Selasa, 03 November 2015

Sholeh & Akrom; Ngangsu Banyu Kahuripan Ing Pesantren



“Netepi Gurumu, Ora Gurune Kancamu”
(Sholeh & Akrom Kaping 48)
oleh: Sahal Japara

Akrom: “Lho sakiki tak amat-amati kok wis ora tahu poso to Leh?”
Sholeh: “Hehe iyo hare Krom.”
Akrom: “Lha emang kenopo kok wis ora? Padahal rumangsaku sakdurung-sakdurunge awakmu koyo-koyo saben ndino  mempeng poso kok.”
Sholeh: “Hehe..”
Akrom: “Lho kok malah ngguya-ngguyu?”
Sholeh: “Iya wong lucu je.”
Akrom: “Lha kenopo emange?”
Sholeh: “Ya kan batinku pengen lakon-lakon poso ndawud. Nek jare kang-kang sing wis podho lakon-lakon iki, nek arep ndawud kudu poso ndalail[1] setahun ndisik.[2] Trus aku sowan Abah, arep nyuwun pangestu.[3]
Akrom: “Nyuwun pangestu arep nyuwun ijazah saking Mbah Basyir?”    
Sholeh: “Iyaaa.”
Akrom: “Trus ora pareng to?”
Sholeh: “Iyo Krom hehe.”
        Aku kan matur: “Abah, nyuwun izin kaleh pangestu badhe nyuwun ijazah siyam ten nggene Mbah Basyir.”
        Abah: “Poso? Wong kuwe ora poso wae ngantukkan kok malah arep poso? Ora usah poso, poso mbendino dak mekruh a?”
Akrom: “Lhaiya awakmu yo lucu, wong gadah kyai kok malah golek ijazah kyai sanes?”
Sholeh: “Lha aku yo podho wae lagi sadar pas wingi diterangke Abah ngaos Ahad[4]:
فَيَنْبَغِيْ لِكُلِّ مُرِيْدٍ أَنْ يَعْمَلَ بِمُقْتَضَى وَارِدِهِ[5]
“Mangka sayogyo tumeraping saben-saben murid supaya ngamal kelawan patrapane perkara kang lumaku ingndalem awake.”
        “Aku lagi sadar nek adabe wong sing luru ngelmu iku kudu netepi opo kang didhawuhke gurune, ora kang didhawuhke gurune kancane. Kudu ngelakoni ngamal kang diutus gurune, ora ngamal kang diutus gurune kancane. Dadi kerono aku mondok Kajen, yo kudu taat kyaiku. Nek kyai ora pareng poso, yo aku ora oleh mekso. Kerono kyaiku yo gadah landasan dewe. Daripada posone ngganggu sinaune mending ora usah, kerono perkoro sunnah ateges poso ora biso ngalahke perkoro wajib yaiku luru ngelmu.[6] Bedho maneh nek aku mondokku ning jekulo nggene Mbah Basyir, aku yo kudu taat nyendikaake dhawuhe Kyaiku, diutus poso yo aku kudu poso senajan kepekso.”
Akrom: “Aku ndung kelingan pas awak dewe ngaji Bulughul Marom kaleh Mbah Sahal Leh.”
Sholeh: “Kelingan opo Krom?”
Akrom: “Pas iku kan ono hadits:
لَا صَامَ مَنْ صَامَ الْأَبَدَ[7]
“Ora poso wongkang poso nahun”
        “Pas nerangke hadits iki, beliau dhawuh: “Mulane iku wis ora usah poso nahun, ora ono labete.”[8]
Sholeh: “Iyo yo Krom. Pancen awak dewe iki kudu netepi dhawuhe guru lan kyaine awak dewe, ora kok malah netepi dhawuhe gurune wong liyo.”
Akrom: Iya kan dalane dewe-dewe Leh, rombongane dewe-dewe. Awak dewe wis kecatet rombongan Kajen, yo pancen kudu nguri-nguri opo sing didhawuh-ajarke para kyai-kyai Kajen.”


[1] Inggih punika siyam nahun kejawi dinten-dinten ingkang dipun haramke siyam. Ingkang dipun waos biasanipun kitab dalail al-khairat (dalail shalawat), utawi al-Quran (dalalil quran).
[2] Punika inggih tradisi ingkang sampun kelaku kagem sinten kemawon ingkang badhe nyuwun ijazah siyam wonten ngarsa Simbah KH Basyir Jekulo Kudus, bilih sinten kemawon ingkang ngersakke siyam ndawud kedah siyam ndalail rumiyin setahun.
[3] Kedadian punika wekdal penulis taseh kelas 2 Aliyah wonten Perguruan Islam Mathali’ul Falah Tahun 2006.
[4] Wekdal serat punika dipun serat ngaos ahadan ingkang dipun waos Abah KH Ahmad Nafi’ Abdillah inggih punika Kasyifat as-Saja kaliyan Syarh al-Hikam.
[5] Muhammad bin Ibrahim, Syarh al-Hikam, hlm 11.
[6] لايترك الواجب إلا لواجب, pirsani: Jalaluddin as-Suyuthi, al-Asybah wa an-Nadhair.
[7] Ibnu Hajar al-‘Asqallani, Bulugh al-Maram.
[8] Dhawuh punika dipun dhawuhaken Simbah KH MA Sahal Mahfudh wekdal ngaos Bulughul Maram wonten ndalemipun beliau kagem mustakhrijin Tahun 2007.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar