Selasa, 03 November 2015

Sholeh & Akrom; Ngangsu Banyu Kahuripan Ing Pesantren



“Jum’at, Sebtu, Ahad”
(Sholeh & Akrom Kaping 33)
oleh: Sahal Japara

Akrom: “Angger arep natalan kok senengane podho rame debat dewe yo Leh yo?”
Sholeh: “Sopo sing debat?”
Akrom: “Yo wong-wong iku ah, podho debat babakan opoto oleh ngucapke selamat natal maring wong Kristen.”
Sholeh: “Yo wis nek ngono ora usah melu-melu ngucapke, yo ora usah melu-melu debat. Wis meneng wae Krom.”
Akrom: “Jan-jane natal iku dak peringatan lahire Nabi Isa to Leh?”
Sholeh: “Ono sing kondo ngono, tapi jarene yo wis dislewahke. Yo kanggo amane pancen meneng wae, ora usah melu-melu ngucapke tur ora usah melu-melu debat opomaneh ngafir-ngafirke.
الْخُرُوْجُ مِنَ الْخِلَافِ مُسْتَحَبٌّ[1]
Metu saking persulayan iku kesunatan. 
“Seumpomo kok awak dewe pengen hurmat kelahirane Nabi Isa, yo kan iso diungkapke ning njero ati. Seumpomo ucapan natal kanggo wong Kristen iku marai tukaran antarane wong Islam dewe, mending ora usah. Tapi nek ucapan mau malah iso nambah rukun antarane Islam karo wong Kristen tur ora nimbulke perpecahan antarane wong Islam yo ora opo-opo, supoyo NKRI iki aman, tentrem, ayem. Habib Luthfi pernah ndawuhke yen awak dewe kangelan luru dalil sing ngolehke awak dewe ngurmati umat agomo liyo, mongko cukup wae bilih umat agomo liyo iku menungso seng kudune awak dewe hurmati lan tresnani iki seng dienggo dalil.[2] Islam iku rahmatan lil alamin, welas asih tumeraping wong ngalam kabeh. Islam iku nggowo keselametan lan biso nyelametake maring liyan. Iki lho seng kudu awak dewe cekeli. Awakmu ngerti krom, jum’at sebtu ahad iku dino opo?”
Akrom: “Maksude dino opo?”
Sholeh: “Hehe jum’at sebtu ahad iki dino seng disuciake deneng agamane dewe-dewe. Jum’at dino sucine wong Islam, Sebtu wong Yahudi, lan Ahad wong Nashrani. Awakmu ngerti artine jum’at Krom?”
Akrom: “Jum’at? Songko lafadz jama’a yo? Kumpul Leh!”
Sholeh: “Siipz.. Islam iku agomo seng ajarane ngumpulke lan nyampurnakke ajaran-ajaran agomo kang lahir sak durunge, mulane pinaringan dino suci jum’at. Jum’at iki artine kumpul, kumpul tandane rukun, mulane Islam iki agomo seng nggowo keselametan lan kerukunan.”
Akrom: “Lha nek sebtu Leh?”
Sholeh: “Nek sebtu ngendikane Gusti iki didamel kanggo wong-wong seng senengane suloyo, mbedo lan ngrekodoyo supoyo wong-wong podo prenco-prenco, kaya apa sing didawuhke Gusti:
إِنَّمَا جُعِلَ السَّبْتُ عَلَى الَّذِيْنَ اخْتَلَفُوْا فِيْهِ[3]
Anging pesthine dino sabtu iku didadeake kanggo wong-wong kang podho suloyo.
Mulane dino sebtu iki diparingke kanggo wong-wong Yahudi seng senengane mbedo, lan agawe bedo tumeraping wong liyo sahinggo wong podho padu lan suloyo nuli pecah-belah lan prenco-prenco.”
Akrom: “Lha nek dino ahad kepiye Leh?”
Sholeh: “Awakmu ngerti artine ahad opo?”
Akrom: “Siji Leh!”
Sholeh: “Iyo Krom. Siji! Gusti Allah iku siji! Ahad! Mulane ahad iki diparingke kanggo wong-wong Nashrani seng keblinger anggene nyuwijiake Gusti. Ahad iki cedhak hubungane karo jum’at, mergo ahad artine siji, lan jum’at artine kumpul, sak mongko kumpul iku mesthi dadi siji. Sedeng dino sebtu iku misahke antarane jum’at lan ahad Krom. Mulane Gusti Allah dawuh:
لَتَجِدَنَّ أَشَدَّ النَّاسِ عَدَاوَةً لِلَّذِيْنَ أَمَنُوْا الْيَهُوْدَ وَالَّذِيْنَ أَشْرَكُوْا وَلَتَجِدَنَّ أَقْرَبَهُمْ مَوَدَّةً لِلَّذِيْنَ أَمَنُوْا الَّذِيْنَ قَالُوْا إِنَّا نَصَارَى[4]
Yekti bakal nemu sopo siro ing wongkang banget bendune maring wong-wong mukmin yoiku wong-wong yahudi lan wong-wong kang podho nyekuthoake maring Gusti Allah. Lan bakal nemu sopo siro ing wongkang banget cedhak tresnane maring wong-wong mukmin yoiku wong-wong kang podho ngucap: saktemene kito iku wong-wong nashrani.
Akrom: “MasyaAllaah jebul ngono yo Leh? Pancen kabeh perkoro iku ono hikmahe yo Leh?”
Sholeh: “Yo percoyo wae nek Gusti iku nitahke kabeh seng ono ora mung kanggo dolanan, kerono kabeh iki pelajaran lan pituturan kanggo awak dewe.”
Akrom: “Iyo Leh. Islam, selamet lan nyelametake, pasrah lan masrahake, sedeng jum’at iku kumpul lan ngumpulake. Allahumma sholli ‘ala sayyidina Muhammad.
Sholeh: “Allahumma sholi ‘alayh..”


[1] Jalaluddin as-Suyuthi, al-Asybah wa an-Nadhair.
[2] Dhawuh punika dipun serat wonten fanspage resmi Habib Luthfi bin Hasyim bin Ali bin Yahya.
[3] QS an-Nahl: ayat 124.
[4] QS al-Maidah: ayat 82.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar