Selasa, 03 November 2015

Sholeh & Akrom; Ngangsu Banyu Kahuripan Ing Pesantren



“Khouf-Roja’”
(Sholeh & Akrom Kaping 6)
oleh: Sahal Japara

Sholeh: “Krom, Kuwe ndek bengi ngaji Abah gak? Ape nembel makno, soale aku ngantuk bangetz e ndek bengi! Lha piye? pembahasane kitabe berat, jajane yo kelas berat, ndung kitabku klalaran gak ono maknane je?”
Akrom: “Wah-wah, kok malah ape nembel makno, wong ngaji wae ora kok!”
Sholeh: “Lho, berarti ndek bengi gak ngaji awakmu? Lha kenopo?”
Akrom: “Ogak e, wes suwi aku gak ngaji, soale mbuh gene aku nek ngaji kitabe Imam Ghazali iku rasane uripku abot kabeh, rumangsaku opo seng tak lakoni salah kabeh.[1] Dadine serba salah, serba susah! Yo paling durung kelase Leh. Wong aku iki ijeh seneng dolanan, kok dikon temenanan nyembah Pengeran, dak angil a?”
Sholeh: “Yo ora ngono a Krom, mosok goro-goro iku gak gelem ngaji? Jaremu:
مَا لَا يُدْرَكُ كُلُّهُ لَا يُتْرَكُ جُلُّهُ
Kang artine: “Perkara kang ora bias ditemu sekabehane, ora kena ditinggal akeh-akehe.”
“Perkoro seng gak iso diperkoleh kabeh, kan yo ojo ditinggalke kabeh! Meski awak ndewe iki durung iso ngelakoni, yo ojo terus gak ngaji. Tetep ngaji, sopo ngerti mbesuk iso ngelakoni.”
Akrom: “Tapi aku uwedi banget nek kepanggeh Abah e Leh, rasane nek kepanggeh iki salahku durokoku do metu kabeh. Wong gupak duso ngene kok awor Abah!”
Sholeh: “Eeee… nek mikirmu ngono terus, kapan dadi wong apik nek kuwe wedi kumpul wong apik? Durung-durung wae wes mbuk su’udzdzonni ndisik, ah nek mengko didudohke salahku kabeh, ah nek mengko aku dibedhek bar ngelakoni iki bar ngelakoni iku. Jenenge Kyai ki gak tau su’udzdzon Leh! Mulane ojo pisan-pisan kuwe su’udzdzon mbek Kyaimu. Wes angger ngaji, mergo husnudzdzon-ne wong seng istiqomah le husnudzdzon iki mandi. Umpomo kuwe dihusnudzdzonni, wah cah iki apik gelem ngaji, ngono iku yo bakale mandi tenan Krom!”
“Nek ngendikane Imam Ghazali ki awak dewe ora oleh mung wedi thok, ora oleh khouf thok ben ora susah kabeh uripe. Yo kudune wedi-mu iki khoufmu iku diimbangi karo arep-arep seng apik, roja’ seng apik ben podo entuke.[2] Kan Kanjeng Rasul SAW diutus ora ming nggawe wedi wong نَذِيْرًا tapi kan yo diutus ken bebungah marang ummate بَشِيْرًا. Yo ibarate ngene, kuwe dak wedi nek kilangan pacarmu a? nek uripmu mbok gawe ngrasakke wedi kilangan pacarmu terus yo jelas susah kabeh! Yo kudu diimbangi karo arep-arep seng apik-apik karo pacarmu, eh mbesuk bakale nikah, bakale sukses cerita cintane. Kan ngono to?. Nek coro konco-koncoku seng kuliah neng jurusan pendidikan, iku ono istilah jenenge analisis SWOT ben opo seng mbok pengeni kelaksanan, analisis kekuatan, kekurangan, peluang, karo ancaman. Lha khouf iku koyo dene ancaman, roja’ koyo dene peluang. Loro karone dienggo sangu ben awak ndewe sopo ngerti iso tutug tekan Pengeran Krom.”
Akrom: “Oooh.. (Mangut2) Yo wes Leh, suk Malem Seloso aku parani ya? tak melu ngaji. Nek ono kancane kan yo gak sek wedi.”
Sholeh: “Siiiipz, ngene yo Akrom tenan!!!”


[1] Nalika tulisan punika dipun serat, ingkang dipun maksud ngaos kitabipun Imam Abu Hamid al-Ghazali inggih Kitab Minhajul ‘Abidin ingkang dipun wucalaken Abah KH Ahmad Nafi’ Abdillah saben dinten Senin malem Selasa.
[2] Abu Hamid al-Ghazali, Minhaj al-‘Abidin, hlm 5.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar