerti neng rumongso ngerti-ngertiyo dewe iku
koyo dene geni Krom, bener nde’e iso madangi, tapi nde’e panas tur seneng
ngobongi.”
“Dene Simbah Mutamakkin, aku yakin beliau iki wali seng iso
ngayomi kabeh golongan, nyatane nek pas syuro koyo ngene iki wong podho
tumplek-blek dadi siji nek Kajen podho hurmat haul-e beliau. Ono sing takon
khataman bil-ghoibe kapan? Ono sing takon tahlil-e kapan? Ono sing takon kirab
lan drum band-e kapan? Ono sing takon khataman bin-nadzore kapan? Ono sing
takon manaqibane kapan? Ono sing takon lelangan selambune sarean kapan? Ono
sing takon pengajiane kapan? Lan sak pinunggale.”
“Bakul-bakul podho kumpul, bakul jenang, bakul martabak,
bakso mie ayam, dolanan, ndangdutan, lan liya-liyane podho kumpul iki kabeh
kanggo ngramekke gawene Mbah Mutamakkin Krom. Iki kabeh tondo nek beliau ora
tau mbedak-mbedake wong, kabeh butuh diayomi, kabeh butuh dipadhangi Krom.”
Akrom:
“Lha ndangdutan, kirab, drum-band iku opo yo ora malah ngrusohi haul? Ora malah
nglunturi sucineng maqome beliau Leh?”
Sholeh:
“Eh eh, ojo langsung ngarani ngono nek durung ngerti karepe. Justru kabeh
ikulah seng iso nglumpukke wong dadi siji podho nguri-nguri ajarane Simbah
Mutamakkin. tali silaturrahim seng asale pedhot biso kesambung, seng asale rodo
rantas dadi tambah kenceng. Kabeh nglumpuk dadi siji ono ing wadah seng diarani
kajen, supoyo wong iki podo aji ijen per-ijen!
Kajen iki ibarat sumur jeru seng akeh banyune, dene ono bathang kecemplung,
insyaAllah suwe-suwe batange ilang gandane lan wujude kerono banget akehe
banyune. Seng awake rusoh kepengen wijik podho wijik banjur dadi becik lan
resik, nanging ora ngurangi suci-resike banyu songko setitik.”
Akrom:
“Oh ngono yo Leh, nek ngono yo ayo do ndelok ndangdutan kanggo hurmat Mbah
Mutamakkin hehe.”
Sholeh:
“Husss… Opo kuwe mentolo ngombe
peceren, padahal ono sumur seng seger bening adem banyune seng wis cumawis neng
ngarepmu?”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar