Selasa, 03 November 2015

Sholeh & Akrom; Ngangsu Banyu Kahuripan Ing Pesantren



“Podho Ngobongo, Mongko Gosongo”
(Sholeh & Akrom Kaping 42)
oleh: Sahal Japara

Akrom: “Leh, aku kok rodok kuatir yo...”
Sholeh: “Rodok kuatir piye to Krom?”
Akrom: “Sakiki kan lagi usum-usume panas-panasan antarane pendukunge Jokowi karo pendukunge Prabowo. Kabeh podho ngungkap celane liyan ora karuan.[1] Podho nyebar kampanye gosong.”
Sholeh: “Hehe kok kampanye gosong? Ora kampanye hitam?”
Akrom: “Lhaiya wong kampanyene podho ngobong atine wong banjur podho gosong.”
Sholeh: “Lha trus sing mbok kuatirke iki opo?”
Akrom: “Yo aku miris wae. Calone presiden kan mung loro. Kuatirku nek ono pihak ketiga seng ngadudomba, seng pengen mecah-belah NKRI. Nek bolone Jokowi diserang kampanye gosong, kan mesthi ndarani bolone Prabowo seng ngobong. Semono ugo bolone Prabowo, nek diserang kampanye gosong kan yo ndarani bolone Jokowi seng ngobong. Podho ngobongo, mongko gosongo!”
Sholeh: “Iyo yo Krom. Marai awak dewe iki jare WS Rendra koyodene suket garing, kepletikan geni sethithik wae langsung kobong. Nek suket ijo ngono iseh mending, rodo sabar ora kobongan cik dipancing-pancing.”
Akrom: “Awakmu pernah moco Rumah Kaca-ne Pramoedya[2] Leh?”
Sholeh: “Rumah Kaca? Sing lakone Raden Mas Minke iku ya?”
Akrom: “Iyo... iku kan buku terakhire tetralogi buru-ne Pramoedya. 3 buku awal bener Minke dadi tokoh utama, dadi subyek. Tapi sing terakhir Minke justru dadi obyek. Buku terakhir iku kan antiklimaks to Leh?”
Sholeh: “Eh iyo ding, aku eling Krom... Sing dadi lakon lan subyek malah Jendral Pangemanann iku to? Sing ditugasi piye carane supoyo Minke sing aktifis iku ora kakean polah mbalelo lan mberontak maring pemerintahane Londo. Koyo-koyo Minke dikurung sakjeroning omah koco sing biso diawasi kapan wae. Kapan arep polah biso dislentik supoyo anteng. Akhire mesakke yo Krom. Tokoh sing akeh jasane malah ilang jengene.”
Akrom: “Iyo, iku nandakke beliau ora pengen pencitraan mundak ngelongi ganjaran hehe..”
Sholeh: “Lha trus opo hubungane karo jagongane awak dewe mau?”
Akrom: “Yo sing tak kuatirke, iku anane pihak ketiga seng koyodene Jendral Pengemanann mau, ngileni antarane bolone Jokowi lan bolone Prabowo supoyo podho padu lan cidro. Lha nek wes podho gosongo, pihak ketiga iki ujug-ujug teko sok nyelametke padahal kepengen nguasani, murbowasiso, adigang, adigung lan adiguno. Trus nek coro awakmu, awak dewe iki kudu piye?”
Sholeh: “Yo nek coroku, sakiki iku zamane meneng, neng pondok anteng, ora kakean gremeng, ngaji kumpul kyai ben atine seneng. Ora melu njegur dolanan geni. Suket garing gampang kobong. Tapi nek suket ijo seng teles banyu wudhu, lan kambung gondone wong-wong sholeh iki insyaAllah angel kobonge cik genine gedhe. Nek ono berita sing aneh-aneh, yo kudune pancen ndeloke ngalor-ngidul ngetan-ngulon ben biso njogo lan waspodo endi sing bener endi sing mblinger. Sing penting kesatuan lan persatuan NKRI iki supoyo awak dewe jogo kanti sukmo lan rogo, lan siji maneh, dungo! kerono ndungakke negoro supoyo aman iki ganjarane pool gedhe, wong Nabi Ibrahim pertama kali mlebu Mekkah iki ndungone yo ben supoyo Mekkah aman lan nyaman kagem tedak turune Nabi Ibrahim.”
Akrom: “Iyo yo Leh. Aku ndung kelingan ngendikane Mbah Yasir: nek nabuh kendang iku ngiwo-nengen ben swarane apik.[3]
Sholeh: “Siiip Krom. Ben ono sing ngedem-ngedem wayah ono sing ngobong-ngobong.” 


[1] Kedadian punika wekdal wonten pemilihan presiden 11 Juni 2014.
[2] Pramoedya Ananta Toer, Rumah Kaca.
[3] Pangendikan punika dipun dhawuhaken beliau wekdal ngaos Tafsir Jalalain Tahun 2007.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar