Selasa, 03 November 2015

Sholeh & Akrom; Ngangsu Banyu Kahuripan Ing Pesantren



“Ngrapalke Apalan”
(Sholeh & Akrom Kaping 4)
oleh: Sahal Japara

Akrom: “Nakirotun Qobilu al… Nakirotun Qobilu al muatstsiroh…[1] Ya Allah uangele leh yo yo.”
Sholeh: “Lho? Durung turu Krom?”
Akrom: “Iyo Leh, uangele sak pore iki lho, wes dikombong gak oleh metu-metu, digundul pisan, weleh-weleh tennan!”
Sholeh: “Hehehe derita lho! Wayah Rejeb wes ape setoran akhir apalan lagi ngapalke. Lha ndisik awal tahun leha-leha keta-kete angger ono cah ngapalke mbok gasaki, lha salah-salahmu dewe to! Hehehe.
Akrom: “Wah, kudu stress tennan aku iki. Malah mbok guyu! Beban mental kabeh! Aku wenehi ijazah tah wacan-wacan opo ngono lho Leh ben gampang ngapalke. Gak mlebu-mlebu iki kawit mau!”
Sholeh: “Hahaha kuwe iku lho lucu, nduweo ijazah sak trek lambene ngasi kapalen le ngrapalke nek gak gelem ngapalke yo gak apal-apal Krom! Mobil iku lho mobil nek kentekkan bensin neng tengah ndalan mbok sholawatiyo peng sejuta yo gak bakalan iso mlaku nek gak mbok tukakke bensin! Tukakke bensin ah carane hehehe.”
Akrom: “Waduh, terus piye aku iki? Mosok tak tinggal apalane? Mengko da’ gak munggah aku?”
Sholeh: “Nek jare kang Taufiq Zubaidi seng saiki neng Sudan: Barangsiapa yang membaca sejarah kehidupan, maka hatinya tidak akan dapat dimasuki keputusasaan selamanya.[2] Delokken gypsum pondok nduwur iku, ndisik asale gak krowok, lha goro-goro banyune bocor meski sitihik terus menerus akhire sakiki krowok. Padahal yo ming banyu, gypsum kuat ajur masamu! Yo ojo putus asa ngono ah. Iseh ono harapan, iseh ono wektu. Sing semangat to ya koyo le semangat ngopi ngono kae lho!”
Akrom: “Tapi aku ngapalke gak mlebu-mlebu e Leh!”
Sholeh: “Nek jare Kang Ali Rifki sing sakiki neng Yaman: Nek arep ngapalke iku kudune cinta ambek seng mbok apalke ndisik, mengko lak gampang![3]
Akrom: “Oh, ngono yo Leh. Lha tapi wektuku wes kari sithik e. Opo aku tak gak mlebu sekolah wae ya? Ben lebar.”
Sholeh: “Eee… kuwe pengen ditokke ko pondok tah kok arep mbolos sekolah? Nek jare Kang Taufik Ismail seng saiki neng Turki: gunakan waktumu secara proporsional agar kamu bisa berdedikasi di semua lini.[4]Sekolahe kecekel, ngapalkene ya kecandak angger kuwe pinter ngatur wektu Krom. Karo siji, nek ape ngapalke, kirim hadiah Fatichah kagem Kanjeng Rasul SAW, para sahabat, para wali, kabeh wong Islam, khususe seng ngarang kitab iku ben entuk barokahe. Bapak Ibukmu yo dikatutake.”
Akrom: “Oooh ngono yo Leh.”
Sholeh: “Iyo, sipppz… pokoke sing semangat.. nek ngapalke sing panteng, penting pantang pontang panting. Yo wis ah aku tak turu ndisik ya? Sukses pokoke!.”
Akrom: “Yo tak jajale… al- fatichah… Nakirotun qobilu al muatstsiroh :: Aw waqi’un mawqi’a ma qod dzukiro…”


[1] Punika salah setunggalipun bait Alfiyyah Ibnu Malik.
[2] Status facebook-ipun Kang Taufiqurrohman Waturoyo ingkang nalika penulis nyerat punika piyambake taseh kuliah S-1 wonten Sudan.
[3] Status facebook-ipun Kang Ali Rifqi Abidin ingkang nalika nyerat punika piyambake taseh mondok wonten Yaman.
[4] Punika pesan Kang Taufik Ismail ingkang kaserat wonten album kenang-kenangan Mutakhorrijin Perguruan Islam Mathali’ul Falah Tahun 2007. Nalika penulis nyerat punika piyambake taseh kuliah S2 wonten Turki.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar