Selasa, 03 November 2015

Sholeh & Akrom; Ngangsu Banyu Kahuripan Ing Pesantren



Panggonan Metune Kabegjan
(Sholeh & Akrom Kaping 1)

Sholeh: “Krom, awakmu kok bisa dijenengke Akrom iki kenapa? Kok tiru-tiru visi-misine Matholek?”
Akrom: “Lha visi-misine Matholek iku opo e Leh? Kok mbok anggep tiru-tiru?”
Sholeh: “Dak iku a sing ditulis ana ing kubah, tafaqquh fid diin menuju insan sholeh akrom.
Akrom: “Lhah? Kok ana jenengmu barang iku Leh?”
Sholeh: “Hehe lha pancen dilalah tepak e Krom, ya ana awakmu barang.”
Akrom: “He’e hare Leh. Padahal jare Bapak, aku iku dijenengke Akrom amerga Bapak nduwe kanca jenenge Akrom wonge pinter, mbarek ya santun. Lha Bapakku pengen supaya aku dadi koyo koncone Bapak sing jenenge Akrom mau Leh.”
Sholeh: “Oh jebul ngono to Krom asal-usule jenengem!”
Akrom: “Iyo Leh. Lha artine opo nek Akrom sing didadekke visi-misine Matholek kuwi Leh?”
Sholeh: “Akrom iku artine wong sing paling mulyo. Awakmu ngerti sopo iku wong sing paling mulyo?”
Akrom: “Hehe sopo maneh nek ora Akrom Leh?”
Sholeh: “Hehe tapi sayange dudu Akrom awakmu! Iki Akrom-e Matholek Krom. Wong sing paling mulyo iku sing paling iso taqwa, kaya kang didawuhke Gusti Allah:
إِنَّ أَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللهِ أَتْقَىكُمْ[1]
Kang artine: “Saktemene paling mulya-mulyane sira kabeh ing ndalem ngarsane Gusti Allah yaiku wongkang paling taqwa saking sira kabeh.”
Taqwa iki manggone ana ing sak jeroning dada. Sing ngobahke wong supaya tumindak becik, tur njaga wong sangka tumindak ala. Kuncine kabeh kabegjan ya taqwo iki. Kaya sawijining dawuh:
تَقْوَى الْإِلَهِ مَدَارُ كُلِّ سَعَادَةٍ[2]
Kang artine: “Taqwa maring Gusti Allah iku nggon mubenge sekabehane keselametan.”
Dadi wong sing taqwa iki mulya njaba njerone Krom, yo ndunyane yo akhirate. Cik ana wong cik ora, cik nduwe duit cik ora, cik bungah cik susah nde’e tetep taqwa. Akeh-akeh kan ora, koyo aku barang ngene iki, taqwane setengah-setengah.”
Akrom: “Jebul jeru yo Leh artine jenengku?”
Sholeh: “Ya pol jeru, wong iki sing ngerti temenanan namung Gusti Allah blaka. Gusti Allah iku Dzat Kang Maha pirsa. Lha sing paling dipirsani saking kawula yaiku opo sing kesimpen sakjeroning dada Krom!”
Akrom: “Lha nek jenengem Sholeh, sing tiru-tiru visi-misine Matholek iku maksude kepiye?”
Sholeh: “Hehe nek Sholeh-e Matholek, dudu Sholeh aku Krom amerga durung hehe, yaiku wong sing bisa ngamal sholeh, sing gawene nindakke kesaenan neng ngendi wae lan kapan wae, sing bisa ngelakoni perkoro kang akeh gunane kanggo liyane. Wong sholeh sing koyo ngeneiki lah sing dadi kholifatullah ono ing bumi, kerono Pangendikane Gusti Allah bilih bumi iki diwariske kanggo wong-wong sing pantes lan bisa ngopeni.[3]
وَلَقَدْ كَتَبْنَا فِي الزَّبُوْرِ مِنْ بَعْدِ الذِكْرِ أَنَّ الْأَرْضَ يَرِثُهَا عِبَادِيَ الصَّالِحُوْنَ[4]
Kang artine: “Yekti temen-temen wus netepke sinten kita ing dalem Zabur sakbakdane ditulis ing dalem Dzikir (Lauh Mahfudz) saktemene bumi iku diwariske tumeraping kawula-kawula ingkang padha shaleh kabeh.”
Dadi coro gampange, sholeh iki isonan Krom hehe.”
Akrom: “Nek digandeng Sholeh-Akrom, berarti artine wong sing isonan sing migunani marang liyane tur apik akhlake ngono yo Leh?”
Sholeh: “Hehe ngono yo keno Krom. Yo intine, karepe Matholek iku awak dewe sinau neng kene iki ben dadi wong sing sholihun likulli zaman wa makan, yaiku wong sing cocok lan bisa berjuang kapan wae lan ingdalem ngendi wae. Sarate supoyo awak dewe iki bisa cocok kapan wae lan ingdalem ngendi wae, ya kudu aja mandeg-mandeg anggone luru ngelmu, kerana ngelmu iki ibarate koyodene banyu. Dadi soyo akeh banyune yo soyo akeh iwake lan soyo isa nguripi liyane.
Mulane STAIMAFA iku slogane Robbi zidny ‘ilman, iki supaya Sholeh-e Matholek iki bener-bener dadi wong sing dikanggokke masyarakate. Nek wes isa kaya ngeneiki mau kan akhire gathuk lan mathuk karo semboyane Nahdlatul Ulama’ to?
الْمُحَافَظَةُ عَلَى الْقَدِيْمِ الصَّالِحِ وَالْأَخْذُ بِالْجَدِيْدِ الْأَصْلَحِ[5]
Kang artine: “Nguri-nguri perkara disik kang isih apik, lan ngalap perkara anyar kang luwih apik”.
“Dene Akrom-e Matholek iki ruh seng nggerakke Sholeh-e Matholek mau Krom. Dadi bisane Sholeh sing isonan mau supaya tetep oleh ridhane Gusti yo kudu nyekeli Akrom iki. Kudu tetep nganggo taqwa Akhire dadi menungso sing utuh sing diarani insan kamil, Sholeh njabane Akrom njerone.”
Akrom: “Yowes muga-muga awak dewe isa kaya ngono yo Leh. Jare jeneng kan dungo.”
Sholeh: “Ora trimo dunga Krom, luweh sangka dunga. Kerana “jeneng” utawa “nama” iku isa ndadekke wong dadi نمى seng artine mundak-mundak lan melejit, utawa iso ndadekke wong dadi  نام seng artine turu.[6] Jeneng bisa ndadekke wong dadi jumeneng lan merkoleh kabegjan amerga njaga lakune supaya padha karo jenenge, uga bisa ndadekke wong dadi meneng lan merkoleh cilaka amerga rumangsa gedhe karo jengene Krom.”
“Kabeh wong tuwa njenengke anake kanthi suwijineng jeneng ki mesthi nduwe pengarep-arep supaya anake dadi lan cocok karo jenenge, koyotho: ‘Muhammad’ ben nde’e pinuji lan isa niru akhlake Kanjeng Rasul Muhammad SAW, ‘Luthfi’ ben nde’e lembut lan isa niru tindak lampahe Habib Luthfi, ‘Sahal’ ben digampangke lan isa nderekke Mbah Sahal, ‘Muthmainnah’ ben ora gampang galau, ‘Aisyah’ ben isa kaya Sayyidah Aisyah, ‘Sholeh’ lan ‘Akrom’ iki uga ben dadi anak seng sholeh lan mulyo. Saking banget gedhene pengarep-arepe wong tuwa tumeraping anake ki para wong tuwa biyasane padha nyuwun asma marang para Kyai ben apa seng dadi arane ki cocok karo awake.”
“Akeh banget lho koncoku Krom, seng jenenge diparingi poro Kyai seng bener-bener wira’i iku pas lan cocok banget karo karaktere, koyotho: ‘Tajul Arifin’ artine mahkotane wong-wong kang podho arif, lho dilalah bocahe ki puinter cerdas pisan. Ana maneh ‘Mulin Ni’am’ artine bendarane piro-piro kenikmatan, lho dilalahe kerana barokahe Kyai bocahe yo gampang rejekine lan sak pinunggale.[7]
“Lha nek jeneng sing diparingi Kyai sing bener-bener wira’i  wae mandi lan cocok karo bocahe, apamaneh jeneng-jeneng seng diparingi Gusti? apamaneh jeneng-jeneng surat seng kasebat ono sak jeroning al-Quran? Mulane awak ndewe iki kudu ngerti jenenge awak dewe supoyo biso madep mantep lan antep. Ora keno muni: halah Jeneng iku ora ana artine!” Kerono lamun awak ndewe kepengen dibukakke kabeh keapikan ya maca surat al-fatichah kang artine pambuka, lamun pengen diwarahi supaya ikhlas ya maca surat al-ikhlas kang artine kaikhlasan, lamun pengen diparingi perlindungan ya maca al-mu’awwidzatain kang artine surat loro kang nglindungi, lamun pengen ora ketiban penyakit (alam) ya maca alam nasyrah–alam taro, lamun pengen diparingi derajat sing tinggi ya maca al-mulk kang artine keraton, lamun pengen supaya kekarepane awak ndewe keturutan ya maca al-waqi’ah kang artine perkara kang tumiba/terjadi. Dadi kabeh iki ana maksud lan artine, termasuk jenenge awak dewe.”
Akrom: “Masuuuuk akal Leh. Lah nek kepengen kabeh banjur kudu piye?”
Sholeh: “Hehe yo wes iku Quran diwaca kabeh, mbendina dikhatamke. Kerana kabeh iku ana sak jeroning Quran. Siji maneh, awakmu ngerti ora artine ‘Mathali’ul Falah’ jenenge madrasahe dewe sing dijenengke Mbah Mahfudz Salam Abahe Mbah Sahal Mahfudz?[8]
Akrom: “Mbuh yo Leh? Opo e?”
Sholeh: “Mathali’ul Falah iku artine panggonan-panggonan metune kabegjan Krom! Menungsa digawe iki dikon ngibadah, kaya dawuhe Gusti:
وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالْإِنْسَ إِلَّا لِيَعْبُدُوْنِ[9]
Kang artine: “Ora nggawe Ingsun ing jin lan menungsa kejaba supaya padha nyembah ing Ingsun.”
Wong dikon ngibadah supaya deweke bisa taqwa, kaya pangendikane Gusti:
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اعْبُدُوْا رَبَّكُمُ الَّذِيْ خَلَقَكُمْ وَالَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَ[10]
Kang artine: “Hai para menungsa, nyembaha kabeh ing Pengeranmu kang wus nitahake sira kabeh lan wong-wong kang sak durunge sira kabeh supaya padha taqwa sira kabeh.”
Wong dikon taqwa supaya deweke bisa merkoleh kabegjan, kaya firmane Gusti:
وَاتَّقُوا اللهَ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ[11]
Kang artine: “Padha taqwaha sira kabeh ing Allah supaya padha begja sira kabeh.”
Dadi kesimpulane menungsa iki digawe supaya deweke bisa begja lan sukses.”
Akrom: “Oh jebul artine jeru yo Leh. Begja tenan awak dewe isa sekolah ana ing Mathali’ul Falah!”
Sholeh: “Begja kemayangan Krom! Mathali’ul Falah, panggonan metune kabegjan!”


[1] QS al-Hujurat: ayat 13.
[2] Sayyid Bakri al-Makki, Kifayat al-Atqiya’, hlm 7.
[3] Pangendikanipun Simbah KH Ahmad Yasir wonten Mata Kuliah NDSA (Nilai Dasar Shalih Akrom) Tahun 2012.
[4] QS al-Anbiya’: ayat 105.
[5] Punika salah setunggalipun prinsip ingkang dipun damel cecekelan Nahdlatul Ulama’ (NU). Pirsani: Ahmad Muhibbin Zuhri, Pemikiran KH M Hasyim Asy’ari Tentang Ahlussunnah.
[6] KH Ahmad Warson Munawwir, Kamus al-Munawwir, hlm 1466 & 1478
[7] Punika rencang-rencang penulis ingkang asmanipun dipun paringi Simbah KH Abdullah Salam
[8] Pangendikanipun Abah KH Ahmad Nafi’ Abdillah wonten acara peringatan 100 hari wafatipun Simbah KH MA Sahal Mahfudh ingkang dipun selenggaraaken deneng KMF Pati wonten halaman Perguruan Islam Mathali’ul Falah. Abah KH Ahmad Nafi’ Abdillah dhawuh bilih Simbah KH Mahfudz Salam pikantuk asma Mathali’ul Falah punika sakbakdanipun tindak wonten tanah suci.
[9] QS adz-Dzariyat: ayat 56.
[10] QS al-Baqarah: ayat 21.
[11] QS Ali ‘Imran: ayat 200.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar