Selasa, 03 November 2015

Sholeh & Akrom; Ngangsu Banyu Kahuripan Ing Pesantren



“Konsekwensi Logis”
(Sholeh & Akrom Kaping 8)
oleh: Sahal Japara

Sholeh: “Krom, awakmu ki ngopo to kawit mau mbetutut ngono?”
Akrom: “Hmmm… Gak popo Leh…”
Sholeh: “Ah tenane? Sajake kawit mau kok mbesengut wae, cerito tah! Aku iki bolomu ora e?”
Akrom: “Gak ono opo-opo kok Leh, yo rodok gak penak wae…”
Sholeh: “Lha gene? Masalah cewek? Iyo tah?”
Akrom: (mbrambang) “Iyo Leh, rasane atiku koyo disunduki! Ora kuat aku Hmhh..  Jare aku iki sopo kok wani-wanine nembak nde’e? Nasab ora nduwe, Pak Mboke yo kere, Mbarek ora, Pinter yo ora… Ora ono seng iso diandalke! Koyo langit mbek bumi jare! Hmmh...”
Sholeh: “Yo wes a Krom, seng sabar! Nek ancen ora jatahmu, berarti kuwe iku dipernahke Gusti bakal diijoli seng luwih apik songko iku. Berarti ken fokus sekolah-e, ngaji-ne seng temenanan. Aku ndisik dak wes muni a, ojo karo cah iku! Abot sanggane! Kabeh pilihan iku mesti ono resikone. Nek ngendikane Yi Husnan winginane pas nerangke Qowaaid Fiqhiyyah:
رِضَا بِالشَّيْئِ رِضَا بِمَا يَتَوَلَّدُ مِنْهُ[1]
Kang artine: "Lila kelawan suwiji-wiji, iku ya lila kelawan perkara kang lahir sangka suwiji-wiji mahu."
“Ridho kelawan siji perkara, nuduhke yen ridho kelawan kabeh konsekwensi kang lahir sangka perkara iku. Nek awakmu wes rela wes ridho milih cah iku, yo kudune rela karo kabeh perkoro seng kiro-kiro bakal terjadi akibat keputusanmu iku. Kudune rela karo kabeh konsekwensi logis seng metu songko pilihanmu iku. Awakmu wes ngerti kan kabeh konsokwensi-ne nek milih cah iku? Iyo! nek sukses, kuwe bakal mulyo-digdoyo! tapi nek gagal? Yo kudu wani disiyo-siyo!”
Akrom: (meneng wae, mbrebes mili)
Sholeh: “Wis a Krom, ojo nanges! Wes tah wes.. kabeh seng nek ndunyo iki mung wasilah.. mung perantara seng numekaake awak ndewe tekan gene siji tujuan. Pungkasane podho! Kabeh seng ono iki mung wasilah Krom! Eling tujuane awak dewe urip ki kon ngopo! Umpomo awak ndewe iki pengen tekan Jakarta, kan iso milih numpak bis, truk, sepur, opo sembarang ndengah seng iso numekaake awak ndewe tekan Jakarta to? Seumpomo awak dewe ki wes milih bis, kari-kari bis-e kok mogok, ban-e mbledos pisan, opo awak dewe ki mung tenguk-tenguk ngono tah? ngenteni bise, ora gelem mlaku? Lha nek wes dienteni wong nek Jakarta banjur kepiye? Nek digudak wektu piye? Kan yo kudu usaha ben tekan tujuan!”
“Nah, mulane perkoro sing sejatine wasilah iku ojo didadeake ghoyah. Perkoro sing asline perantara ki ojo didadeake tujuan utama! Soale nek wes ngono mengko payah! Soale nek bis-e mogok, awak dewe melu mogok! Banjur malah gak tutug-tutug Jakarta selawase. Wes, tah wes… ikhlaske wae, insyaAllah mbesuk bakal diganti seng luwih apik songko iku. Koyodene Sayyidah Ummu Salamah pas kilangan garwane Abu Salamah, bisa ikhlas, banjur akhire malah entuk ijol seng langkung sae, ijole Kanjeng Nabi Krom! Saiki fokus ngaji, fokus sekolah ndisek! Ojo mikir sing durung digawe deneng Pengeran.”
Akrom: “Hmhh… tapi aku gak iso nglaleake e Leh..”
Sholeh: “Waduh, wes angger disibukke karo kegiatan-kegiatan seng manfaati kanggo awakmu mengko dak lali dewe a Krom! koyo cilikane awak dewe kae lho nek pas kudu ngising tenanan lek WC-ne andri uakeh kae. Kan awak dewe nggegem watu ben lali nek kudu ngising! Dadi sakiki, wes Quran iku genggemen terus ben lali nek kuwe bar dilarakke atimu! Nek awakmu mbesengut terus ngene, terus gak sinau wae, berarti awakmu ridho nek gak lulus wong sediluk ngkas ono tes kitab?”
Akrom: “Wah, yo ora ngono to Leh…”
Sholeh: “Laia makane mulai saikiki ndandani kesalahan, supaya bisa merkoleh kesalehan… رِضَا بِالشَّيْئِ رِضَا بِمَا يَتَوَلَّدُ مِنْهُ Eling-eling iku! Kabeh pilihan, mesthi ono konsekwensine Krom!”
Akrom: “Yo Leh, tak jajale… dungakke aku ya… aku tak turu ndisek ben sirahku rodo enteng..”


[1] Jalaluddin as-Suyuthi, al-Asybah wa an-Nadhair, hlm 103.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar