Selasa, 03 November 2015

Sholeh & Akrom; Ngangsu Banyu Kahuripan Ing Pesantren



“Tahadu Tahabbu”
(Sholeh & Akrom Kaping 19)
 oleh: Sahal Japara

Akrom: Leh, aku dijaluki tulung ken ngajar iki piye leh?
Sholeh: Yo apik to!”
Akrom: Apik si apik, tapi aku durung iso ndak.
Sholeh: Kenopo kok durung iso?
Akrom: Yo disamping aku durung patek iso, aku ora nduwe wektu luang kanggo ngajar e.
Sholeh: Lha ngopo kok ora nduwe wektu luang?
Akrom: Yo wektuku wes banget padete Leh.
Sholeh: “Iku lho deloken wit sawo ngarep ndalemme Mbah Abdullah Salam, nde’e ora tau mandeg nyerot banyu songko tanah, yo mben tahun ora tahu leren le nguwoh.”
Akrom: “Maksude piye Leh?”
Sholeh: “Wit iku makhluk sing ora nduwe akal yo ora iso mlaku nanging iso mbagi wektu kanggo awake dewe lan kanggo liyane, lha awak ndewe seng nduwe akal tur iso mlaku mosok kalah karo wit? Nek awakmu nisbate oyot pijer mligi nyerot banyu terus kanggo awamu sementara ora mbok salurke munggah nek batang yo kuwe ora bakal nguwoh Krom! Lha sak jeroning uwoh iku mau, ono wiji seng iso tukul neng jero bumi seng njogo jenise wit mau supoyo biso lestari, lah ora punah Krom. Mulane, opo sing mbok nduweni kok dibutuhke wong liyo yo diwehke. Jare wong-wong Arab:
تَهَادُوْا تَحَابُّوْا
Kang artine: "Padha anduma sira kabeh, mangka padha tresna sira kabeh."
“Berbagilah dan berbahagialah!” Sopo gelem aweh, insyaAllah bakal sumeh, amergo aweh bakale uwoh.”
Akrom: “Berarti aku kudu ngluwangke wektuku kanggo mulang Leh?”
Sholeh: Yo nek kuwe pengen nduwe jariyah, nisbate wiji seng terus lumaku manak pirang-pirang nek nduwur bumi cik wite wis ora ono wujude. Ngelmu seng manfaat dak klebu jariyah to?
Akrom: Iyo tapi aku durung patek iso e Leh.
Sholeh: “Eh eh, awakmu eling kaidah fiqih al-muta'addi afdholu min al-qashir[1] ora? kepentingane wong akeh iku luwih utomo katimbang kepentingane awak ndewe. Eling opo ora?”
Akrom: “Iyo Leh, iseh eling aku.”
Sholeh: “Lha wong seng ngutamakke al-muta'addi kepentingane wong akeh iku bakale dituntun Gusti merkoleh urip kang jejeg lan gampang. nek coro ngelmu nahwu, fi'il muta'addi iku iso nashobke maf'ul lan nashob biasane ditandani kanti fathah. Awak dewe nek gelem ngelakoni (fi'il) perkoro kang berhubungan karo kepentingane wong akeh (muta'addi) insyaAllah bakal pinaringan gesang jejeg (nashob) istiqomah kanti kabukaking manah (fathah).”
Akrom: Oh ngono yo Leh?
Sholeh: “Iyo Krom! Tahadu tahabbu. Sopo aweh, bakal uwoh. Opomaneh seng mbok awehke iku ngelmumu, jariyahmu Krom!”


[1] Jalaluddin as-Suyuthi, al-Asybah wa an-Nadhair.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar