Selasa, 03 November 2015

Sholeh & Akrom; Ngangsu Banyu Kahuripan Ing Pesantren



“Ora Kabeh Telo Dadi Pati”
(Sholeh & Akrom Kaping 32)
oleh: Sahal Japara

Akrom: “Leh, aku gumun wong-wong kafir terutama wong-wong Bani Israel kok iso puinter-puinter yo? Koyo-koyo ndunyo ki dikuasai wong-wong iku. Kemajuan-kemajuan seng ono ing ndalem babakan tekhnologi, kedokteran, ekonomi lan sak pinunggalane yo dikuasai kabeh karo wong-wong seng podho kepet iku.”
Sholeh: “Lha pancen Gusti Allah sampun ndawuhke bilih wong-wong Bani Israil iki pinileh ngelmune ngalahke wong sak ngalam ndunyo:
وَلَقَدِ اخْتَرْنَاهُمْ عَلَى عِلْمٍ عَلَى الْعَالَمِيْنَ[1]
Kang artine: "Lan yekti temen-temen kita wus milih bani israil ing atase ngelmu ngalahake wong alam dunya kabeh."
Akrom: “Ngene Leh ngene, aku tau krungu nek ora salah Imam Syafi’i dawuh ngene:
 شَكَوْتُ إِلَى وَكِيْعٍ بِسُوْءِ حِفْظِيْ :: فَأَرْشَدَنِيْ إِلَى تَرْكِ الْمَعَاصِي
 فَأَخْبَرَنِيْ بِأَنَّ الْعِلْمَ نُوْرٌ :: وَنُوْرُ اللهِ لَايُهْدَى لِلْعَاصِي[2]
Kang artine: "Aku (imam syafii) wadul dumateng Syekh Wakik kelawan alane apalanku :: Mangka Syekh Waki' nuduhke maring ingsun supaya ninggal maksiyat. Lan ngandani bilih saktemene ngelmu iku cahaya :: Lan cahayane Gusti Allah iku ora diparingke maring wong-wong kang padha duraka."
“Bilih Imam Syafii wadul dumateng gurunipun inggih Syekh Waki’ madulke yen apalane kok gampang ilang kengeng nopo? Lha trus dipun jawabi deneng Syekh waki’ bilih ngelmu iku minongko cahoyo lan cahoyone Gusti ora bakal diparingke marang wong-wong seng duroko. Lha trus kepiye iki Leh? Iki dak kontradiksi to? Wong-wong Bani Israil iku dak wes terkenal angase, terkenal durokone karo Gusti kok iseh wae pinileh lan diparingi ngelmu seng ngalahke ngelmune wong sak alam ndunyo ki kepiye? Ngendikane beliau ngelmune Gusti iku ora bakal diparinge maring wongkang duroko, trus piye iki?”
Sholeh: “Hehe awakmu kelingan dungane Nabi Ibrahim nalikane mlebet Kota Bakkah (Mekkah) ora?
وَإِذْ قَالَ إِبْرَاهِيْمُ رَبِّ اجْعَلْ هَذَا بَلَدًا أَمِنًا وَّارْزُقْ أَهْلَهُ مِنَ الثَّمَرَاتِ مَنْ أَمَنَ مِنْهُمْ بِاللهِ وَالْيَوْمِ الْأَخِرِ قَالَ وَمَنْ كَفَرَ فَأُمَتِّعُهُ قَلِيْلاً ثُمَّ أَضْطَرُّهُ إِلَى عَذَابِ النَّارِ وَبِئْسَ الْمَصِيْرُ[3]
Kang artine: "Nalikane Nabi Ibrohim ndungo: Duh Gusti, mugi njenengan ndadosaken negoro Mekkah niki negoro engkang aman lan mugi njenengan maringi rezeki poro warganipun engkang sami iman kaleh Panjenengan lan dinten akhir. Gusti Allah njawab: Wong kafir yo podho wae tak wenehi kenikmatan sediluk (istidraj) nuli tak blosokke neng gone sikso neroko."
"Iki lho Krom, bilih Gusti iki ora pilih-pilih maringi rezeki. semono ugo ngelmu kang minongko rezeki iki Gusti yo ora pilih-pilih. Nah, nek coro aku, syiirane Imam Syafi’i iki seng perlu diperdalam olehe awak dewe mahami. Neng kono, katulis yen ngelmu iku minongko cahoyo. Ngerti kenopo kok ngelmu iku diumpamakke karo cahoyo Krom?”
Akrom: “Iyo kan ngelmu iku biso madangi pikiran seng asale peteng kerono bodho, dak iyo a Leh?”
Sholeh: “Siiipzz Krom… mulane iku didawuhke wong-wong ngalim yen awak dewe iki diutus supoyo manut-nunut poro ulama kerono ulama iku minongko lampu-lampune dunyo lan akhirat.
إِتَّبِعُوا الْعُلَمَاءَ فَإِنَّهُمْ سُرُجُ الدُّنْيَا وَمَصَابِيْحُ الْأَرْضِ
Kang artine: "Padha manuta kabeh maring para ulama. Kerana para ulama iku minangka lampu-lampune dunya lan akhirat."
“Mbalik neng nggene pembahasan. Ngelmu iku minongko cahoyo utowo sinar, saiki opo podho sinare rembulan, sinare srengenge, sinare empluk, sinare lampu lan sinar-sinar liyane? Opoto podho?”
Akrom: “Yo podho to, wong podho-podho ngilangi pepetenge ndunyo kok.”
Sholeh: “Iyo nek masalah iku pancen podho Krom. Mulane redaksine nganggo nakiroh utowo umum العلم نور, kabeh ngelmu iku cahoyo utowo sinar seng ngilangi kebodonan. Cik ngelmune wong islam cik ngelmune wong kafir podho-podho cahoyone, cik sinare rembulan cik sinare srengenge utowo empluk podho-podho iso ngilange pepeteng. Ananging naliko diteruske kalimah sakbakdane yoiku نور الله لايهدى للعاصي saiki kalimah نور seng asale nakiroh ndung dadi makrifat, seng asale ngelmu seng umum nuli dikhususke ngelmune Gusti Allah. Nah, ngelmune Gusti Allah seng iki ora bakal diparingke maring wong-wong seng duroko.”
“Mulane aku muni ora podho antarane sinaring rembulan,  sinaring srengenge, lan sinaring geni. Amergo sinaring rembulan iki rasane adem lan ayem, lha nek srengenge utowo geni kan panas to? Opomaneh sinare empluk, bener nde’e madangi tapi kan ngrusohi, wong temboke podho ireng kabeh, iseh ngono empluk dak yo keno nggo ngobong to?”
Akrom: “Intine wae Leh intine. Iseh rodo bingung aku hehe.”
Sholeh: “Hehe kabeh ngelmu iku podho, cik ngelmune wong kafir cik ngelmune wong islam podho-podho iso madangi. Nanging ngelmu sing saking Gusti Allah,  ateges ngelmune Gusti Allah sing hakiki lho ya, iku ora bakal diparingke maring wong seng duroko. Ngelmune Gusti Allah iku koyodene sinaring rembulan, madangi, ngademke tur ngayemke. Nanging ngelmune wong kafir iku koyodene geni, madangi nanging nggawe panas ugo biso ngobong wong liyo perkoro ngelmune nde’e dienggo ngrusak ndunyo lan ngadudomba wong liyo.”
Akrom: “Oooh ngono to Leh,  rodok faham sithik aku.”
Sholeh: “Hehe yo wes gampangane ngene lah. Telo iku lho telo, ora kabeh telo dadi pati to?”
Akrom: “Iyo, trus?”
Sholeh: “Hehe yo iku mau podho-podho telo nanging ono seng dadi ampas, ono seng dadi larahan, ono seng dadi pati. Seng dadi pati iki ming sithik, ananging gunane kanggo wong liyo masyaAllah banget akehe. Pati iku iso dadi krupuk, iso dadi gethuk, iso dadi roti. Faham maksudku kan?”
Akrom: “Alhamdulillah Leh, nek nyontohke nganggo perkoro seng sering ngerti ngene iki pancen luwih gampang mahamke.”
Sholeh: “Piye jal jelaske maneh.”
Akrom: “Hehe yo intine ora kabeh telo dadi pati.”  


[1] QS ad-Dukhan: ayat 32.
[2] Muhammad Bin Idris asy-Syafi’i, Diwan asy-Syafi’i
[3] QS al-Baqarah: ayat 126.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar