Selasa, 03 November 2015

Sholeh & Akrom; Ngangsu Banyu Kahuripan Ing Pesantren



“Kulino, Ngilangno Werno-Werno”
(Sholeh & Akrom Kaping 12)
oleh: Sahal Japara

Sholeh: “Susah aku Krom, suwene ditinggal Kang Ridho[1] sakiki adzane telat terus Mushollane.”
Akrom: “Lha marai Kuwe yo gak gelem adzan og Leh.”
Sholeh: “Kuwe dak ngerti dewe a Krom? aku nek adzan iku koyo ngadzani mayit jarene wong-wong, lurus datar tanpa nada. Aku yo ewoh to, daripada wong do komplain, do nggeguyu adzan kan mending aku gak adzan. Mongko padahal adzan jan-jane kan seng apik gak dilagok-lagokke, malah jare mekruh nek lagune nemen, tur yo ora wajib njawabe.”
Akrom: Lho jaremu:
تَرْكُ الْعَمَلِ لِأَجْلِ النَّاسِ شِرْكٌ[2]
Kang artine: "Ninggalke ngamal kerono menungso iku syirik."
Nek koyongono kok ijeh mbok lakoni?"
Sholeh: “Ngene Lho Krom. Kan daripada aku seng adzan lek terus wong do nggeguyu adzan, ono sing rodhok piye barang kan mending aku gak adzan ndisek wong liyane sing luwih iso sing luwih apik yo akeh.
دَرْءُ الْمَفَاسِدِ مُقَدَّمٌ عَلَى جَلْبِ الْمَصَالِحِ[3]
Kang artine: “Nolak mafsadah didisikake ngariake narik mashlahah.”
Kanjeng Nabi yo pernah dawuh:
إِذَا وُسِّدَ الْأَمْرُ لِغَيْرِ أَهْلِهِ فَانْتَظِرِ السَّاعَةَ[4]
Kang artine: “Nalikane sijineng perkara dipasrahke maring wongkang ora ahline, mangka entenana sediluk ngkas kiamat (ajur).”
“Jan-jane yo awakmu iku seng adzan neng musholla on-time nggenteni Kang Ridho. Awakmu kan vokal rebana, suarane kepenak, yo iso adzan koyo adzan Mekkah barang.”
Akrom: “Masalahe ngene Leh, aku nek adzan iku biyasane ora iso nek ora kerono wong. Mesthi sithik akeh ono krenteg, ah aku tak adzan ah ben didungokke cewek-cewek, ben terkenal, ben do ngerti nek aku iki lho Akrom juara adzan, suaraku apik kelik-kelik! Yo aku bingung jan-jane si Leh, nek adzan-e kerono menungso klebu riya', nek ninggal adzan kerono menungso klebu syirik. Terus aku kudu piye iki?”
Sholeh: “Yo wes ayo do diniati ngramekke musholla, ngundang wong ngibadah, aku adzan Isya' kuwe seng adzan Shubuh mergo biyasane seng telat terus wayah iku. Wes gak usah ngurusi omonge kabeh wong mundak gak kober dadi wong.”
Akrom: “Siap Komandan!”
Sholeh: “Masalah riya’, syirik, ‘ujub, sum’ah insyaAllah kabeh iso ilang dewe-dewe angger awak dewe iso ngelakoni kanti istiqomah. Mergo kulino iku iso ngilangno werno-werno, iki lho maksude dawuh:
الْإِسْتِقَامَةُ خَيْرٌ مِنْ أَلْفِ كَرَامَةٍ
Kang artine: "Istiqomah iku luwih apik sangka sewu keramat."
Kulino nek apik, penyakit-penyakit seng ono neng ati do ilang dewe-dewe. Kenopo? Wong seng iso kulino, konsisten, istiqomah, iku gak peduli ape diarani apek ape diarani elek nde'e tetep wae ajeg ngelakoni. Akhire goro-goro kulino, tanpo dinyono-nyono entuk kanugerahan kang werno-werno. Kulino elek yo podho wae ngono, iso ngilangi perkoro-perkoro apik seng ono neng ati, koyo roso isin dsb, Wong kulino korupsi opo nduwe isin? Wes yo mulai sakiki pumpung ijeh enom yo do ngulinakke ngelakoni apik Krom. Mulai songko awake dewe ndisik, gak usah ngurusi wong liyo nek awake durung bener Krom.”
Akrom: Siap Komandan, aku seng Isya wae ya hehehe Subuh tangiku biasane kari e...
Sholeh: Yo wes, malah enak nek adzan Subuh wonge ijeh podho turu, kan ora ono seng ngarani adzan mayyit hehehe...


[1] Rencangipun penulis ingkang biasanipun adzan wonten Musholla PMH Pusat.
[2] Abu Hamid al-Ghazali, Ihya’ Ulum ad-Din.
[3] Jalaluddin as-Suyuthi, al-Asybah wa an-Nadhair.
[4] Syarafuddin an-Nawawi, Riyadh ash-Shalihin.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar