“Rebo Wekasan”
(Sholeh Akrom Kaping 34)
oleh: Sahal Japara
Sholeh: “Iki sasi opo Krom?”
Akrom: “Shofar Leh. Piye?”
Sholeh: “Shofar? Lho, iki malem Rebo ya?”
Akrom: “Iyo, ono opo to Leh?”
Sholeh: “Lho, iki dak Rebo wekasan wong Rebo pendake wis
sasi Maulud.”
Akrom: “Nek Rebo wekasan trus gene to Leh?”
Sholeh: “Mosok awakmu lali? Kae pas ning kelas awak dewe
didundumi lempiran Kyai Mu’adz Thohir saking Simbah Kyai Sahal, isine yo
tentang Rebo wekasan iki.[1]”
Akrom: “Laiya isine opo tooo? Aku kae turu watake.”
Sholeh: “Ngene Krom, ngendikane poro ulama seng
ahli mukasyafah ono ing Rebo wekasan
utowo Rebo terakhir kang ono ing wulan Shofar, iki bala’ seng
akehe 320.000 balak turun ing dino iku.
Kerono ikulah, awak dewe diutus Romo Kyai Sahal saperlu ngelakoni shalat tolak
balak.”
Akrom: “Sholat tolak balak?”
Sholeh: “Iyo krom!”
Akrom: “Piye iku carane?”
Sholeh: “Sholat 4 rekaat diniati daf’ul
balak, saben rong rekaat salam
sepisan. Saben rekaat kudu maos al-fatichah x1, al-kautsar x17, al-ikhlash x5,
al-mu’awwidzatain x1. Lah sak bakdane shalat banjur ndungo:
بسم الله الرحمن الرحيم. اللَّهُمَّ
يَا شَدِيْدَ الْقُوَى وَيَا شَدِيْدَ المِحَالِ، يَا عَزِيْزُ يَا مَنْ ذَلَّتْ لِعِزَّتِكَ
جَمِيْعُ خَلْقِكَ، إِكْفِنِيْ مِنْ شَرِّ جَمِيْعِ خَلْقِكَ يَا مُحْسِنُ يَا مُجْمِلُ
يَا مُتَفَضِّلُ يَا مُنْعِمُ يَا مُتَكَرِّمُ، يَا مَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا أَنْتَ
إِرْحَمْنِيْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ. اللَّهُمَّ بِسِرِّ الْحَسَنِ
وَأَخِيْهِ وَجَدِّهِ وَأَبِيْهِ وَأُمِّهِ وَبَنِيْهِ إِكْفِنِيْ شَرَّ هَذَا الْيَوْمِ
وَمَا يَنْزِلُ فِيْهِ يَا كَافِيَ الْمُهِمَّاتِ يَا دَافِعَ الْبَلِيَّاتِ، فَسَيَكْفِيْكَهُمُ
اللهُ وَهُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ، وَحَسْبُنَا اللهُ وَنِعْمَ الْوَكِيْلُ، وَلَا
حَوْلَ وَلَا قُوَّةَ إِلَّا بِاللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ. وَصَلَّى اللهُ عَلَى
سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ. وَالْحَمْدُ لِلهِ رَبِّ
الْعَالَمِيْنَ.
"Bismillahirrahmanirrahim. Ya Allah, duh Dzat Kang Maha
Kuat duh Dzat Kang Maha Daya, duh Dzat Kang Agung, duh Dzat kang kabeh makhluk
tunduk dumateng keagungan Panjenengan, mugi panjenengan selametke kula saking
ala-alane sedanten makhluk Panjenengan. Duh Dzat Kang Mbagusi, duh Dzat Kang Ngapiki,
duh Dzat Kang Maha Utama, duh Dzat Kang Paring Nikmat, duh Dzat Kang Maha
Mulya, duh Dzat kang mboten wonten pengeran kang haq disembah kejawi
Panjenengan, mugi Panjenengan welasi kula kelawan rahmatipun Panjenengan duh
Dzat Kang Maha Welas-welase wong kang padha welas. Ya Allah, kelawan sirr-ipun
Sayyidina Hasan, Sayyidina Husain, Sayyidina Muhammad, Sayyidina Ali, ugi
Sayyidah Fathimah, mugi Panjenengan selametaken kula saking kealanan-kealanan
dinten niki ugi sedanten kealanan kang turun wonten dinten niki, duh Dzat Kang
Maha Nyukupi Kekarepan, duh Dzat Kang Maha Nulak bebayan. Mangka Gusti Allah
bakal nyelametke ing sira, sakmangka Gusti Allah iku Dzat Kang Maha Midanget
uga Maha Ngudaneni. Lan kacukupan ingsun iku naming Gusti Allah thok, lan Gusti
Allah iku sak bagus-baguse Dzat kang dipasrahi. Ora ana daya lan upaya kejaba
iku kagungane Gusti Allah Kang Maha Luhur uga Maha Agung. Shalawat salam tansah
kinunjuk dumateng Kanjeng Nabi Muhammad. Walhamdu lillahi robbil 'alamin."
Akrom:
“Wektune kapan iku Leh?”
Sholeh:
“Wektune nek seng tinulis sak jeroning
lampiran iku bakda shalat Maghrib.”
Akrom:
“Lha trus kepiye iki sak mongko awak dewe wes klewat wektune?”
Sholeh:
“Yo tetep dilakoni to Krom sam’an wa tho’atan kaleh Romo Kyai. Iki kan
yo iseh Rebo to?”
Akrom:
“Iyo Leh. Eh, tapi aku kok tau kelingan pangendikane Syekh Abdul Qadir Jaelani
intine ngene, awak dewe dipenging nyepetke nikmat ugo dipenging nolak balak.
Tapi coro arabe aku lali.”
Sholeh:
“eeee iku Krom… Iki to maksudmu?
لَا تَخْتَرْ جَلْبَ النَّعْمَاءِ وَلَا دَفْعَ الْبَلْوَى
فَإِنَّ النَّعْمَاءَ وَاصِلَةٌ إِلَيْكَ بِالْقِسْمَةِ اسْتَجْلَبْتَهَا أَمْ لَا،
وَالْبَلْوَى حَالَّةٌ بِكَ فَإِنْ كَرِهْتَهَا فَسَلَّمْ لِلهِ فِي الْكُلِّ يَفْعَلُ
مَا يَشَاءُ[2]
Ojo milih
narik nikmat ugo nolak balak, kerono saktemene nikmat iku tumeko maring siro
kelawan bagian kang kang wus ditetepke cik kepengen mbok cepetke utowo ora,
sedeng balak iku pancen wis manggon nemplek sliramu. Lamun gething siro, mongko
pasrahke wae kabeh dumateng Gusti Allah supoyo Gusti Allah nindaki opo kang
dikersakke.
Akrom:
“Iyo Leh, bener iku. Iku dak Syekh Abdul Qadir ngendiko yen awak dewe gak
pareng nolak balak to kerono balak iku wes pancen manggon netep lan nemplek
awak dewe? Opo sholat tolak balak iku ora bertentangan karo ngendikane beliau
iku?”
Sholeh:
“Hehe nek sekilas disawang pancen bertentangan si Krom. Tapi mbok yoho awakmu
nek moco iku diteruske ben pemahamanmu utoh, ora kapegot-pegot! Pancen bener
awak dewe dipenging Syekh Abdul Qadir saking nolak balak kerono balak iki wes
pancen manggon netep lan nemplek awak dewe, nanging lamun awak dewe ora seneng
ketekan balak kan diutus beliau masrahake sedanten dumateng Gusti Allah badhe
ngersakke nopo mawon sumonggo, فسلّم لله في الكلّ
يفعل ما يشاء. Iki lho maksudku Krom. Anggenmu moco
dipolke. Carane awak dewe masrahke kabeh dumateng Gusti kan yo karo shalat daf’ul
balak iki.”
Akrom:
“Lha tapi iku kan podho wae nolak balak to Leh?”
Sholeh:
“Hehe iyo Krom. Aku paham karepmu. Pancen bener shalat iki tujuane daf’ul
balak, ananging sejatine shalat iki namung wasilah lan perantara
supoyo menungso iki iso masrahke sedanten dumateng Gusti, سلّم لله في الكلّ.
Shalat ikilah seng biso njembatani antarane larangan nolak balak kerono balak
wes pancen nemplek menungso lan perintah masrahke sedoyo ukoro dumateng Gusti. Dadi
koyo-koyo Syekh Abdul Qadir ki ngendikan ngeten: mbok enggo opo leh kuwe nolak
balak barang, wong menungso kawit lahir iku yo ora bakal biso semugih songko
balak? Yo wes ah, nek awakmu gak kuat lan gak seneng ketekan balak, yo pasrahke
wae kabih-kabihe maring Gusti Allah. Dadi intine latihan pasrah Krom!”
Akrom:
“Eeee ngono to Leh? Lha tapi jarene haditse dho’if Leh? Dho’if dak ora keno
dienggo hujjah utowo landasan hukum a?”
Sholeh:
“Hehe wes bola-bali awak dewe ki diterangke guru-guru, awakmu nek endi wae to
Krom? Puancen bener nek hadits dho’if iki ora keno kanggo dasar hukum, tapi
lamun dienggo anjuran lan peringatan (ترغيب - ترهيب)
dak yo gak popo to?”
Akrom:
“Eh iyo Leh. Lagi kelingan aku. Opomaneh iki diutus Kyai dak yo wes
dipertimbangke lan ono landasane yo.”
Sholeh:
“Lhaah.. ngerti ngono kok.. wes ayo ditandangi.”
Akrom: “Siaappp komandan!!!”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar